Rio Ferdinand
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Rio Gavin Ferdinand | ||
| Tanggal lair | 7 November 1978 (umur 34) | ||
| Papan lair | Peckham, London, England | ||
| Dhuwur | 1.95 m | ||
| Posisi pamain | Centre back | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Manchester United | ||
| Nomer | 5 | ||
| Karir remaja | |||
| Eltham Town | |||
| 1988–1990 | Millwall[1] | ||
| 1990–1993 | Queens Park Rangers | ||
| 1993–1996 | West Ham United | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 1996–2000 | West Ham United | 127 | (2) |
| 1996 | → Bournemouth (loan) | 10 | (0) |
| 2000–2002 | Leeds United | 54 | (2) |
| 2002– | Manchester United | 239 | (6) |
| Tim nasional‡ | |||
| 1996–1997 | England U18 | 7 | (0) |
| 1997–2000 | England U21 | 5 | (0) |
| 1997– | England | 81 | (3) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 21:12, 8 May 2011 (UTC). † Appearances (Goals). |
|||
Rio Gavin Ferdinand (lair 7 November 1978) inggih menika pemain bal-balan saking Inggris. ferdinand pikantuk posisi minangka bek tengah ing tim Manchester United lan ing tim nasional Liga Inggis. Ferdinand sampun main tumrap tim nasional cacah 81 lan 3 ing skuad Piala Dunia.[2] Ferdinand dados wakil kapten tim nasional Inggris, lan misuwur amargi posturipun ingkang inggil lan kiyat.[3] Ferdinand miwiti karier ing tim junior West Ham United.[2] Ing tim menika Ferdinand saged main kanthi sae lan miwiti debut profesional Liga Inggris ing taun 1996.[2] Ferdinand miwiti karier internasionalipun nalika Inggris mungsuh Kamerun ing taun 1997.[2] Sasampunipun main ing klub West Ham, Ferdinand pindah main dhateng klub Leeds United. Nalika semanten Rio dipunsade kanthi regi 18 juta Euro, lan dados regi paling awis ing tim Leeds United taun 1998. Taun 2002, Ferdinand pindah dhateng klub Manchester United kanthi regi 30 juta Euro, lan saged mecahaken rekor transfer paling awis ing Liga Inggris, lan kaserat minangka bek paling awis sadonya.[3] Ing taun pertama, Ferdinand kasil nyumbangaken gelar Liga Inggris lan dados gelar ingkang sepisan minangka pemain bal.[3] Ing taun 2006-2007 Ferdinand sukses damel Manchester United angsal gelar ganda inggih menika gelar Liga Inggris lan Liga Champions.[3] Ferdinand kagungan kalih putra ingkang asmanipun Tate lan Lorenz, saking garwa ingkang asmanipun Rebecca Ellison.[3] Rio Ferdinand kawentar minangka tiyang ingkang sae ing kulawarganipun.[3] Ing semifinal FA Cup 2011, Ferdinand nyetir mobil piyambakan saking London dhateng Manchester supados saged ngancani garwanipun ingkang nalika semanten badhe nglairaken. Ferdinand nggadhahi rayi ingkang ugi dados pemain bal, Anton Ferdinand.[3]
Cathetan Suku [sunting]
- ^ David Pleat. "Chelsea ban scandal: The secrets of the sting", London: Mail Online, 2009-05-09. diaksès tanggal 2010-04-19.
- ^ a b c d (en)Rio Ferdinand Profile, Statistics, News, Game Log dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
- ^ a b c d e f g (id)Rio Ferdinand dipunundhuh tanggal 6 Juli 2011)
|
|||||
Pranala Njawi [sunting]
(id)Rio Ferdinand