Penyu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Penyu
Penyu ijo Hawaii
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Klas: Sauropsida
Ordho: Testudinata
Subordho: Cryptodira
Superfamili: Chelonioidea
Bauer, 1893
Genera
Penyu kang lagi ngendhog

Penyu ya iku kura sagara. Penyu tinemu ing kabèh samodra kang ana ing donya. Miturut data para èlmuwan, penyu wis ana awit akir jaman Jura (145-208 yuta taun kapungkur) utawa saumurané dinosaurus. Ing mangsa iku Archelon, kang dawané nem mèter lan Cimochelys wis nglangi ing sagara purba kaya penyu jaman saiki.

Penyu ndarbèni suthang ngarep awujud sikil kanggo nglangi ing banyu. Sanadyan seumur uripé ngulandara ing jero banyu, trakadang kéwan kelompok vertebrata, kelas reptilia iku kudu tetep munggah ing lumah banyu kanggo ambegan. Mulané iku, penyu ambegan nganggo paru-paru. Padatan, penyu padha migrasi nganti jarak kang adoh nanging mung sedhéla. Jarak 3000 kilomèter bisa katempuh 58-73 dina.

Mangsa Ngendhog[besut | besut sumber]

Penyu ngalami siklus ngendhog kang manéka warna, saka 2 nganti 8 taun sapisan. Sawetara, penyu lanang bisa ngentekaké saumur uripé ing sagara, penyu wadon trakadhang mampir ing dharatan kanggo ngendhog. Penyu wadon remen karo pasisir kang pasiré sepi saka jamahané manungsa, suwung, lan ora akèh kena sorotan srengéngé kanggo papan ngendhog. Penyu nggawé luwangan kanggo ngendhog nganggo suthang buriné. Nalika ing dharatan kanggo ngendhog, bebéda awujud sorot srengéngé utawa swara bisa nggawe penyu ora sida ngendhog lan bali menyang sagara. Penyu bisa ngetokaké endhog nganti atusan cacahé. Nanging, ora akèh regenerasi kang bisa dikasilaké penyu. Saka atusan endhog penyu mau, paling akèh mung welasan kang bisa dadi tukik (bayi penyu), kang bisa tekan sagara lan bisa diwasa.

Ing papan-papan kang kawentar minangka papan kanggo ngendhog penyu, padatan dibangun stasiun kanggo netes kanggo ngéwangi penyu supaya akèh bayi penyu kang bisa urip. Papan-papan ing Indonésia kang kanggo stasiun netes tuladhané ya iku:

Jinis Penyu[besut | besut sumber]

penyu sisik

Saiki ing donya, jinis penyu kang isih urip mung ana pitu, ya iku:

Saka pitung jinis iku, mung Kemp's ridley kang ora tau kacathet tinemu ing sagara Indonésia.

Jinis-jinis mau, penyu belimbing ndarbèni ukuran awak kang paling dawa ya iku nganti 2,75 mèter lan boboté 600-900 kilogram. Penyu lekang ya iku penyu kang paling cilik kanthi bobot mung udakara 50 kilogram. Nanging, jinis kang paling asring tinemu ya iku penyu ijo. Penyu ijo iku kéwan kang pakanané tetuwuhan nanging kala-kala mangan kéwan-kéwan cilik.

Populasi Penyu ing Indonésia[besut | besut sumber]

Populasi penyu ing Indonésia mudhun 20 nganti 30 persèn saben taun, miturut panaliti penyu, Prof. IB Windia Adnyana saka Universitas Udayana (Unud) Bali.[1] Taun 1980-1990 kecathet cacah mudhuné populasi penyu nganti 80 persèn, déné ing taun 1990-2008 kecathet mudhuné cacah populasi mung 20-30 persèn. Nanging, saiki populasi penyu ijo (Chelonia Mydas) mung 35 èwu ing saindenging Indonésia, déné penyu sisik (Eretmochelys imbricata) mung saparo saka cacah populasi penyu ijo. Cacah populasi penyu kang saya mudhun iku kedadèn ing laladan-laladan. Tuladhané ing Kabupatèn Banyuwangi, Jawa Wétan. Cacahé penyu saben taun saya suda malah bisa diarani wis arep cures. Saka éwonan endhog penyu mung siji kang bisa netes, iki amarga diburu manungsa uga amarga kaanan pasisir kang wis reged banget. Déné populasi penyu ing Kepuloan Derawan, Kabupatèn Berau, Kalimantan Timur saya mudhun saka pitung taun kapungkur. Ing taun 2004 ana 403 penyu kang ngendhog, banjur 304 ing taun 2008, 224 taun 2009, 231 taun 2010, lan dadi 259 ing taun 2011.

Isu Konservasi[besut | besut sumber]

Laporan saka Conservation International (CI) kang diwara-warakaké ing simposium taunan kaping 24 babagan upaya nglestarekaké penyu ing Costa Rica, cacahé penyu blimbing mudhun saka udakara 115.000 penyu wadon diwasa dadi kurang ska 3.000 saka taun 1982. Cacahé penyu blimbing wis mudhun nganti 97% ing wektu 22 taun kapungkur. Saliyané iku, lima spésies penyu uga bisa baé cures kaya penyu blimbing iku. Arep kabèh jinis penyu kalebu ing dhaftar kéwan kang diayomi déning Undang-Undang Nasional utawa Internasional amarga dikuwatiraké bakal cures jalaran cacahé kang saya sithik. Saliyané penyu blimbing, loro jinis penyu liyané ya iku penyu Kemp’s Ridley dan penyu sisik uga dilebokaké dadi kéwan kang kaancem cures banget déning The World Conservation Union (IUCN). Penyu ijo (Chelonia mydas), penyu lekang utawa penyu klawu (Lepidochelys olivacea), dan penyu tempayan utawa loggerhead (Caretta caretta) uga kagolong kéwan kang kaancem cures. Mung penyu pipih (Natator depressus) kang diprakiraké ora kaancem cures.

Wong-wong padha nganggep penyu ya iku salah sawijiné kéwan sagara kang duwé akèh kaluwihan. Kajaba tempurungé kang narik kawigatèn kanggo barang kerajinan, dagingé uga énak manawa digawé saté penyu kang bisa kanggo obat lan racikan supaya wong wadon tambah ayu. Mliginé ing Tiongkok lan Bali, endhog penyu bisa dipangan. Sanadyan wis ana Peraturan Pamaréntah Nomor 7 taun 1999 babagan Pelestarian Jinis Pelestarian Tumbuhan dan Satwa kang ngayomi kabèh jinis penyu, tetep akèh kang padha mburu penyu. Kanggo ngawekani punahé penyu, mligine penyu blimbing, nagara-nagara wis padha ngayomi papan kang kanggo ngendhog penyu. Salah sawijiné ing Jamursba Medi kang dumunung ing pasisir lor Irian. Pasisir iku wis dikukuhaké dadi laladan konservasi. Papan liyané kang didadèkaké ngayomi panyu ya iku ing Kepulowan Derawan, Kalimantan Timur lan ing Tambelan,Bintan.

Cathetan sikil[besut | besut sumber]