Didier Drogba
| Informasi pribadi | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng pepak | Didier Yves Drogba Tébily | ||
| Tanggal lair | 11 Maret 1978 (umur 34) | ||
| Papan lair | Abidjan, Côte d'Ivoire | ||
| Dhuwur | 1.89 m (6 ft 2 in)[1][2] | ||
| Posisi pamain | Striker | ||
| Informasi klub | |||
| Klub saiki | Chelsea | ||
| Nomer | 11 | ||
| Karir remaja | |||
| 1996–1997 | Levallois | ||
| 1997–1998 | Le Mans | ||
| Karir senior* | |||
| Taun | Tim | Apps† | (Gls)† |
| 1998–2002 | Le Mans | 64 | (12) |
| 2002–2003 | Guingamp | 45 | (20) |
| 2003–2004 | Marseille | 35 | (19) |
| 2004– | Chelsea | 202 | (95) |
| Tim nasional‡ | |||
| 2002– | Côte d'Ivoire | 75 | (50) |
| * Senior club appearances and goals counted for the domestic league only and correct as of 17:16, 6 June 2011 (UTC). † Appearances (Goals). |
|||
Didier Yves Drogba Tébily (lair ing Abidjan, 11 Maret 1978; umur 34 taun) kuwi pemain bal-balan saka Pantai Gading, saiki kagabung ana ing tim Chelsea F.C..[3]. Dhuwurè 189 cm, Drogba uga pemenang African Player of the Year award[3].
Bab lan Paragraf |
[sunting] Rikala cilik
Didier Drogba lair ing Abidjan , Pantai Gading. Nalika umur limang taun, dhewekè dikirim wong tuwanè ing Prancis supaya dhewekè manggon karo bapak cilikè, Michel Goba, pemain bal-balan profesional[4]. Nanging mung telung taun, Drogba bali menyang omahè ibunè. Wong tuwanè kelangan pakaryan banjur Drogba melu bapakè cilik maneh. Taun 1993 Drogba melu wong tuwanè maneh[4]. Saka kuwi Drogba mulai asring dolanan bal-balan karo kanca-kancanè[4]. Drogba mulai karierè dadi pemain yunior ing klub semi-profesional Levallois, dhewekè oleh reputasi pencetak gol paling produktif[4].
[sunting] Karir Klub
[sunting] Le Mans (1997-2002)
Nalika Drogba rampung sekolah, dhewekè pindhah kutha lan kuliyah ing jurusan akutansi lan dhewekè uga naglih ing klub Le Mans[5]. Nanging sakwisè rong taun Drogba ngalami cedera[5]. Mantan pelatih Marc Le Mans Westerloppe banjur ngomong yen Drogba butuh patang taun leren supaya bisa saben dina latian lan saben minggu maen. Ing umur 21 taun, Drogba sadar yen dhewekè kudu serius dadi pemain bal-balan profesional[5]. Dhewekè gawe debut pertama kanggo Le Mans lan banjur nandhatangani kontrak profesional taun 1999. Dhewekè mulai serius sakwise duwe bojo Mali lan duwe anak Ishak. Dhewekè mulai nduweni rasa tanggung jawab sakwise duwe anak.
[sunting] Guingamp (2002–2003)
Drogba ninggalakè lan mlebu Guingamp kanthi biaya £ 80.000[6].
[sunting] Marseille (2003-2004)
Marseille sing dimanajeri Alain Perrin ditandatangani Drogba sakwise saka Guingamp[7]. .
[sunting] Chelsea (2004-saiki)
Drogba mlebu Chelsea taun 2004 kanthi bayaran £ 24 yuta lan tetep maen kanggo Chelsea nganti saiki[3].
[sunting] Prestasi
[sunting] Chelsea
- Liga Primer Inggris: 2004–05, 2005–06, 2009–10
- Piala Liga Inggris: 2004–05, 2006–07
- Piala FA: 2006–07, 2008–09, 2009–10
- Community Shield: 2005, 2009
[sunting] Individual
- Onze d'Or: 2004
- Top skor Piala UEFA: 2004
- Ligue 1 Goal of the Year: 2004
- Ligue 1 Team of the Year: 2004
- Pemain Paling Apik Ligue 1: 2004
- Pemain Paling Apik Gading: 2006, 2007
- African Footballer of the Year: 2006, 2009
- Chelsea Players' Player of the Year: 2007
- Sepatu Emas Liga Primer: 2007, 2010
- PFA Team of the Year: 2007, 2010
- UEFA Team of the Year: 2007
- European Sports Magazines Team of the Year: 2007
- FIFPro World XI: 2007
- BBC African Footballer of the Year: 2009
- West African Footballer of the Year: 2010
- Chelsea Player of the Year: 2010
- Time Top 100: 2010
- Top skor Timnas Pantai Gading sajroning jaman
[sunting] Pranala jaba
[sunting] Cathetan suku
- ↑ Chelsea profile. Chelsea. URL diaksès tanggal 21 February 2011
- ↑ Premier League Player Profile. Premier League. URL diaksès tanggal 29 April 2011
- ↑ a b c www.chelseafc.com
- ↑ a b c d www.didierdrogba.com
- ↑ a b c uk.eurosport.yahoo.com
- ↑ www.amazon.com
- ↑ www.masteragen.com
|
|||||||
|
|||||