Menyang kontèn

Molière

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jean-Baptiste Poquelin
Lukisan Molière karya Nicolas Mignard
Lair15 Januari 1622
Paris, Prancis
Pati17 Fèbruari 1673
Paris, Prancis
Jeneng pènMolière
PakaryaDramawan
BangsaPrancis
Mangsa1645-1673
GènreKomedi
Karya gedhéTartuffe; The Misanthrope; The Learned Women; The School for Wives
BojoArmande Béjart
PasanganMadeleine Béjart

Jean-Baptiste Poquelin, ugi kawéntar minangka nama panggung Molière [1] ,(lair ing Paris, Prancis, 15 Januari 1622 – pati ing Paris, Prancis, 17 Fèbruari 1673 ing umur 51 taun)[2][3][4] inggih punika satunggaling dramawan lan aktor Prancis ingkang dipunwastani minangka salah satunggaling empu komèdi wonten ing kasusastraan Kulon [4].[5] Sapérangan saking karya Molière ingkang kondhang inggih punika Le Misanthrope, (The Misanthrope), L'Ecole des femmes (The School for Wives), Tartuffe ou l'Imposteur, (Tartuffe or the Hypocrite), L'Avare ou l'École du mensonge (The Miser), Le Malade imaginaire (The Imaginary Invalid), lan Le Bourgeois Gentilhomme (The Bourgeois Gentleman).

Molière punika asalipun saking kulawarga ingkang tansah cekap lan naté sekolah wonten ing Jesuit Clermont College (sapunika Lycée Louis-le-Grand), Molière punika panci tiyang ingkang trep kanggé nggarap babagan teater. Pengalaman kanthi dangu tigawelas taun minangka aktor mubeng ndadosaken keprigelan anggènipun ing donyaning komedi nalika piyambakipun ugi wiwit nyerat, nggabungaken unsur-unsur Commedia dell'Arte kaliyan komèdi Prancis ingkang langkung inggil.[6]

Lantaran pambiyantu sapérangan aristokrat kalebet adhi kandung Louis XIV, Molière medal wonten ing pagelaran ingkang dipuntanggap déning sang Raja ing Louvre [7]. Nglakonaken satunggaling drama klasik karya Pierre Corneille lan satunggaling ''farce'' karyanipun piyambak, Le Docteur amoureux (The Doctor in Love), Molière pikantuk ngginakaken ruwang Salle du Petit-Bourbon ing Louvre, satunggaling aula kanggé manéka pagelaran teater. Lajeng, Molière pikantuk ngginakaken Palais-Royal. Ing kalih papan mau piyambakipun pikantuk atur sapala saking para warga Paris kanthi drama-drama kados ta Les Précieuses ridicules [1] (The Affected Ladies), L'École des maris (The School for Husbands) lan L'École des femmes (The School for Wives). Saénipun pihak astana punika lajeng medalaken dana pènsiyun kanggé kelompokipun lan gelar "Troupe du Roi" (Kelompok Teater Raja). Molière lajeng nyambut damel minangka panyerat resmi kanggé adicara panglipur astana.[8]

Sanajan Molière punika dipunremeni déning pihak astana lan warga Paris, satir-satir karya Molière punika mancing kritik saking kaum moralis lan pihak Gréja. Tartuffe ou l'Imposteur (Tartuffe or the Hypocrite)[9] lan seranganipun marang kamunafikan religius tansah pikantuk kecaman saking pihak Gréja [10] déné Don Juan dipunpenging pentas. Upayanipun Molière ing manéka bab lan profesi ing donyaning teater wiwit nganggu kasarasanipun lan ing taun 1667, Molière kedah ngaso saking donyaning panggung. Ing taun 1673 nalika méntasaken karya pungkasanipun Le Malade imaginaire (The Imaginary Invalid), Molière, ingkang gerah TBC paru-paru, ujug-ujug watuk tanpa mandeg nalika meranaken dados Argan ingkang gerah hipokondria [11]. Piyambakipun ngrampungaken pagelaran mau nanging banjur semaput lan tilar donya [12]. Nalika gesangipun wonten ing Paris, Molière saestu damel reformasi Prancis.[8]

