Panganggo:Wirjadisastra/Kutha mati

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Berlin , Nevada , minangka kutha hantu.

Kutha mati iku désa, kutha cilik, utawa kutha gedhé kang ditinggal wargané. Kutha mati lumrahé isih ana tilas-tilasé kang bisa kadeleng. Siji kutha ingaran kutha mati amarga kagiyatan ékonomi kang njurung uripé kutha mandheg utawa ngalami cabar (gagal), utawa amarga bencana alam utawa manungsa kaya ta banjir, katiga ngerak, tindaking pamaréntah, kaanan nirtata (lawlessness), perang, polusi, utawa bencana nuklir. Tembung iku kala-kala uga ateges kutha-kutha lan padunungan kang isih ana wargané, nanging wis suda akèh saka taun-taun kapungkur; contoné padunungan-padunungan kang tataran panganggurané dhuwun lan ditinggal wargané.[1]

Sawenèh kutha mati, mligi kang isih nilasaké arsitèktur kondhang saka jaman kapungkur, dadi papan wisata. Sawatara contoné ya iku: Bannack, Calico, Centralia, Oatman, lan South Pass City ing Amérikah Sarékat, Barkerville ing Kanadhah, Craco ing Itali, Elizabeth Bay lan Kolmanskop ing Namibiyah, Pripyat ing Ukrainah, lan Danushkodi ing Indhiyah.

Kutha Plymouth ing Pulo Montserrat ing Karibiyah minangka kutha mati kang uga minangka kutha krajan de jure saka Montserrat. Kutha iku ora bisa kadunungan lan ditinggal wargané amarga katerak awu gunung geni kang njeblug.

Dhépinisi[besut | besut sumber]

Dhépinisi kutha mati béda-béda ing saben wong lan saben budaya. Sawatara juru nulis ora ngarani padunungan kang ditinggal wargané amarga bencana alam utawa bencana jalaran manungsa minangka kutha mati mung amarga padunungan mau ora kuwat manèh nindakaké kagiyatan ékonomi; T. Lindsey Baker, kang nulis Ghost Towns of Texas, negesaké yèn kutha mati iku "siji kutha kang sabab tuwuhé kutha wis ora ana manèh".[1] Sawatara wong pracaya yèn padunungan kang tilas-tilasé isih katon ora bisa karan kutha mati;[2] wong liya kandha sawaliké yèn kutha mati kudu ana tilas-tilasé kang bisa kadeleng.[3] Buh padunungané kudu temen suwung apa ora, utawa ana wargané sathithik, uga isih dadi rembug.[2] Racaké, tembung "kutha mati" tegesé ora keket, nglimputi kabèh dhépinisi ing dhuwur mau. Juru nulis Amérikah aran Lambert Florin luwih dhoyong marang dhépinisi kang ngarani kutha mati iku sadarma "wewayanganing kutha kang kapungkur". [4]

Jalaran kutha ditinggal wargané[besut | besut sumber]

Sabab-sabab kang njalari kuta ditinggal wargané ya iku entèké sumber daya alam, kagiyatan ékonomi kang ngalih ing panggonan liya, ril lan ratan (dalan gedhé) kang ora ngambah kutha, intervènsi manungsa, bencana, panumpesan, perang, lan owah-owahan pulitik utawa bedhahing praja.[5] Siji kutha uga bisa ditinggal wargané yèn minangka péranganing zona èsklusi amarga bencana alam utawa bencana jalaran manungsa.

Kagiyatan ékonomi ngalih ing panggonan liya[besut | besut sumber]

Nalika pasawahan dadi indhustri, sawah-sawah cilik dadi ora giyat manèh kanggo urusan ékonomi lan njalari désa-désa mati.

