Otto Hahn

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Otto Hahn, 1938

Otto Hahn (1879-1968) ya iku pemenang Penghargaan Nobèl ing ngèlmu Kimia 1944.

Asalé saka Frankfurt, Jerman, nyinaoni kimia ning Marburg kang tujuané kanggo nyambut gawé ning babagan indhustri. Ning taun 1904, dhèwèké lunga ing Inggris kanggo nyambut gawé ing babagan radiokimia bebarengan karo Sir William Ramsay kang tau nemu gas mulia kaya ta argon, neon, kripton, lan xenon. Amarga iku dhèwèké bisa menehi ngerti manawa "radiothorium" kang kagolong unsur kaping-228, lan dhèwèké akiré nersaké pagaeannya ing babagan panelitén.

setaun suwené, Hahn nyambut gawé karo Ernest Rutherford ning Montreal, nuli bali manèh mring Jerman. Neng Jerman, 30 taun suwené dhèwèké nyambut gawé karo Lise Meitner. Bebarengan sakloron nemu unsur kimia anyar, ya iku protaktinium. ning taun 1938 Hahn bisa nyimpulaké manawa penembakan uranium nganggo neutron bakal ngasilaké barium. Dhèwèké njlèntrèhaké gejala iki dadi fisi saka inti uranium. Nuli ning Kopenhagen Meitner mbuktikaké kebenerané.

Ning taun 1944, Hahn narima Bebungah Nobèl Kimia lan unsur kaping -105 dijenengé hahnium wujud pakurmatan kanggo dhèwèké. Niels Bohr nggawa kabar panemuan fisi iki maring Amérika Sarékat ning taun 1939, sadurungé PD II diwiwiti. Babagan iki nggawé Amérika Sarékat duwéni niyat kanggo ngembangaké bom atom. Sawisé Perang Dunya II barbaran, nagara liya kaya ta Uni Soviet, Inggris, lan Perancis ngembangaké senjata nuklir, nuli disusul Tiongkok lan India.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Cithakan:Nobèl Kimia