Motif batik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Batik inggih salah satuggaling warisan budaya leluhur ingkang wonten ing Indonésia. Batik dumados saking tembung Jawa amba ingkang tegesipun nyerat lan titikingkang tegesipun titik. Batik kaloka ing Indonésia nun inggih awit abad XVII ingkang dipungambar ing godhong lontar. Nanging dipunpitadosi bilih bathik punika sampun wonten wiwit jaman Majapahit. Kala rumiyin bathik namung winates kanggé ageman Raja, sentana dalem, lan ugi abdi dalem. Nanging nut ing lakuning jaman bathik saged medal saking kraton amargi kathah abdi dalem ingkang wonten sanjawining kraton. Kala rumiyin bathik kathah dipunwernani migunakaken pewarna alami ingkang dipunpendhet saking kulit kajeng, wit pacé, soga, lan nila. Wiwit jaman rumiyin bathik ingkang kathah inggih punika bathik tulis, ingkang ndamelipun kanthi cara manual nggambar ing kain mori. Nanging, wiwit taun 1920an sampun kaloka wontenipun bathik cap ingkang migunakaken cap-capan ingkang sampun wonten polanipun. Sapunika ing Indonésia kathah sanget motif bathik ing antawisipun inggih punika:

  • Batik Arjunaweda
  • Batik Walanda
  • Batik Cuwiri
  • Batik Jawa Hokokai
  • Batik Kawung
  • Batik Kraton
  • Batik Mégamendung
  • Batik Petani
  • Batik Pringgondani
  • Batik Sida Asih
  • Batik Sida Luhur
  • Batik Sida Mukti
  • Batik Sudagaran
  • Batik Truntum
  • Batik Sekar Jagad

Batik Arjunaweda[besut | besut sumber]

Batik Arjuna Weda kawiwitan saking satunggaling usaha jahit bathik ing Durén Tiga, Mampang Prapatan, Jakarta kidul, ingkang madeg ing taun 1987. Sidah Muhammad Alaydrus Ida miwiti usaha punika ing satunggaing garasi alit kanthi karyawan ingkang winates lan kapasitas produksi namung 30 lusin sawulan. Awit saking kathahipun alangan, bisnis boten mlampah kanthi mulus ing taun-taun kapisan. kabegjan pun milai nalika usaha penjahit punika gantos dados perusahaan konvèksi ingkang masok produkipun dateng salah satunggaling department store paling ageng ing Indonésia, Pasaraya Blok M. Pinten taun salajengipun, Batik Arjuna Weda nggayuh undhak-undhakan panyuwunan peken ingkang cukup kathah, kadhèrèkaken salajengipun kanthi nambah gerai di sapérangan department store ing Indonésia.

Kanthi konsèp "modhèren klasik", Batik Arjuna Weda ngaturi kolèksi pakaian bathik priya lan wanita ingkang berkualitas minangka pakaian makarya, santai, lan resmi kanthi motif ingkang kas lan dinamis. kanthi konsèp punika Batik Arjuna Weda pikantuk Award in Recognition of Best Supplier 2009 saking Matahari Department Store, lan Piala Upakarti 2010 saking Présidhèn RI. Njagi kualitas sampun dados prioritas Batik Arjuna Weda. Koleksi sandhanganipun boten namung gadhah désain lan motif énggal, nanging ugi saged maringi raos ayem jumbuh kaliyan laju sosial masarakat ingkang dinamis lan trèndi. Pamilihan bahan-bahan ingkang saé piyambak lan aksesori tambahan ingkang berkualitas dados dhasar pamikiran Batik Arjuna Weda anggènipun damel maremipun pelanggan. Batik Arjuna Weda migunakaken désain motif bathik énggal ingkang adhedasar manéka warni motif bathik tradhisional ing Indonésia ingkang dipungabung kaliyan bathik modhèren ingkang dipunjumbuhaken kaliyan pepénginan konsumèn. Kanthi trèn mode ingkang ngrembaka wekdal sapunika, bathik ugi ngalami éwah-éwahan ingkang dinamis saben taunipun, saé saking jinis bahan ugi motif. Amargi saking punika Batik Arjuna Weda tansah kréatif anggèn ngripta motif-motif énggal saperlu damel maremipun selera konsumèn.

Batik Walanda[besut | besut sumber]

rikala jaman penjajahan walandi, warga keturunan walandi kathah ingkang kepincut kaliyan Batik Indonésia. Panjenenganipun sadaya ndamel motif piyambak ingkang dipunremeni bangsa Éropah. Motifipun wujud kembang-kembang Éropah, kados ta tulip lan motif paraga-paraga cariyos dongèng ingkang misuwur wonten mrika. Wonten ingkang migunakaken motif Hansel n Gretell, cinderella, snow white, lan sapanunggalanipun.

