Seni tatah sungging

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
wayang kulit

Kagunan Tatah Sungging inggih punika kagunan ingkang kadadosan saking kagunan tatah lan sungging.[1] Kagunan tatah punika wonten gayutanipun kaliyan damel tiron utawi stilasi kados ta godhong, kembang, woh-wohan, lan sapanunggalanipun.[1] Déné, sungging inggih bab kagunan ingkang gayutanipun kaliyan maringi werni ing pola. Manawi kekalih kagunan kala wau dipundadosaken satunggal dados kagunan tatah sungging.[1]

Pitedah[besut | besut sumber]

Kagunan Kriya nusantara gadhah manéka warni budaya lan manéka warni jinis kerajinan tangan laladan, salah satunggilipun inggih kagunan tatah sungging ingkang misuwur ing Jawa Tengah lan Daerah Istimewa Yogyakarta.[2] Industri kerajinan ing Ngayogyakarta ngginakaken kulit dados salah satunggaling médhia kreatif.[2] Déné produk ingkang dipunasilaken saking kagunan tatah sungging punia kados ta, miniatur wayang, rerenggan témbok, tepas, kap lampu, kap lilin, maskot, tandha wates buku, kaligrafi, pigura, saha manéka warni jinis souvenir sanèsipun.[2]

Piranti-piranti ingkang dipunbetahaken[besut | besut sumber]

Salebetipun kagunan tatah sungging punika tamtu betahaken manéka warni piranti. Piranti-piranti ingkang dipunbetahaken wonten ing kagunan tatah kados ta; pandukan, gandhèn, tindhih, malam, tatah, lan ungkal.[1] Déné piranti ingkang dipun-ginakaken kanggé nyungging inggih awujud palèt mangkok, kuas, pen, amplas, tuwin watu apung.[1]

  • Tatah

Jinis tatah ingkang dipun-ginakaken ing kagunan kriya punika inggih tatah tembus kanthi prinsip selang-seling kados teknik nganyam.[2] Rerangkèning tatahan mujudaken komposisi ingkang éndah lan harmonis. Maneka warna jinis tatah ingkang dipun-ginakaken inggih kados makaten:[2]

  1. Tatah penguku, wujudipun kados nyari manungsa, kanggé damel motif separo bunderan.
  2. Tatah pemilah, wujudipun kados tatah padatanipun. Pucukipun rata lan jejeg, gunanipun kanggé damel motif garis.
  3. Tatah bubukan, wujudipun mlengkung sepalih bunderan ing pucukipun. Gunanipun kanggé damel motif bubukan.
  4. Tatah corekan, wujudipun lancip kados dom, kanggé damel garis utawi guratan ing kulit.
  5. Tatah delingan, wujudipun kados tatah pemilah nanging pucukipun miring. Gunanipun kanggé ngrapèkaken tatahan.
  • Pandhuk saha Gandhen

Pandhuk inggih kayu kanggé landhesan ingkang dipundamel saking kayu sawo, ingkang dipun-ginakaken nalika natah. Gandhen inggih piranti kanggé nuthuki tatah, wujudipun kados martil. Gandhen punika wonten manéka warna jinisipun, lan padatanipun dipundamel saking kayu sonokeling utawi sonokembang.

  • Tindhih

Tindhih dipundamel saking wesi, kuningan, perunggu, utawi logam sanèsipun ingkang ginanipun inggih kanggé damel awrat supados kulit nèmplèk ing pandhuk nalika dipuntatah.

  • Kuas saha Pen kodok

Bahan-bahan ingkang dipun-ginakaken[besut | besut sumber]

Kagunan tatah sungging betahaken bahan baku ugi.[1] Bahan baku kanggé praktek kagunan tatah saged dipunbedakaken dados kalih werni.[1] Bahan kanggé damel sungging punika saged saking karton manawi taksih gladhèn utawi saged ngginakaken lulang kéwan wonten ing tahap salajengipun.[1] Lulang kéwan ingkang saé kanggé kagunan tatah sungging kados ta lulang wedhus kanggé rerenggan, lulang lembu kanggé rerenggan lan wayang, sarta lulang kebo kanggé wayang.[1] Déné bahan kanggé nyungging wujudipun inggih punika ancur/lem tuwin pewarna/sumba.[1]
Manawi nembé sepisanan gladhèn natah sungging saged migunakaken bahan karton.[1]

  • Wedhus utawi menda

Kulit wedhus utawi menda punika kalebet jinis bahan baku ingkang paling kathah dipun-ginakaken amargi bahanipun gampil saha kulit wedhus punika gadhah motif alami ingkang saé saéngga saged langkung gampil dipungathukaken kaliyan motif sungging. Kulit wedhus ugi saged langsung dipun-ginakaken tanpa prelu dipunolah rumiyin.