Pagesangan

[besut | besut sumber]

Putra saking ahli dékorasi interior (tapissier) Jean Poquelin, keturunan satunggaling kulawarga ageng penyadé saking Beauvais lan Marie Cressé, putri saking satunggaling kulawarga borjuis, Jean Baptiste Poquelin kélangan ibunipun nalika umur 10 taun [13] lan katingalipun boten celak kaliyan bapakipun. Bibar ibunipun séda, piyambakipun manggèn kaliyan bapakipun wonten ing nginggilipun Pavillion de Singes di rue Saint-Honoré ing satunggaling wewengkon èlit Paris. Prakiraan paling ageng punika pendidikanipun kawiwitan ing sekolah omahan ing Paris; lajeng piyambakipun ketampi wonten ing Jesuit College de Clermont ingkang bergengsi. Wonten ing mriku piyambakipun ngrampungaken sekolahipun ing lingkungan akademis ingkang ketat lan kaku [14].

Nalika umur 18 taun Jean Poquelin sampun ngatur supados putranipun marisi gelaripun ("Tapissier ordinaire de la chambre du Roi") ingkang sampun piyambakipun tumbas saking asil saking nyambut damel wonten ing proyek pawiyaran ruwang-ruwang astana ingkang dipunprakarsani déning Richelieu. Gelar mau namung mbetahaken nyambut damel 3 wulan lan ongkos wiwitan 1200 livre; gelar mau kanthi gaji 300 livre setaun lan lan maringi sapérangan kontrak ingkang mbathèni. Poquelin enèm ugi naté ngangsu kawruh minangka pengacara provinsi nalika taun 1642[15], ing Orléans, nanging boten dipunsebataken menapa piyambakipun lulus menapa boten. Kala punika piyambakipun ndhèrèk menapa gegayuhan bapakipun. Piyambakipun naté srawung kaliyan kalangan ningrat lan kadosipun pakaryan ingkang saé sampun samekta, mangsa ngajeng ingkang saé kanggé priyantun enèm kanthi umur 20 ing Prancis abad kaping 17. Lajeng Molière dados boten remen malih kaliyan gegayuhan bapakipun. Nalika umur 21 taun piyambakipun langkung milih nyambut damel ing donyaning panggung. Ing wulan Juni 1643 piyambakipun nilaraken kalungguhan sosial lan rencana kulawarga kanggé mangsa ngajengipun lajeng ing donyaning teater [15]. Bibar nilaraken bapakipun, piyambakipun gabung kaliyan Madeleine Béjart ingkang ayu ingkang naté kaloka lajeng damel L'Illustre Théâtre mawi béaya 630 livre. Sedhèrèk-sedhèrèk boten dangu lajeng ugi gabung.

Kelompok teater ingkang nembé jumeneng mau bangkrut ing taun 1645[14][15]. Molière sampun dados pimpinan golongan mau, amargi sapérangan kesagedan akting lan pendidikan hukumipun. Nanging golongan mau gadhah utang ingkang ageng [15], sapérangan ageng kanggé béaya nyéwa papan pagelaran (satunggaling lapangan tenis kanggé Jeu de Paume) saéngga gadhah utang 2000 livre. Para ahli sajarah kathah ingkang bènten pamanggihipun babagan sinten ingkang nglunasi utang mau, bapakipun utawi pacar saking salah satunggal anggota golongan mau ; ingkang kedah dipuncathet punika bibar 24 mlebet kunjara, Molière aktif malih wonten ing donyaning kagunan peran. Kala punika Molière wiwit ngginakaken pseudonim (sesinglon) Molière, punika saged ugi kainspirasi déning satunggaling désa alit kanthi nama sami ing wewengkon Prancis Kidul ingkang celak kaliyan Le Vigan. Prakiraan piyambakipun ngewahi namanipun kanggé njagi namanipun sang bapak saking isin amargi gadhah satunggaling aktor ing kulawarganipun (profesi aktor, sanajan boten dipunanggep andhap déning nagara ing mangsa pamaréntahan Louis XIV[15], taksih kénging dipunkubur ing pamakaman umum).

