Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo
Maridjan Kartosuwirjo.jpg
Pulitikus
Rerincèn dhiri
Lair Indonésia Blora, Jawa Tengah,Indonésia
Pati Juli 1, 1962(1962-07-01) (umur 57)
Indonésia Jawa tengah,Indonésia
Agama Islam

Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo (lair ing Cepu, Jawa Tengah, 7 Januari 1905 – pati 5 Sèptèmber 1962 ing umur 57 taun) utawa luwih kawentar kanthi jeneng Kartosoewirjo ya iku téoritisi lan pulitikus (PSII lan Masyumi Majelis Syuro Muslimin Indonésia), jaman taun 1920-an-pertengahan 1940-an), wartawan, lan imam gerilyawan DI TII.

Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo sosok kang gigih sajeroning dalam ngusahakaé supaya Indonésia dadi nagara Islam utawa nagara non-sekulér. Mataun-taun Kartosoewirjo lan para prajurit geril berjuang saka owahan kang misuwur kanthi jeneng DI/TII. Gerakan kang dianggep pambrontak déning pamarintah Soekarno iki nyatané cukup angél dibrantas.[1]

Kartosoewirjo iku tokoh gerilyawan legendaris. Welasan taun Kartosoewirjo lan pendhereke survive gerilya ing alas-alas pagunungan Jawa Kulon. Sanajan nandhang lara, nanging tetep nglakoni gerilya.

Lair[besut | besut sumber]

Kartosoewirjo lair 7 Januari 1907 ing Cepu, Jawa Tengah. Dhewéké dudu saka kulawarga santri, nanging kulawarga abangan utawa priyayi.

Kutha Cepu dadi panggonan budaya Jawa pérangan watan lan tengah ketemu sajeroning sawijining garis budaya kang unik. Bapaké, kang jenengé Kartosoewirjo, nyambut gawé dadi mantri ing kantor kang ngatur tukang adol candu ing kutha Pamotan, cedhak Rembang. Nalika iku mantri candu sederajat karo kalungguhan Sekretaris Distrik. Ing posisi iki, bapaké Kartosoewirjo duwé kalungguhan kang cukup wigati, nggawé prabawa kang gedhé marah dumadiné garis sajarah anaké.[2]

Nasab[besut | besut sumber]

Dhèwèké ana trah saka Arya Jipang, putuné Radèn Patah saka kraton Hindhu Majapahit.

Pendhidhikan[besut | besut sumber]

Umur 6 taun dhèwèké mlebu SR (Sekolah Rakyat), sekolah mirunggan kanggo pribumi ing Pamotan. Kartosoewirjo sekolah mung tekan kelas IV, amarga banjur pindhah marang HIS (Hollandsch-Inlandsche School). Taun 1919 wong tuwané pindhah menyang Bojonegoro, mula Kartosoewirjo uga pindhah sekolah ing ELS (Europeesche Leger School). Nalika ing Bojonegoro dhèwèké sinau Islam marang Notodihardjo.[3]

Sawisé lulus ELS (1923) Kartosoewirjo mlebu Sekolah Kedhokteran NIAS (Nederlandsche Indische Artsen School). Pendhidhikane ing NIAS ora rampung amarga drop out amarga nyimpen buku Marxis-Kuminis, 1927. Nalika iku (1926-1927) pamaréntah kolonial Walanda lagi gencar-gencarnya mburu wong-wong kuminis kang dianggep mèlu sajeroning pamberontakan PKI.

Interaksi pamikiran Kartosoewirjo paling intensif ing kadadéan mangsa sinau Islam saka Ajengan Ardiwisastra ing Malangbong (Tasikmalaya, Jawa Kulon).[3]

Organisasi[besut | besut sumber]

Dipilih déning tokoh Sarekat Islam, Oemar Said Tjokroaminoto kanggo dadi sekretaris pribadine. Sajeroning hubungane karo Tjokroaminoto, Kartosoewirjo akèh nyinaoni babagan Islam, métodhe organisasi, komunikasi karo massa lan yasa kakuwatan umat. Lan ing jaman iki, Kartosoe-wirjo wiwit duwé pepengin laire Nagara Islam lan masarakat Islam ideal ing Indonésia.

Ing omahé Tjokroaminoto (Cimahi, Bandung) kanggo kaping kapisanan Kartosoewirjo ketemu karo Soekarno kang nalika iku wis dadi ketua PNI.[3]

Umur 20 taun (1927), Kartosoewirjo dadi wartawan ariwarta Fadjar Asia wiwit saka ngisor dadi korektor lan reporter. Ing ing sajeroning wektu 16 wulan dhèwèké diangkat dadi wakil pemimpin redaksi lan kuwasa usaha.

Gagasan-gagasan Kartosoewirjo wiwit ketok sajeroning artikel-artikel Fadjar Asia mau. Dhèwèké nentang para bangsawan Jawa (kaum priyayi) kang nyambut gawé bareng pamrintah Walanda. Pembelaane marang kaum cilik, tani kecil lan buruh-buruh uga ana.