Kutha mati bisa dumadi amarga siji kagiyatan utawa sumber daya kang nuwuhé kutha dadakan (upamané, pamelikan (mine), panggilingan (mill), utawa pasanggrahan (résor)) wis entèk utawa ékonominé ngalami gagal (contoné, anjlogé rega sumber daya kang njalari kasangsaran). Gedhéné kutha-kutha dadakan uga bisa susut dadakan kaya déné anggoné tuwuh kang dadakan. Kadhang kala, kabèh utawa mèh kabèh warga banjur ninggal kutha mau, kang njalari dadi kutha mati.

Bubaré kutha-kutha dadakan racaké bisa kabadhé (kabedhèk). Pambudidaya pamelikan (mining company) ing dinané iki bakal nggawé padunungan kanggo sawatara mangsa (tèmporèr) ing sana pamelikan, mbangun manéka panginepan, toko, lan layanan kabutuhan kang banjur kabedhah samangsa sumber daya kang kapelik wis entèk. Yeyasan modhular bisa kanggo nggampangaké prosèsé. Kagiyatan beburu emas (gold rush) kerep njalari siji désa ngalami undhakan ékonomi kang dhuwur tur sadhéla, kang banjur dadi kutha mati nalika sumber dayané entèk.

Ing sawenèh kadadéan, manéka sabab bisa njalari ilangé kagiyatan ékonomi warga; sawenèh kutha pamelikan ing Rute 66 AS ngalami tutup nalika sumber dayané entèk lan Rute 66 kaénggokaké ngadoh saka panggonan-panggonan kaya ta Oatman, Arizona lan dadi dalan kang langsungan.

Ing kadadéan liyané, kutha ditinggal wargané bisa amarga ékonomi kutha ngalih ing panggonan liyané kang cedhak. Kadadéan mangkéné kalakon ing Collingwood, Queensland ing Outback, Ostrali nalika Winton kang kapernah sacedhaké ngungkuli Collingwood minangka punjering indhustri raja-kaya. Dalan sepur ngambah Winton ing taun 1899, kang ngubungaké kutha iki karo manéka panggonan ing Queensland, déné Collingwood banjur dadi kutha mati ing taun candhaké.

Ing Wétan Tengah, ana akèh kutha mati kang dumadi amarga owah-owahan pulitik utawa bedhahing praja kang njalari ékonomi lan masarakat ing kutha-kutha krajan padha ora giyat manèh. Contoné ya iku Ctesiphon.

Undhaking invètasi kondhominiyum kang njalari plembung papan yasan (real estate bubbles) uga njalari kutha mati, nalika rega papan yasan mundhak lan omah kang bisa tinuku sansaya suda. Conto mangkono ya iku Cina lan Kanadhah, kang kerep tinemu omah kang kanggo invèstasi tur dudu kanggo papan padunungan.

Campur tangan manungsa[besut | besut sumber]

Sadurungé Turki ngancab Siprus ing taun 1947, Varosha kondhang minangka laladan wisata modhèrèn. Saiki laladan iku wis suwung.
Gambar:Akarmaraghosttown.jpg
Akarmara, kutha pamelikan ing Abkhazia/Georgia, ditinggal wargané ing kawitan taun 1990-an amarga perang ing Abkhazia.

Ril sepur lan ratan kang ora ngliwati utawa ora ngener manèh siji kutha bisa njalari kutha mati. Jalaran mangkono kalakon ing akèh kutha mati ing sauruté Ratan Opeongo kang historis ing Ontario lan Rute 66 ing AS amarga para kang lelungan milih ngliwati ratan kang luwih cendhèk I-44 lan I-40. Sawenèh kutha mati kapernah ing sauruté dalan ril kang kaambah sepur uwab kang mandheng ping sawatara saperlu njupuk banyu. Amboy, California minangka salah siji désa ing sauruté Dalan Ril Atlantik lan Pasifik kang nyigar Segara wedhi Mojave.

Pangalihing kali uga dadi sabab liyané. Contoné ya iku kutha-kuta sauruté Sagara Aral.

Kutha mati bisa dumadi nalika palemahan dijupuk pamaréntah kanthi peksa, lan wargané kudu ngalih. Contoné ya iku Désa Tyneham ing Dorset, Inggris, kang kajupuk nalika Perang Donya II kanggo yasa sasana artilèri (artillery range).