  • Sapi

Kulit sapi kedah dipunolah rumiyin sadèrèngipun dipun-ginakaken. Prosesipun dipunwiwiti saking nyamaki wulunipun, ngerok wulunipun, saha kedah dipuntipisaken miturut kandelipun bahan ingkang pas. Kulit sapi ugi boten gampil dipunwujud amargi sipatipun kulit ingkang kaku lan gampil mlengkung ing kaanan benter, nanging gampil logro ing kaanan lembab.

  • Kulit Kebo

Kulit kebo inggih jinis kulit ingkang paling saé dipun-ginakaken ing indhustri krajinan tatah sungging ing antawisipun jinis kulit sanèsipun. Kaluwihanipun kulit kebo punika inggih gadhah jaringan serat ingkang langkung kiyat, tahan serutan, saha produk asilipun langkung tahan dangu. Wujudipun kulit boten gampil éwah saha boten gumantung kaanan kados kulit sapi.

tuladhanipun kagunan tatah sungging

Prosès damelipun[besut | besut sumber]

Kawitanipun damel pola, tuladhanipun stilasi ron lan sekar.[1] Damel pola utawi design punika kedah saé amargi samangké taksih wonten gayutanipun kaliyan asil ingkang dipunkajengaken.[1] Cekakipun, manawi polanipun boten saé boten badhé asilipun samangké dados saé.[1]
Manawi polanipun sampun dados, lajeng saged dipunwiwiti kanggé natah.[1] Kawitanipun natah alon-alon mawon. Manawi sampun kulina samangké badhé lancar piyambak.[1] Manawi sampun rampung anggènipun natah lajeng dipunparingi warna utawi sumba.[1] Manawi langkung dipunjlèntrèhaken malih, bilih tahap-tahap ingkang kedah dipuntindakaken kanggé ngasilaken produk tatah sungging inggih kados makaten.[2]

  1. Ndasari, inggih punika prosès paring warna dhasar kanthi tipis lan rata wonten ing kulit. Werna dhasar ingkang padatanipun dipun-ginakaken inggih kuning. Gunanipun inggih kanggé nutup pori-pori kulit supados rata lan dados dhasar warna salajengipun.
  2. Nyorèk, inggih punika prosès damel sketsa.
  3. Anggebing, inggih punika prosès natah pinggiring sketsa saéngga katingal wujud dhasaripun.
  4. Nggempur, inggih punika prosès ngalusaken tatahan dhasar saha damel kombinasi ingkang saé.
  5. Mbedhah, inggih punika prosès natah pérangan pasuryanipun tokoh ing tatah sungging ringgit wacucal. Prosès punika wigati sanget amargi ingkang nemtokaken karakter wayang ingkang dipunasilaken.
  6. Marnai, inggih prosès paring warna ing asiling tatahan. Déné sapérangan prosès marnai punika inggih dipunsebat kados jinising warna ingkang dipun-ginakaken, kados ta: prosès nyemeng, mrada, mepesi, njambon, njené, ngijem nèm, mbiru, njingga, saha nyepuhi.
  7. Isèn-isèn, inggih punika prosès paring varisi isènan ing babagan ingkang sampun dipunsungging.
  8. Ngendus, inggih punika prosès nglapisi produk tatah sungging kanthi bahan ingkang saged damel kulit langkung kiyat, katingal meling, lan awèt.

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e f g h i j k l m n o p q Sujatno, Wasana, dkk. (2005). Wursita Basa 6: Kangge kelas 6 SD/MI. Klaten:CV Rizqi Mandiri.
  2. a b c d e f [1](dipunundhuh tanggal 25 Novèmber 2012)