Menyang kontèn

Panggulawenthah ing Indhonésia

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Artikel iki arupa bagéyan saka sèri
Pendhidhikan ing Indonésia
Pendidikan anak usia dini

Taman kanak-kanak
Raudatul athfal
Klompok bermain

Pendhidhikan dhasar (Kelas 1-6)

Sekolah dhasar
Madrasah ibtidaiyah
Klompok belajar Paket A

Pendhidhikan dhasar (Kelas 7-9)

Sekolah menengah pertama
Madrasah tsanawiyah
Klompok belajar Paket B

Pendhidhikan menengah (Kelas 10-12)

Sekolah menengah atas/kejuruan
Madrasah aliyah/kejuruan
Klompok belajar Paket C

Pendhidhikan dhuwur

Akadhemi
Institut

Perguruan tinggi

Politèknik
Sekolah dhuwur
Universitas

Pendhidhikan ing Indonésia iku sakabèhané pendhidhikan kang diselenggaraké ing Indonésia, kanthi kastruktur utawa ora. Sacara kastruktur, pendhidhikan ing Indonésia dadi tanggung jawab Kamentrian Pendhidhikan Nasional Républik Indonésia (Kemdiknas), biyèn jenengé Departemen Pendhidhikan lan Kabudayan Républik Indonésia (Depdikbud). Ing Indonésia, kabèh kang ndunungi wajib mèlu program wajib sinau pendhidhikan dhasar sajeroning sangang taun, enem taun ing sekolah dhasar/madrasah ibtidaiyah lan telung taun ing sekolah menengah kapisan/madrasah tsanawiyah. Saiki, pendhidhikan ing Indonésia diatur liwat Undhang-Undhang Nomer 20 Taun 2003 ngenani Sistem Pendhidhikan Nasional.

Pendhidhikan ing Indonésia kapérang dadi telung jalur utama, ya iku formal, nonformal, lan informal. Pendhidhikan uga dipérang djroning patang jenjang, ya iku anak usia dini, dhasar, menengah, lan dhuwur.

Sajarah

[besut | besut sumber]

Walanda ngenalaké sistem pendhidhikan formal marang kang ndunungi Indhiya Nèderlan (cikal bakal Indonésia), sanajan winates mung tumrap kalangan tinamtu. Sistem kang diwanuhaké iku amèh padha karo struktur kang ana saiki, kanthi tataran ing ngisor iki:

Wiwit taun 1930-an, Walanda ngenalaké pendhidhikan formal winates kanggo provinsi-provinsi ing Hindhia Walanda.

Jenjang

[besut | besut sumber]

Jenjang pendhidhikan iku wujud tahapan pendhidhikan kang dikukuhaké dhedhasar tingkat perkembangan peserta dhidhik, tujuan kang arep digayuh, lan kamampuan kang dikembangaké.

Pendhidhikan anak usia dini

[besut | besut sumber]

Ngacu marang Undhang-undhang Nomer 20 Taun 2003, Pasal 1 Butir 14 ngenani Sistem Pendhidhikan Nasional, Pendhidhikan anak usia dini (PAUD) iku upaya pembinaan kang ditujokaké marang bocahwiwit lair nganti umur enem taun liwat pawèwèh rangsangan pendhidhikan kanggo mbantu tuwuh lan kembangé jasmani lan rohani supaya bocah duwé kesiapan nalika lumebu ing pendhidhikan sabanjuré.

Pendhidhikan dhasar

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan dhasar minangka jenjang pendhidhikan wiwitan sajeroning 9 (sangang) taun pisanan mangsa sekolah bocah-bocah kang dadi landhesan jenjang pendhidhikan menengah.

Pendhidhikan menengah

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan menengah minangka jenjang pendhidhikan lanjutan pendhidhikan dhasar.

Pendhidhikan dhuwur

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan dhuwur iku jenjang pendhidhikan sawisé pendhidhikan menengah kang nyakup program pendhidhikan diploma, sarjana, magister, dhoktor, lan spésialis kang diadani déning pawiyatan luhur.

Jalur pendhidhikan

[besut | besut sumber]

Jalur pendhidhikan iku wahana kang diliwati peserta dhidhik kanggo ngembangaké potènsi dhiri sajeroning sawiji prosès pendhidhikan kang sarujuk marang tujuan pendhidhikan.

Pendhidhikan formal

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan formal minangka pendhidhikan kang diadani ing sekolah-sekolah lumrahé. Jalur pendhidhikan iki duwé jenjang pendhidhikan kang jelas, wiwit saka pendhidhikan dhasar, pendhidhikan menengah, nganti pendhidhikan dhuwur.

Pendhidhikan nonformal

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan nonformal paling akèh ana ing usia dini, sarta pendhidhikan dhasar, ya iku TPA, utawa Taman Pendhidhikan Al Quran,kang akèh ana ing saben masjid lan Sekolah Minggu, kang ana ing gréja.

Saliyané iku, ana uga manéka kursus, antarané kursus musik, bimbingan belajar lan sapanunggalané.

Pendhidhikan informal

[besut | besut sumber]

Pendhidhikan informal ya iku jalur pendhidhikan kulawarga lan lingkungan berbentuk kagiyatan belajar kanthi swatantra kang dilakukan kanthi sadhar lan bertanggung jawab.

Kurikulum

[besut | besut sumber]
Jinis èlmu Mata wulangan Jenjang (kelas)
# Jeneng # Jeneng SD SMP SMA
1 2 3 4 5 6 7 8 9 10 11 (IPA) 12 (IPA) 11 (IPS) 12 (IPS)
1 Ilmu Pendhidhikan 1 Agama Centang ijo
2 Kewarganagaraan
3 Jasmani lan Kaséhatan
4 Teknologi Informatika lan Komunikasi
2 Ilmu Basa (lan Sastra) 1 Basa Indonésia Centang ijo
2 Basa Inggris
3 Basa Laladan
4 Basa Manca
3 Ilmu Alam 1 Matématika Centang ijo
2 Fisika Centang ijo Silang abang
3 Biologi
4 Kimia Silang abang Centang ijo
4 Ilmu Sosial 1 Sajarah Centang ijo
2 Géografi Centang ijo Silang abang Centang ijo
3 Ékonomi
4 Sosiologi Silang abang Centang ijo
5 Ilmu Seni (lan Budaya) 1 Seni Musik Centang ijo Silang abang
2 Seni Rupa
3 Seni Ketrampilan
4 Seni Jogèd
Jumlah mata wulangan 13 16 13

Rujukan

[besut | besut sumber]

Uga delengen

[besut | besut sumber]

Pranala njaba

[besut | besut sumber]

Cithakan:Pendhidhikan ing Asia Kidul-Wétan