Kaanan kang sairib kalakon ing AS nalika NASA njupuk palemahan kanggo yasa John C. Stennis Space Center (SSC), fasilitas uji-coba rokèt ing Hancock County, Mississippi (ing sisih Mississippi saka Kali Pearl, kang minangka wates praja Mississippi-Louisiana). Jalaran iku, NASA kudu njupuk palemahan kang amba (udakara 34-square-mile (88 km2)) minangka laladan panyanggan (buffer zone) amarga swaraning uji-coba kang banter tur kanggo panggonaning bebaya kang bisa jumedhul saka uji-coba rokèt. Padunungan cilik cacah lima ing Mississippi (Gainesville, Logtown, Napoleon, Santa Rosa, lan Westonia), lan pérangan lor Pearlington, dalah 700 kulawarga kang ndunungi, kudu kaalihaké ngadoh saka fasilitas mau.

Kadhang kala kutha bisa mandeg kanthi resmi, nanging tilas-tilas yeyasané isih ana. Contone, limang padunungan ing Mississippi kang ditinggal wargané kanggo yasa SSC isih ana tilas-tilasé ing jero fasilitas mau. Tilas-tilasé kaya ta ratan, kang saiki rungkud, lan yasan pamulangan wujud siji ruwangan. Conto liyané kang wujud yasan tilasan ya iku tilasing kutha Weston, Illinois, kang wargané nunggal swara nutup kuthané saperlu kayasa Fermi National Accelerator Laboratory. Akèh omah dalah sawenèh lumbung désa kang isih wutuh, kang kanggo mondhok para saintis lan ndèkèk piranti-piranti panjurung, déné dalan-dalan kang sadurungé ngener padunungan iku saiki wis kapalang kanthi balé pangawasan utawa rajeg kanggo ngéndhani wong mlebu tanpa idin.

Pangelebing laladan kanggo bendungan[besut | besut sumber]

Yasaning bendungan njalari kutha mati amarga keleban banyu. Contoné ya iku padunungan Loyston, Tennessee, AS, kang kaeleb amarga yasaning Bendungan Norris. Kutha iki kayasa manèh ing panggonan sacedhaké kang luwih dhuwur. Conto-conto liyané ya iku Désa-Désa Kang Ilang ing Ontario kang kaeleban amarga yasaning Marga Sagara (Seaway) Saint Lawrence ing taun 1958, padhukuhan Nether Hambleton lan Middle Hambleton ing Rutland, Inggris, kang kaeleban kanggo yasaning Wadhuk Rutland, lan padésan Ashopton lan Derwent, Inggris, kang kaeleban kanggo yasaning Wadhuk Ladybower. Mologa ing Ruslan kaeleb amarga yasaning Wadhuk Rybinsk, lan ing Prancis, Bendungan Tignes ngelebi Désa Tignes lan ngalihaké 78 kulawarga. Akèh désa kuna kudu ditinggal wargané amarga yasaning Bendungan Jurang Telu ing Cina, kang njalari akèh wong désa padha alihan. Ing siji provinsi ing Kosta Rika, Guanacaste, kutha Arenal kaalihaké amarga yasaning Tlaga Arenal. Kuthané kang lawas saiki kapernah ing isoring tlaga. Old Adaminaby kaeleban amarga yasaning siji bendungan saka Snowy River Scheme. Yasaning Bendungan Dhuwur Aswan ing Kali Nil ing Mesir ngeleb sana-sana arkéyologi lan padunungan-padunungan kuna kaya ta Buhen ing isoring Tlaga Nasser. Conto kutha kang kaeleban liyané ya iku Tehri amarga yasaning Bendungan Tehri ing Praja Uttarakhand, Indhiyah.

