Nglanggeran

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Mirsani kaéndahan alam saking puncaking bukit Nglanggeran
Bukit Nglanggeran nalika énjing

Nglanggeran punika nama salah satunggaling papan awujud paredèn utawi bukit ingkang mapan wonten ing désa Nglanggeran, kacamatan Patuk, Kabupatèn Gunungkidul, Daerah Istimewa Yogyakarta, Indonésia. Nglanggeran punika kirang langkung 22 kilomèter saking kutha Wonosari. Ingkang dados daya tarik saking paredèn punika inggih kaéndahan alam ingkang miturut géologi punika unik lan gadhah aji ingkang awis.

Nama Nglanggeran piyambak asalipun saking tembung planggaran ingkang ateges saben tindak tanduk ingkang boten saé mesti katingal. Wonten ugi ingkang mastani bilih nama Nglanggeran ingkang gadhah gadhah dhuwur 700 mèter saking lumah laut punika saking tembung langgeng ingkang ateges désa ingkang aman, ayem, lan tentrem.

Sapunika watu-watu ageng ingkang katilaraken kalebet material vulkanik tuwa amargi kala rumiyin Bulit Nglanggeran punika dados gunung berapi ingkang aktif. Miturut kapitayan warga ing mriku, gunung punika dipunjagi déning Kyai Ongkowijoyo lan punakawan. Papan punika kapérang malih dados papan-papan kados Gunung Kelir, Gunung Gedhe, Gunung Blenchong, sumber toya Comberan, lan Tlaga wungu [1].

Wonten ing Nglanggeran wonten 28 tuk utawi mata air. Pas wonten sisihing Goa Jepang wonten sumber toya ingkang boten naté asat saklawasé. Masarakat pitados bilih sumber ingkang awujud rembesan toya punika asalipun saking telaga mistis ingkang dipunarani Telaga Wungu. Miturut mitos, namun tiyang ingkang gahdhah raos ingkang resik lan suci kemawon ingkang saged manggihaken telaga punika. Toya saking redi Nglanggeran asring dipunpendhet déning abdi dalem saking kraton Yogyakartaminangka sarana nyuwun katentreman lan kaslametan kanggé masarakat Yogyakarta.

Papan wisata ing Bukit Nglanggeran sisih kulon[besut | besut sumber]

  • Papan punika déning masarakat ing mriku dipunarani Song Gudel (Kandang Anak Kebo),amargi ing papan mau wonten watu ageng ingkang kasangga déning watu ingkang langkung alit lan awujud kados guwa ingkang mirib kaliyan kandhang. sesawangan wonten ing sakiwa tengenipun papan punika inggih watuan ingkang ageng lan wonten variasi vegetasi kados sengon lan akasia. Saking papan punika papan salajengipun inggih punika Zona Senthong kirang langkung mbetahahken wekdal 3-5 menit.
  • Zona Senthong (selaning 2 bukit) wonten ing papan punika wisatawan kasuguhan sesawangan kalih tebing ingkang wonten selanipun kedah dipunlangkungi supados dugi ing papan salajengipun. Wonten ing mriki kalebet ujian amargi jarak antawisipun celah wiwitan dumugi pungkasan kirang langkung 50 mèter lan kedah ngrayap. Antawisipun zona kalih lan zona tiga wonten papan kanggé ngaso lan mirsani kaéndahan alam lumantar shelter utawi saung inglang dipunsediani déning pihak ingkang ngemunah utawi Karang Taruna Bukit Putra Mandiri désa Nglanggeran.
  • Papan ingkang kaping tiga inggih punika Tlatar Gedhe kirang langkung 10 menit saking Zona Senthong. jalur ingkang dipunlampahi punika watuan vulkanik lajeng wonten semak belukar kanthi vegetasi ingkang mawarni-warni kejawi punika wonten ugi bentang alam ingkang mawarni-warni [2].

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. [1], Langgeran (dipun-akses tanggal 27 November 2012)
  2. [2] Archived 2011-04-14 at the Wayback Machine., (id) http://wisata.kompasiana.com Archived 2012-10-11 at the Wayback Machine. (dipun-akses tanggal 19 Oktober 2012)