Batik Cuwiri[besut | besut sumber]

Batik Cuwiri inggih punika motif bathik ingkang migunakaken zat pewarna soga alam. Lumrahipun bathik punika dipun-ginakaken kanggé sèmèkan lan kemben, ugi dipun-ginakaken nalika upacara mitoni. Motif bathik punika kathahipun migunakaken unsur mèru lan gurda. Cuwiri piyambak gadhah teges alit-alit lan dipunkajengaken ingkang ngagem patut lan dipunhormati.

Batik Jawa Hokokai[besut | besut sumber]

bathik jawa hokokai

Rikala jaman penjajahan Jepang ing pasisir lor Jawa lair jinis bathik tulis ingkang dipunsebat bathik Hokokai. Motif ingkang kathah piyambak inggih punika kembang kados ta kembang sakura lan krisan. Kathahipun bathik Jawa Hokokai ngginakaken latar belakang (isèn-isèn) ingkang detail sanget kados motif parang lan kawung ing pérangan tengah lan pinggiripun taksih dipunisi malih, tuladhanipun motif kembang pari.

Batik Kawung[besut | besut sumber]

Motif Kawung gadhah pola bunderan kados woh Kawung (mèmper klapa utawi asring dipunanggep minangka woh kolang-kaling) ingkang dipuntata rapih kanthi cara géometris. Kala mangsanipun, motif punika ugi dipunwastani minangka gambar kembang lotus (teratai) kanthi sekawan lembar ron kembang ingkang mekrok. Lotus inggih punika kembang pralambang panjang yuswa lan kasucian. Lumrahipun, motif-motif Kawung dipunparingi nama miturut ageng-alitipun wujud bunder-lonjong ingkang wonten ing satunggaling motif tinamtu. Kadosta: Kawung Picis inggih punika motif kawung ingkang kasusun saking wujud bunderan ingkang alit. Picis inggih punika arta ingkang ajinipun sedasa sèn ingkang bentukipun alit. Déné, Kawung Bribil inggih punika motif-motif kawung ingkang kasusun saking wujud ingkang langkung ageng tinimbang kawung Picis. prekawis punika jumbuh kaliyan nama bribil, arta ingkang bentukipun langkung ageng tinimbang picis lan ajinipun setengah sèn. Déné, kawung ingkang bentukipun bunder-lonjong langkung ageng tinimbang Kawung Bribil dipunwastani Kawung Sèn.

Batik Kraton[besut | besut sumber]

Batik Kraton inggih bathik wiwitan saking sadaya jinis bathik ingkang ngrembaka ing Indonésia. Motifipun gadhah teges sasmitaning agesang. Batik-bathik punika dipundamel déning para putri kraton lan ugi pembatik-pembatik ahli ingkang wonten ing lingkungan kraton. ing sajatosipun motif punika boten kepareng dipun-ginakaken déning tiyang “biyasa” kados motif Batik Parang Barong, Batik Parang Rusak kalebet Batik Udan Liris, lan motif bathik sanèsipun.

Batik Mégamendung[besut | besut sumber]

Motif bathik Mégamendung inggih punika karya kagunan bathik ingkang identik lan kepara dados ikon bathik tlatah Cirebon lan tlatah Indonésia sanèsipun. Motif bathik punika gadhah ciri kas ingkang boten dipunprangguli ing papan ingkang sanèsipun. kamangka sanajan namung wonten Cirebon lan minangka masterpiece, Departemèn Kebudayaan lan Pariwisata RI badhé dhaftaraken motif mégamendung dhateng UNESCO kanggé nggayuh pengakuan minangka salah satunggaling world heritage. Motif mégamendung minangka motif dhasar bathik sampun kaloka ngantos manca nagara. minangka bukti kondhangipun, motif mégamendung naté dipundadosaken cover satunggaling buku bathik cap-capan luar nagari kanthi irah-irahan Batik Design, karya satunggaling tiyang abangsa Walanda ingkang namanipun Pepin van Roojen. Kekhasan motif mégamendung boten namung dhateng motifipun ingkang wujud gambar mèmper mega kanthi warna-warna tegas, nanging ugi aji-aji filosofi ingkang wonten ing salebetipun motif. prekawis punika gegayutan sanget kaliyan sajarah lahiripun bathik kanthi cara sadayanipun ing Cirebon. H. Komarudin Kudiya S.IP, M.Ds, Ketua Harian Yayasan Batik Jawa Barat (YBJB) ngendika bilih: “ Motif mégamendung minangka wujud karya ingkang sanget luhuripun lan kebak teges, saéngga ngginakaken motif mégamendung prayoginipun dipunjagi kanthi saé lan dipunpanggénakan kados mesthinipun. atur punika boten maksudipun maringi wates pripun motif megamendung dipundamel, nanging langkung dhateng boten sarujukipun ngginakaken motif megamendung kanggé barang-barang ingkang sajatosipun kirang patut, kados ta pelapis sandal ing hotèl-hotèl.