Tumpesan[besut | besut sumber]

Sawatara kutha malih suwung amarga wargané tinumpes. Siji désa ing Perancis aran Oradour-sur-Glane ajur nalika tanggal 10 Juni 1944 déné 642 saka 663 wargané, kalebu wadon lan bocah, dipatèni kumpeni Jerman aran Waffen-SS . Désa anyar banjur kayasa sabubaré perang ing panggonan sacedhaké, déné tilas-tilas ing désa lawas karumat minangka yasan pepénget (memorial).

Bencana[besut | besut sumber]

Craco, Itali, ditinggal wargané amarga lemah jugrug ing taun 1963. Saiki panggonané kondhang minangka sana kanggo nggawé filem.

Bencana alam lan bencana jalaran manungsa bisa njalari kutha mati. Contoné, sawisé katerak banjir ping 30 punjul kawit yasaning kutha ing taun 1845, warga Pattonsburg, Missouri, sarujuk ngalih sabubaré kena banjir ping pindho ing taun 1993. Kanthi pitulunging pamaréntah, kutha kang anyar kayasa kang dohé 3 miles (4.8 km) saka panggonan asalé.

Craco, siji désa jaman tengahan ing laladan Itali aran Basilicata, wargané ingalihan amarga lemah jugrug kalakon ing taun 1963. Saiki, panggonané kaloka minangka panggonan panggawéning filem, kaya ta The Passion of The Christ garapan Mel Gibson , Christ Stopped at Eboli garapan Francesco Rosi, The Nativity Story garapan Catherine Hardwicke, lan Quantum of Solace garapan Marc Forster.[6]

Ing taun 1984, Centralia, Pennsylvania ditinggal wargané amarga kobongan pamelikan kang gedhé, kang wiwit ing taun 1962 lan sapréné isih ana. Geni wusana nyandhak pamelikan kang wis suwung ing isoring palemahan kutha Byrnesville, Pennsylvania ing cedhak kono kang njalari pamelikané kobong, tumuli njalari kutha iku uga kudu kasuwungaké.

Pripyat, Ukrain ditinggal wargané amarga bencana Chernobyl.

Kutha mati kala-kala uga dumadi amarga bencana kang mungkin kalakon ing wektu bésuk. Contoné ya iku kutha Lemieux, Ontario ing Kanadhah kang ditinggal wargané ing taun 1991 amarga panaliti kasil miyak yèn padunungané madeg sandhuwuring lapisan lendhut Leda kang ora bakuh. Rong taun candhaké sawisé yasan pungkasan ing Lemieux kabongkar, lemah jugrug nrajang pérangan kutha kang lawas ngener Kali South Nation. Rong dasawarsa sadurungé iku, Kutha Saint-Jean-Vianney, Québec, Kanadhah kang uga madeg ing sandhuwuring lapisan lendhut Leda, ditinggal wargané sabubaré katerak lemah jugrug ing tanggal 4 Mèi 1971 kang nrajang 41 omah lan matèni wong 31.

Sabubaré bencana Chernobyl ing taun 1986, radhiyasi nuklir tataran dhuwur kang mbebayani sumebar tutug laladan sakiwa-tengené, njalari 200 kutha lan désa ing Ukrain lan Bélarus kudu kasuwungaké, samono uga kutha gedhé Pripyat lan Chernobyl. Tlatah iku nganti saiki isih karegedan radhiyasi nuklir kang njalari wong-wong asli kono ora kena bali menyang omahé dhéwé. Pripyat iku salah siji kutha mati kang kondhang, kang biyèn kayasa kanggo mondhokaké narakaryaning Panuwuh Listrik Tenaga Nuklir Chernobyl lan wargané mèh ngancik 50.000 nalika bencana dumadi.[7]

Lelara lan kontaminasi[besut | besut sumber]

Rerik Kulon ing Rerik, Jerman. Laladané malih dadi laladan winates amarga kontaminasi amunisi saka barak-barak Sovyèt kang suwung ing sacedhaké.

Gedhéning cacah pepati amarga épidhemi uga njalari kutha mati. Sawatara panggonan ing Arkansas iring wétan ditinggal wargané amarga punjul wong 7.000 mati kena épidhemi Flu Sepanyol ing taun 1918 lan 1919.[8][9] Sawatara brayat agung ing Irlan, mligi ing laladan kuloning nagara, cures amarga Paceklik Gedhé (Great Famine) ing mangsa nem sasi pungkasan abad angka 19, lan taun-taun susuting ekonomi kang dumadi sawisé.

Rusaking buwengan (environment, lingkungan) kang mbebayani kang njalari kontamasi kang suwé ilangé bisa ndadèkaké siji kutha mati. Conto-conto kang kondhang kaya ta Times Beach, Missouri, kang wargané kena dhiyoksin tataran dhuwur, lan Wittenoom, Ostrali Kulon, kang biyèn minangka papan sumbering asbès biru kang gedhé dhéwé sa-Ostrali, nanging tinutup nalika taun 1966 amarga prakara kaséhatan. Treece lan Picher, padunungan kang kapernah ing sauruté wates Kansas-Oklahoma, biyèn minangka salah siji papan sumbering timah sari (sèng) lan timah budheng (timbel) kang gedhé ing Amérikah Sarékat, nanging amarga reregeding pamelikan (mine tailings) ora kaopènan nganti suwéné satus taun punjul banyuning lemah kena kontaminasi lan njalari bocah-bocah karacunan. Wusana, Environmental Protection Agency (Bebadan Pangayoman Buwengan) tumidak kanthi nyuwungaké padunungané. Kontaminasi amarga amunisi kang asalé saka militèr uga njalari kutha mati. Rerik Kulon, siji laladan ing Rerik, Jerman, dadi panggonaning barak-barak Golongan Wadya Sovyèt ing mangsa Républik Dhémokratik Jerman. Nanging, sawisé Jerman nyawiji, laladané ditinggal wargané amarga kontaminasi amunisi saka barak-barak. Kapernah ing siji ujung lan kapisah saka laladan Rerik liyané sarana ismus cilik, ing taun 1992, Rerik Kulon dadi laladan winates (restricted area) déné pérangan gedhéné laladan Rerik isih ana wargané.

  1. a b Baker, T. Lindsay (2003). More Ghost Towns of Texas. Norman, OK: University of Oklahoma Press. ISBN 0806135182. 
  2. a b Brown, Robert L. (1990). Ghost Towns of the Colorado Rockies. Caldwell, Idaho: Caxton Printers. k. 15. ISBN 0870043420. 
  3. Thomsen, Clint (2012). "What is a ghost town?". Ghost Towns: Lost Cities of the Old West. Osprey Publishing. ISBN 1782001077. 
  4. Hall, Shawn (2010). Ghost Towns and Mining Camps of Southern Nevada. Charleston, SC: Arcadia Pub. k. 7. ISBN 0738570125. 
  5. Graves, Philip; Weiler, Stephan; Tynon, Emily (25 January 2010). "The Economics of Ghost Towns". Social Science Research Network. SSRN 1540770. 
  6. "Most Popular Titles With Location Matching "Craco, Matera, Basilicata, Italy"". Internet Movie Database. Dijupuk 15 November 2013. 
  7. Mould, R. F. (2000). "Evacuation and Resettlement". Chernobyl Record: The Definitive History of the Chernobyl Catastrophe. Bristol: Institute of Physics Publishing. kk. 103–117. ISBN 075030670X. 
  8. Brundage, John F.; Shanks, G. Dennis (August 2008). "Deaths from Bacterial Pneumonia during 1918–19 Influenza Pandemic". Emerging Infectious Diseases (U.S. Centers for Disease Control) 14 (8): 1193–1199. PMC 2600384. PMID 18680641. doi:10.3201/eid1408.071313. Dijupuk 11 July 2010. 
  9. Annual report of the Surgeon General of the Public Health Service of the United States - 1920. Washington, DC: Public Health Service.