Bibar sampun bébas saking kunjara, Molière lan Madeleine ngawontenaken pagelaran teater mubengi provinsi. Pagesangan ingkang kados makaten kelampahan kirang langkung 12 taun, wiwitanipun Molière namung dolanan Charles Dufresne lajeng damel kelompokipun piyambak ingkang sukses lan pikantuk panjurung saking rayi kandhung Raja, Philippe d'Orléans. Wonten sapérangan karya ingkang taksih wonten ing mangsa sapunika ingkang dipundokumentasiaken déning La Grange. Ingkang paling patut punika L'Etourdi lan Le docteur amoureux. Kanthi kalih karya punika Molière lajeng nilaraken prabawa Commedia dell'arte Italia kanthi gaya improvisasi ingkang sampun mlebet ing karyanipun ingkang wiwitan lan nedahaken kapinteran anggènipun ngolok-olok ingkang samangké dados andelanipun. Wonten ing lelampahan piyambakipun kepanggih kaliyan Pangeran Conti, gubernur Languedoc ingkang dados panyokongipun lan maringi nama kelompokipun kanthi nama sang Pangeran. Kekancan punika lajeng kapungkasan, nalika Conti bibar kénging sifilis (kasil saking nelasaken dalu kaliyan pelacur, sanès kaliyan gundikipun) gadhah upaya nyelakaken piyambakipun kaliyan agami supados énggal waras saking penyakitipun. Conti ngangkat satunggaling penasihat keagaaman, trep kaliyan pakulinan ing jaman mau ingkang menging piyambakipun srawung lan nyokong aktor kanggé gabung kaliyan mungsuh-mungsuh Molière wonten ing Parti des Dévots lan Compagnie de Saint Sacrement [16].

Ing Lyon, Mademoiselle Duparc ingkang dipunmangertosi minangka Marquise gabung kaliyan golongan Molière. Kala punika Marquise terus dipuncelaki kanthi sia-sia déning Pierre Corneille lajeng dados pasangan Jean Racine. Racine nawekaken karya tragedinipun Théagène et Chariclée dhateng Molière (satunggal saking sapérangan karya wiwitan ingkang dipunserat Racine bibar nilaraken studi téyologi), nanging Molière boten purun mentasaken, sanajan piyambakipun nguyak Racine supados tansah nguyak kariripun. Boten dangu bibar punika Molière dukha marang Racine nalika dipunmangertosi bilih Racine kanthi ndelik-ndelik sampun ngandharaken karya tragedinipun dhateng golongan teater Hôtel de Bourgogne [17].

Dugi ing Paris

[besut | besut sumber]

Molière kepeksa dugi ing Paris kanthi bertahap, manggèn wonten ing njawi pinten minggu kanggé ngakrabaken piyambakipun kaliyan kaum ingkang terpandang lan nengga supados reputasinipun nyebar ing Paris. Molière dugi ing Paris nalika taun 1658 lan péntas wonten ing ngajengipun Raja ing Louvre (rumiyin dipunséwakaken minangka papan pagelaran) wonten ing karya tragèdi Corneille kanthi irah-irahan Nicomède lan wonten ing satunggaling farce kanthi irah-irahan Le docteur amoureux (The Doctor in Love) lajeng suksès. Piyambakipun pikantuk gelar Troupe de Monsieur (Monsieur ingkang dipunmaksud punika rayi kandhung Raja) lan kanthi pambiyantu saking Monsieur, kelompokipun gabung ing satunggaling golongan Commedia dell'arte kondhang saking Italia. Piyambakipun dados kondhang sanget ing kelompokipun, Petit-Bourbon, lan ing tanggal 18 Novèmber 1659, piyambakipun méntasaken pagelaran perdana Les Précieuses Ridicules (The Affected Young Ladies)[14][16].

