Panda
| Panda Besar | |
|---|---|
| Hua Mèi, bayi ingkang lair ing Kebon Raja San Diego pada taun 1999. | |
| Klasifikasi ngèlmiah | |
| Karajan: | Animalia |
| Filum: | Chordata |
| Klas: | Mammalia |
| Ordho: | Carnivora |
| Famili: | Ursidae |
| Génus: | Ailuropoda Milne-Edwards, 1870 |
| Spésies: | A. melanoleuca |
| Jeneng binomial | |
| Ailuropoda melanoleuca (David, 1869) | |
| Subspesies | |
| A. melanoleuca melanoleuca | |
| Peta panyebaran Panda Gedhe | |
Panda Gedhe (Hanzi: 貓熊;; pinyin: mao xiong), Ailuropoda melanoleuca ("Kaki-kucing ireng-putih") utawi ingkang limrahipun dipunwastani Panda.[1] Panda punika salah setunggaling mamalia ingkang limrahipun dipungolongaken wonten ing famili bruwang Ursidae, ingkang dados kéwan asli Tiongkok tengah.[1] Panda Gedhé manggèn wonten laladan pagunungan, kados ta Sichuan saha Tibet.[1] Ing sepalih abad ke-20 ingkang kapungkur, panda dados lambang nagara Tiongkok.[1] Sapunika gambar panda ugi dipuncithak dados gambar wonten ing dhuwit emas nagara punika.[1]
Panda miturut nama Tiongkokipun punika gadhah teges "kucing-bruwang," saha saged ugi dipunwaos bruwang kucing tanpa ngewahi teges.[1] Wonten ing laladan Barat, nama panda punika amargi panda mirib kaliyan Panda abang, ingkang kala rumiyin misuwur kanthi nama Beruang Belang (Ailuropus melanoleucus).[1]
Sanajan miturut taksonomi Panda punika kagolongaken dados kéwan karnivora nanging panda mangan kados kéwan hèrbivor.[1] Ingkang dados pakananipun panda inggih punika tandur-tuwuhan kaya ta pring.[1] Panda ugi saged dipunwastani kéwan omnivora (saged dipunwastani Karnivora, Omnivora, Hèrbivor), amargi panda ugi mangan endhog lan gegremet.[1] Kekalihipun punika ngandhut protéin kang diperlokaken panda.[1] Kuping panda obah-obah nalika panda nembe nedha.[1] Panda punika kalebet kéwan ingkang kaancam cures.[2] Panda punika gadhah libido ingkang sakedhik saéngga radi kirang anggénipun reprodhuksi.[2]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]
| Artikel iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |