Pondhok Modhèren Darussalam Gontor
Pondhok Modhèren Darussalam Gontor | |
---|---|
Diadegaké | 10 April 1926 |
Jenis | Pesantren |
Afiliasi | Islam |
kang ngadegaké | KH Ahmad Sahal KH Zainuddin Fananie KH Imam Zarkasy |
Lokasi | Kabupatèn Panaraga, Jawa Wétan |
Situs web | www.gontor.ac.id |
Pondhok Modèren Darussalam Gontor (PMDG) ya iku pondhok pesantrèn kang ana ing Kabupatèn Panaraga, Jawa Wétan. Pondhok iki nggunakaké kurikulum Kulliyatul Mu'allimin Al-Islamiyah utawa KMI.
Sajarah
[besut | besut sumber]Pondhok Gontor ngadeg tanggal 10 April 1926 ing Ponorogo, Jawa Wétan, Indonésia. Pondhok iki diyasa déning putrané Kiyai Santoso Anom Besari, ya iku KH Ahmad Sahal, KH Zainuddin Fananie, lan KH Imam Zarkasy kang ditepungi kanthi Trimurti.
Jaman biyèn pesantrèn mung dianggep papan kang isiné santri sing ora ngerti modernisasi, santri kang ora bisa ngèlmu-ngèlmu umum lan para santri mung dianggep ngerti bab agama. Banjur Trimurti nggawé tatanan kang anyar lan nggawé Pondhok Gontor kang tetep nggunakaké tradhisi pesantrèn salaf lan ngganti metodhe pasinaon kang nggunakaké sistem watonan (bebarengan) lan sorogan (dhéwé) diganti karo sistem klasik kaya sekolah umum. Nalika ngadeg pisanan Pondhok Gontor mung duwé Tarbiyatul Atfhfal (kaya TK) banjur ana Kulliyatul Mu'alimin Al-Islamiah (KMI) kang padha karo lulusan sekolah menengah. Nalika taun 1963 Pondhok Gontor ngedegaké Institut Studi Islam Darussalam (ISID).
Pondhok Gontor diurus déning Badan Wakaf kang isiné wong-wong lulusan saka alumni Pimpinan Pondhok (Kyai) kaya ta KH Hasan Abdullah Sahal (Putra KH Ahmad Sahal). Dr. KH Abdullah Syukri Zarkasy (putra KH Imam Zarkasy) lan KH Syamsul Hadi Abdan,S.Ag. Kang dadi pengurus pondhok iki turun temurun, nerusaké carané Trimurti.
Nalika kedadéan ing Mediun taun 1948, Muso nguwasani tlatah Karesidhènan Madiun (Mediun, Ponorogo, Magetan, Pacitan lan Ngawi) lan matèni wong-wong kang dadi tetungguling agama, nalika iku TNI dikuwasani PKI, Pesantrèn Gontor prèi lan padha ndhelik saka bala tentarané Muso. KH Ahmad Sahal(alm) slamet nalika ndhelik ing Guwa ing pagunungan tlatah Mlarak. Gua iku saiki diarani Guwa Ahmad Sahal. Kaanan pondhok mbalek biyasa nalika Ngawi, Madiun, Magetan wis aman.
KH Ahmad Sahal, KH Zainudin Fanani lan KH Imam Zarkasy minangka modernisasi kanthi cara nyekolahaké anak-anaké ing sekolahan umum saliyané ing pesantrèn. Drs. H. Ali Syaifullah Sahal (alm) dadi Filsafat Universitas Gadjah Mada Universitas ing Australia, uga tau dadi dhosèn ing IKIP Malang, Dra. Hj. Rukayah Sahal dhosen IKIP (UMJ) Jakarta lsp.
Awit saka pamikir iku, ana kepinginan ndadèkaké Pesantrèn Gontor dadi sekolahan utawa universitas kaya Universitas Al Azhar ing Mesir. Pondhok Pesantren Gontor dadi universitas kang isiné ana ngèlmu agama, ngèlmu umum lan tèknologi kanthi dhasar Islam.
Nalika taun 1994, ngadek pondhok kang mirunggan kanggo putri satingkat KMI lan perguruan tinggi kang kusus nampa murid alumni KMI. Pondhok mirunggan putri iki manggon ing lemah wakaf ambané 187 hektar. Ing Désa Sambirejo, Kacamatan Mantingan, Kabupatèn Ngawi, Jawa Wétan. Saiki pondhok kusus wong wadon iki nduwé 5 sekolahan, telu ing Ngawi, siji ing Sulawesi Kidul-wétan lan sing siji ing Kedhiri. Saiki gontor wis nduwé 17 pondhok 13 kampus Indonésia lan santri/ santriwatiné tekan 14.273 santri.
Alumni
[besut | besut sumber]Lulusan saka Pondhok Modèren Darussalam Gontor kaya ta:
- M. Hidayat Nur Wahid,Mantan Ketuwa MPR RI
- Muhammad Maftuh Basyuni,Mantan Mantri Agama
- Din Syamsuddin, Ketuwa Umum PP Muhammadiyah.
- KH Hasyim Muzadi, mantan Ketuwa Umum PB Nahdhatul Ulama (NU)
- Emha Ainun Nadjib, Budhayawan
- Abu Bakar Ba'asyir, Pimpinan Pondok Pesantren Ngruki, Sala
- Nurcholis Madjid, Cendekiawan Muslim
- Ahmad Fuadi, Novelis
Pranala njaba
[besut | besut sumber]- Situs resmi
- Ikatan Keluarga Pondok Modern Gontor Archived 2012-06-23 at the Wayback Machine.
- Perguruan Tinggi: Institut Studi Islam Darussalam Archived 2023-05-29 at the Wayback Machine.
- Majalah Gontor, Media Perekat Ummat Archived 2012-06-10 at the Wayback Machine.
- Pondok Modern Gontor 6 Darul Qiyam Archived 2012-04-09 at the Wayback Machine.
Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |