Méga

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Mega)
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Mega

Méga utawa ing Basa Indonésia diarani awan yaiku kempalan tétésan banyu utawa kristal-kristal és ing atmosfér.[1] Méga iku kabèntuk saka uwab banyu kang ngluwihi keadaan jenuhé.[1]

Prosès Dadiné Méga[besut | besut sumber]

Panasé srengéngé utawa srengéngé kang terus-terusan nyorot bumi lan laut ndadékaké partikel-partikel banyu kaangkat ing langit.[2] Partikel kang karan aérosol bakal nangkep banyu kang sabanjuré mbentuk titik-titik banyu.[2] Aérosol banjur munggah maring ''atmosfér''.[2] Yèn jumlah kang kaangkat iku gedhé, partikel-partikel banyu bakal ngalami pendinginan banjur dadi embun.[2] Kumpulan titik-titk saka uwab banyu ing udara kang ngembun iku mau bakal katon dadi méga. Saya akèh embun, saya gedhé méga kang dumadi.[2]

Wujud Méga[besut | besut sumber]

Wujud méga manut dhuwuré, yaiku dipérang dadi cendhék, sedhengan, dhuwur, lan vértikal.[1]

Méga kang cendhék ana telu jinisé yaiku:

  1. Stratus
  2. Nimbostratus,
  3. Stratokumulus.

Méga kang dhuwuré sedhengan ana loro, yaiku:

  1. Altostratus
  2. Altokumulus.

Méga kang paling dhuwur ana telu jinisé, yaiku:

  1. Sirus
  2. Sirostratus,
  3. Sirokumulus.

Déné méga kang vértikal ana rong jinis, yaiku:

  1. Kumulus
  2. Kumulonimbus.

Wujudé méga ora mung kadayan déning dhuwuré utawa cendhéké méga, nanging angin uga bisa mempengaruhi.[3] Saliyané iku méga uga dibédakaké manut suhu lingkungan fisik atmosfer.[2] Manut suhu lingkungan fisik atmosfer méga dipérang dadi loro yaiku méga atis/adhem karo méga anget.[2] Méga atis/adhem iku méga kang ana ing lingkungan atmosfer kang suhuné ana ing sangisoré titik beku (< 0 °C) déné méga anget iku méga kang ana ing lingkungan ''atmosfer'' kang suhuné ana ing sadhuwuré titik beku (> 0 °C).[2]

Sesambungané Méga lan Cuaca[besut | besut sumber]

Pranyata, mega iku akèh banget pengaruhé marang cuaca.[4] Cuaca kang ekstrim dina-dina kapungkur iki pranyata kadayan ruang dumadiné méga.[4] Saliyané cuaca, témperatur udara uga ngalami owah-owahan amarga ruang dumadiné méga iku mau.[4] Anané global warming uga marakaké cuaca ora kena diprediksi kaya biyén.[5] Kanggo mangerteni udan utawa terangé dina iki nganti seminggu mengarèp bisa nggunakaké stratosfer (méga dhuwur).[5]

Cathetan suku[besut | besut sumber]