Fritz Haber

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Fritz Haber
Lair9 December 1868
Breslau, Jerman
Pati29 Januari 1934( 1934-01-29) (umur 65)
Basel, Switserlan
BangsaGerman
Alma materUniversity of Heidelberg, Humboldt University of Berlin
Technical University of Berlin
Kondhang ingHaber process
Born-Haber cycle
Fertilizer
Haber-Weiss reaction
Chemical warfare
Explosives
BebungahNobel Prize for Chemistry (1918)
Karièr ngèlmiah
BabaganPhysical chemistry
InstitutionsSwitserlan Federal Institute of Technology
University of Karlsruhe
Juru pamrayogya dhoktoralRobert Bunsen
Barkas:Bundésarchiv Bild 183-S13651, Fritz Haber.jpg
Fritz Haber

Fritz Haber (1868-1934) miyos wonten ing daerah Breslau, (rumiyin dumunung wonten ing Jerman nanging sapunika mlebet wewengkon Polen) dan wiwit saking taun 1886 dumugi taun 1891 piyambakipun sinau wonten ing Universitas Heidelberg kaliyan Robert Bunsen, wonten ing Universitas Berlin wonten ing salebeting kelompok A.W. Hoffmann, lan wonten ing Universitas Teknik Charlottenburg (sapunika Universitas Teknik Berlin) kaliyan Carl Liebermann. Piyambakipun palakrama kaliyan Clara Immerwahr rikala taun 1901. Sadérnégipun miwiti karier akademinipun piyambak, Haber makarya babagan bisnis kimia bapakipun lan wonten ing Institut Teknologi ing Zürich kaliyan Georg Lunge. Sadangunipun masa punika wonten ing Karlsruhe saking taun 1894 dumugi taun 1911 Haber lan Carl Bosch ngembangaken prosès Haber, ingkang minangka pambentukan katalis amonia saking hidrogen lan nitrogen atmosfer ing ngandhap kaanan suhu lan tekanan tinggi. Wonten ing taun 1918, piyambakipun pikantuk Bebungah Nobel Kimia kanggé karyanipun. Prosès Haber-Bosch minangka tonggak sajarah wonten ing babagan kimia indhustri, amargi misahaken produksi produk nitrogen, kados pupuk, bahan peledak lan tetedhan kimia, saking deposit alam, mliginipun sodium nitrat ('Caliche'), ing pundi nagara Chili minangka penghasil utama. Kawontenan ndadak saking pupuk nitrogen ingkang mirah dipunpuji kanthi nyegah malapetaka Malthus, utawi krisis penduduk.[1]

Piyambakipun ugi aktif wonten ing panalitén reaksi pembakaran, pemisahan emas saking toya laut, prabawa adsorpsi, lan elektrokimia. Sapérangan ageng pedamelanipun saking taun 1911 dumugi 1933 dipuntindakaken piyambak wonten ing Institut kanggé Fisika lan Elektrokimia wonten ing Berlin-Dahlem. Haber minangka peran utama wonten ing pengembangan "perang kimia" wonten ing PD I. Pérangan kerjanipun kalebet pengembangan topeng gas kaliyan penyaring absorban. Perang gas wonten ing PD I inggih punika, wonten ing sapérangan bab, perang para kimiawan, kanthi Haber prang tandhing kaliyan pamenang Nobel Kimia asal Perancis Victor Grignard. Garwanipun nolak pedamelanipun babagan gas beracun lan langkung milih bunuh dhiri kaliyan senjata dinasipun sabibaripun piyambakipun njagi panganggoan kapisanan klorin wonten ing Ypres.[2]

Sasampunipun PD I pungkas, Nobel Kimia dipunparingaken malih nalika taun 1918. Panarimanipun inggih punika kimiawan anorganik Fritz Haber. Penghargaan punika mbok manawi paling kontroversial wonten ing sajarah Nobel Kimia. Prosès ammonia ingkang dipunpanggiaken Haber panci migunani tumrap agrikultur saperlu pendamelan pupuk. Nanging prosesipun punika ugi dipun-ginakaken saperlu damel gas beracun nalika perang. Sejarawan Elizabeth Crawford nedahaken bilih Komite Nobel sajatosipun boten maringi penghargaan Nobel dhumateng Haber manawi wonten panyengkuyung internasional kanggé kandidat sanèsipun.[3]

Wonten ing studinipun babagan gas beracun, Haber manggihaken gayutan matematika ingkang gampil antawising konsèntrasi (C) gas lan jumlah wekdal (t) ing pundi punika dipunhirup, nedahaken minangka C x t = k, ing pundi k inggih punika tetapan. Kanthi makaten, pembukaan wonten ing tingkat andhap gas sadangunipun masa panjang saged njalari akibat ingkang sami (tuladha: njalari séda) minangka pembukaan konsèntrasi inggil sadangunipun wekdal ingkang cekak. Hubungan punika dipunkenal minangka kaidah Haber. Haber mbéla perang gas saking dakwaan bilih punika boten gadhah perikemanusiaan, ngendika bilih tilar donya, kantha cara punapa kemawon ingkang dipunmedalaken. Wonten ing taun 1920-an, piyambakipun ngembangaken pembentukan gas sianida Zyklon B, ingkang dipun-ginakaken minangka insektisida.[4]

Sabibaripun ngundhuaraken dhiri, kondhisi jantung Fritz Haber samsaya parah/ Amargi kaanan keséhatan ingkang samsaya lemah, pungkasanipun Fritz Haber tilar donya nalika tanggal 29 Januari 1934 wonten ing Basle. Boten dangu sasampunipun Haber séda, Asosiasi Kimia Jerman (German Chemical Society) ngawontenaken sawijining seremonial saperlu maringi pakurmatan dhumateng Fritz Haber. NAZI langsung duka mireng rencana punika. Nazi duka amargi Asosiasi Kimia Jerman maringi sawijining pakurmatan ingkang ageng sanget dhumateng salah satunggaling tiyang ingkang sampun nentang Nazi. Nazi ngancem badhé nangkep sadaya tiyang ingkang rawuh wonten ing adicara punika. Ningali kathahipun ahli kimia ingkang rawuh, Nazi boten siyos nindakaken rencananipun. Nazi sadhar bilih para ahli kimia minangka balung punggung saking rekonstruksi Jerman sabibaripun Jerman risak rikala Perang Donya I. Tanpa wontenipun para ahli Kimia, Nazi dangu sanget anggènipun yasa kekiyatan malih.

Cathetan suku[besut | besut sumber]