Emha Ainun Nadjib
(2015) | |
| Biografi | |
|---|---|
| Nifas | 27 Mèi 1953 (72 tahun Jombang |
| Pendidikan (id) | Pondhok Modhèren Darussalam Gontor |
| Kegiatan | |
| Pakaryan | Panulis, pujangga, sastrawan (id) lan budayawan (id) |
| Kulawarga | |
| Pasangan nikah | Novia Kolopaking |
| Anak | Noe Letto |
| Situs wèb | <span%20class="penicon"> Kaca wèb resmi |
Emha Ainun Nadjib utawa akrab diundanga Cak Nun, ditepungi budayawan lan intelektual muslim saka Jombang, Jawa Timur. Priyayi kelairan 27 Mèi 1953 iki uga dikenal dadi musisi kang akèh nembangaké lagu-lagu dakwah.[1] Cak Nun, kang saktemené anak kapapat saka 15 padulurane iku, nempuh pendhidhikan formalé ing Fakultas Ékonomi Universitas Gadjah Mada (UGM), masio mung dilakoni sak semester thok. tapi sadurungé tau nglakoni mondok ing Pondok Modern Gontor-Ponorogo lan namataké pendhidhikané ing SMA Muhammadiyah I Yogyakarta.[1]Antarané taun 1970-1975, Cak Nun tau ngliwati urip ing Malioboro-Yogyakarta.[1] Lan akèh nglakoni aktivitas kesenian lan nggelar pentas.[1] pirang-pirang pementasan spektakuler kang digelar ing antarané, Geger Wong Ngoyak Macan (1989), Patung Kekasih (1989), Keajaiban Lik Par (1988), Mas Dukun (1989), Santri-Santri Khidhir (1990), Lautan Jilbab (1990), Kiai Sableng lan Baginda Faruq (1993) lan Perahu Retak (1992).[1] saliyané iku tau mèlu lokakarya teater ing Filipina (1980), International Writing Program ing Universitas Iowa, AS (1984), Festival Penyair Internasional ing Rotterdam, Walanda (1984) lan Festival Horizonte III ing Berlin Barat, Jerman (1985).[1] tekan saiki Cak Nun aktif nyumendhe karo masarakat lan nglakoni aktivitas kesenian, agama, pendhidhikan pulitik lan sinergi ékonomi.[1]Lan tetep rutin dadi narasumber pengajian wulanan karo komunitas Masarakat Padang Bulan, ing laladan-laladan liya.[1]
Sawentara aktivitas musiké dilakoni karo kelompok musik arahané, Musik Kiai Kanjeng.[1] Kelompok musik iki nembangake sholawat nabi lan syair-syair religius kang kalebu bab dakwah.[1]liyané iku bojoné aktris Novia Kolopaking iki,[2] salah sijine penulis buku lan nulis pirangpirang naskah teater.[1]ing antarané bukuné kang populer ya iku Lautan Jilbab (1989, Puisi), Seribu Masjid Satu Jumlahnya (puisi, 1990), Cahaya Maha Cahaya (puisi, 1991), Sastra Yang Membebaskan (1985), Slilit Sang Kiai (1991), Sudrun Gugat (1994), Anggukan Ritmis Kaki Pak Kiai (1995), lan liya-liyané.[1]Sedurungé karo Novia Kolopaking, Cak Nun tau nikah lan wis peputran kang saiki dadi vokalis grup band Letto, kang kondhang diundang Noe.[1]Saka pernikahan karo Novia, Cak Nun duwé patang putra.[1]