Kunci supaya paham karo Kartosoewirjo ya iku "pulitik ijrah". Sajeroning tradisi Parté Syarikat Islam Indonésia (PSII), parté kang tau dipanggedhèni Kartosoewirjo, pulitik ijrah ya iku ngilangake struktur kolonial. Garis pulitik iki kaping kapisanan dirumusake nalika kongres kapisan PSII, taun 1923-1924.[4]

Pulitik ijrah kang non-kooperatif naté marakake menimbulkan konflik serius ing PSII: antarané kubu Kartosoewirjo-Abikoesno lan kubu Mohammad Roem-Agus Salim. Abikoesno Tjokrosoejoso kang dadi Ketua Dewan Ek-sekutif tetep karo prisip karo sikup non-koope-rasi saetara Dewan Parté kang dipanggedhèni Agus Salim milih sikap kebuka kanggo makarya bareng penguasa Walanda. Salim dan Roem kuwatir manawa pulitik non-kooperasi diterusake, PSII bakal nandang rugi ing forum pulitik. Sajeroning pandangan Roem-Agus Salim, pulitik non-kooperasi bakal ngrugikake rakyat, amarga parté ora gelem manèh makili kepentingan rak-yat, nanging mung kanggo kepentingan parté.[4]

Taun 1935 Abikoesno lan Kartosoewirjo menehake kalungguhan ing PSII kanggo mènèhi kalodhangan marang Agus Salim kanggo nglaksanakake referendum sikap non-koo-perasi parté. Nanging, arus utama ing awak parté justru luwih condong marang Abikoesno-Kartosoewijo. Kebukti nalika Konggrès PSII, Juli 1936, dhèwèké kepilih manèh dadi ketua lan wakil parté. Ing kongres iki Abikoesno menenhi kalodhangan marang Kartosoewirjo kanggo njelasake kanthi rinci konsèp pulitik ijrah parté. Kartosoewirjo banjur njelasake pemikiranne sajeroning brosur 2 jilid.[4]

Sajeroning brosur iku pamikir Kartosoewirjo sansaya mateng lan nemu orisinalitase. Pilihan-pilihan kang dilakokake Kartosoewiijo nalika jaman-jaman PSII iki ngetokaké preferensi lan minate kang bakal dadi kasunyatan kanthi proklamasi Nagara Islam Indonésia.[4]

Proklamasi NII[besut | besut sumber]

Akhire Kartosoewirjo uga ketok banget konsistén ing pandelengane Abikoesno kang nganggep pulitik ijrah punjul taktik perjuangan ketimbang prinsip utawa ideologi parté. Nalika dhèwèké nggabung sajeroning Gabungan Pulitik lndonesia (GAPI), Kartosoewirjo nentang. Tuntutan GAPI, ya iku diwangun parlemèn Indonésia, anggepane Kartosoewirjo ya iku sikap kooperasi kanthi corak liya. Kartosoewirjo konsisten tetep tahan marang pulitik hijrahe.[4]

Kartosoewirjo banjur dipecat saka parté. Banjur dhèwèké ngawe Komite Pembela Kebenaran (KPK) PSII. Kanthi nganggo Anggaran Dasar PSII, dhèwèké nganggep KPK PSlI dadi siji-sijiné PSII kang bener. Dhèwèké banjur uga minangka "Institut Shuffah" kanggo antisipasi kanthi ndhidhik kader-kader nom. Kader ora mung diwulang babagan agama lan pulitik, nanging uga dhasar militèr.Nalika Nagara Islam Indonésia diproklamasikake taun 1948 lan Wadya lslam Indonésia diwangun, anggota Wadya Islam Indonésia akèh saka lembaga ini.[4]

Kartosoewirjo lan kader-kadere asring nulak apa waé perjanjian antarané pihak Indonésia lan pihak Walanda ing jaman révolusi fisik. Keyakinane kanggo nindakaké jihad marang Walanda, pilihan kang nggawa dhèwèké meh 15 taun ana ing pelosok hutan lan gunung.[4]

Tilar donya[besut | besut sumber]

ditangkepe Kartosuwiryo

Kartosoewirjo ketangkep tanggal 4 Juni 1962 ing sawijining gubuk ing hutan Gunung Rakutak kan peteng. Dhèwèké dihukum mati déning pamarintah Indonésia ing wulan September 1962.[4][5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. Kartosuwirjo Biografi Singkat (diaksés tanggal 18 September 2011)
  2. [1] Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo (diaksés tanggal 18 September 2011)
  3. a b c Menimbang Ketokohan Kartosuwirjo dan Pemikiran POlitiknya Sekarmadji Maridjan Kartosoewirjo (diaksés tanggal 18 September 2011)
  4. a b c d e f g h Sejarah(diaksés tanggal 18 September 2011)
  5. Detik-detik Terakhir Kartosuwirjo