Glenn T. Seaborg

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Glenn T. Saeaborg

Glenn Theodore Seaborg (19 April 191225 Fèbruari 1999) (Glenn Teodor Sjöberg) inggih punika salah satunggaling kimiawan Amérika Sarékat ingkang kagayut wonten ing pengenalan 9 unsur transuranium (94 dumugi 102), lan piyambakipun njabat minangka ketua Komisi Energi Atom Amérika Sarékat saking 1961 dumugi taun 1971. Piyambakipun ugi dados penasihat présidhèn Amérika Sarékat wonten ing kabijakan ènergi nuklir, saking Présidhèn Truman dumugi Clinton. Seaborg ugi kangungan sumbangan babagan pengendalian senjata nuklir. Seaborg minangka salah satunggaling tiyang ingkang tapak asma Franck Report, lan piyambakipun ugi kagungan kontribusi babagan penerbitan perjanjian-perjanjian pengendalian nuklir sanésipun, kados ta Limited Test Ban Treaty, Nuclear Non-Proliferation Treaty, dan Comprehensive Test Ban Treaty.[1] Nalika taun 1951 piyambakpiun pikantuk Bebungah Nobèl Kimia[2] kaliyan fisikawan Edwin Mattison McMillan saking jasa-jasanipun manggihaken unsur-unsur transuranium, ingkang ngasilaken Konsep Aktinida, ingkang wonten ing pungkasan ngasilaken unsur-unsur aktinida wonten ing tabel periodik unsur, kados ta berkelium, kurium, amerisium, plutonium, lan sanésipun. Piyambakipun ugi manggihaken satunggaling unsur ingkang lajeng dipunsukani nama seaborgium, miturut namanipun piyambak.

Miyos wonten ing Michigan, Seaborg pikantuk gelar sarjana wonten ing Universitas California, Los Angeles lan gelar dhoktor babagan kimia saking Universitas California, Berkeley. Piyambakipun lajeng dados asisten panliti dhumateng Gilbert Newton Lewis lan pungkasanipun dados penasihat lan profesor wonten ing universitas kasebut[3]. Piyambakipun makarya kanthi temen wonten ing Berkeley antawis 2 masa signifikan: kapisan ndhérké wonten ing Proyek Manhattan ing Universitas Chicago saking taun 1942 dumugi taun 1946 lajeng malih kanggé kursi wonten ing United States Atomic Energy Commission- saéngga Seaborg wangsul dhateng Berkeley.

Nalika taun 1940 Edwin M. McMillan, kabiyantu déning Philip Abelson (lajeng editor majalah Science), ngandharaken fenomena penggabungan nuklir ingkang dipunandharaken déning Otto Hahn lan Fritz Strassmann taun 1939. Kanthi spesifik, piyambakipun ngenali unsur ke-93, neptunium, ing antawising produk pemisahan uranium, ingkang dipunbombardir kaliyan neutron ingkang dipundamel saking deuteron migunakaken siklotron alit (27 inchi) wonten ing Berkeley. Edwin McMillan ugi ngramalaken wontenipun unsur ke-94, plutonium, ingkang dipunprakirakaken saged kapanggihaken wonten ing antawising produk uranium kaliyan bombardemen deuteron langsung. Ananing, McMillan mendadak dipundhawuhi saperlu nggarap karya perang, inggih punika riset tèknologi radar, lan pungkasanaipun kagabung wonten ing program Los Alamos kanggé damel bom nuklir. Sabibaripun PD II, reputasi ilmiahipu minggah kanthi sumbangan pentingipun wonten ing téyori pemercepat partikel.

Seaborg lan para kancanipun, ingkang mendhet alih proyek McMillan[4], sabibaripun manggihaken plutonium kanthi nomor massa 238. Panalitén lajengan ingkang medalaken produksi isotop 239 ingkang sekedhik sanget wonten ing awal 1941. Plutonium-239 dipuntedahaken saged kapisah kaliyan bombardemen kaliyan neutron lendhek lajeng dados bahan énggal saéngga bom nuklir saged kadamel. Wiwit saking punika para ilmuwan nembé mangertosi uranium-235 kanggé ancas punika. Lajeng Seaborg kagabung kaliyan Proyek Manhattan saperlu makarya wonten ing rencana damel plutonium-239 kanggé bom, ingkang dipundhawahaken wonten ing Nagasaki. Sadérngéipun perang pungkasan, piyambakipun ngéwahi kawigatosanipun wonten ing unsur transuranium lanjutan, ngembangaken kelompok transisi aktinida wonten ing tabel periodik. Wonten ing U.S. Atomic Energy Commission, Seaborg kathah kagayut wonten ing perkawis kendali senjata lan pengaturan nuklir, nyobi ngatur kekiyatan inti atom bilih karya ilmiahipunsampun kaungkap. Wonten ing antawising para kimiawan piyambakipun bote biyasa nyerat sajarah pengembangan epik ing pundi Seaborg kagayut supados publik saged wicaksana saking pengalamanipun. Kaliyan Benjamin S. Loeb piyambakipun nyerat serial sajarah, ingkang kapisanan inggih punika Kennedy, Khrushchev, and the Test Ban (1981).

Penemuan-penemuanipun ingkang sanés inggih punika isotop besi, inggih punika Fe-59, ingkang dipun-ginakaken saperlu nyinaoni hemoglobin wonten ing getih manungsa (kapanggihaken taun 1937), isotop iodin, inggih punika I-131, dipun-ginakaken wonten ing pengobatan penyakit gondok.[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Glenn Seaborg: His Biography, Lawrence Berkeley Laboratory website. Retrieved November 9, 2006.
  2. ^ "The Nobel Prize in Chemistry 1951". Nobèl Foundation. 1951. Dijupuk 2013-01-28. 
  3. ^ "Glenn T. Seaborg: Citizen-Scholar," Glenn T. Seaborg Center Website, Northern Michigan University. Retrieved November 9, 2006.[pranala mati]
  4. ^ Jackson, David J. and W. K. H. Panofsky, Biographical Memoirs: Edwin Mattison McMillan, National Academies Press, online at http://www.nap.edu/readingroom/books/biomems/emcmillan.html. Retrieved July 16, 2006.
  5. ^ Heilbron, J. L.; Robert W. Seidel (c1989-.), Lawrence and His Laboratory: A History of the Lawrence Berkeley Laboratory 1, Berkeley: University of California Press, kk. 355–6  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung); Priksa gandra date ing: |date= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]