Les Précieuses Ridicules punika ingkang kapisan saking sapérangan karya Molière anggènipun damel satir ngèngingi tumindak lan éthok-éthok tartamtu wonten ing masarakat ingkang kathah kadadosan ing Prancis. Kalangan wiyar nampi panyaruwé bilih alur saking cariyos punika dhedhasar Le Cercle des Femmes karya Samuel Chappuzeau saking taun 1656. Molière intinipun nyindir Académie Française, satunggaling 'organisasi' ingkang dipundamel déning Richelieu kanggé ngorganisir lan damel klasifikasi paugeran-paugeran kanggé donyaning téater Prancis ingkang nembé mekar, lan dipunaturaken supados sadaya gadhah kaseragaman wekdal lan tumindak, gaya bersajak. Molière asring dipungayutaken kaliyan andharan bilih komèdi punika castigat ridendo mores utawi "ngritik adat-istiadat ngginakaken humor" satunggaling pocapan ingkang sajatosipun dipundamel déning tiyang ingkang gesang satunggal mangsa kaliyan Molière, Jean de Santeuil lan kadang kala dipunwastani minangka peribasa Latin lawas.

Pucuking kamasyhuran

[besut | besut sumber]
Patung the Hôtel de Ville of Paris

Sanajan remenipun punika marang tragedi ingkang sampun piyambakipun cobi majengaken lantaran Illustre Theatre, Molière dados kondhang amargi karya-karya farce-nipun, ingkang padatanipun kapérang dados satunggal babak lan dipunpentasaken bibar drama tragedi. Sapérangan saking drama farce punika namung sapérangan ingkang sinerat lan dipunpentasaken ngginakaken gaya Commedia dell'arte mawi improvisasi ingkang dipunlampahi dhedhasar canovaccio (garis besar carita). Piyambakipun ugi nyerat kalih komedi mawi sajak, nanging karya-karya mau boten patia sukses lan dipunwastani boten patia wigati. Ing salajengipun Molière konsèntrasi nyerat komedi musikal, déné pageleran drama dipunbarengi kaliyan tetembangan lan jogèd utawi gabungan saking kalih mau.

Les Précieuses ridicules paring Molière kawigatosan lan panyaruwé saking kathah tiyang, nanging karya mau kirang kondhang. Piyambakpun lajeng nyuwun marang kanca saking Italia Tiberio Fiorelli ingkang kondhang amargi karyanipun Scaramouche, supados mulang tèhnik-tèhnik Commedia dell'arte. Karyanipun ing taun 1660 Sganarelle, ou le Cocu Imaginaire (The Imaginary Cuckold) kadosipun kalebet pakurmatan kanggé Commedia dell'arte lan kanggé ara-araipun[15]. Tema gayutan perkawinan wonten ing naskah mau ndramatisir pamikiran Molière babagan kapalsunan ingkang dipunkandhut ingkang hubunganipun antar manungsa. Pamikiran punika katingal wonten ing karya-karya salajengipun lan dados sumber ilham kanggé para panyerat bibaripun kalebet (saking babagan sanès lan kanthi akibat ingkang bènten) Luigi Pirandello[15]. Karya punika nggambaraken satunggaling kucing-kucingan kaih pasangan ingkang saben pasangan rumaos dipunkhianati déning pasangan ingkang satunggalipun lan kalebet ingkang kapisan wonten ing 'Jealousy series' (cariyos merinan) karya Molière ingkang kalebet wonten ing jeronipun Dom Garcie de Navarre (boten sukses), L'École de Maris lan L'École des femmes [15].

Ing taun 1661 supados damel remenipun ingkang nyokong, Monsieur ingkang saèstu remen ing donyaning panglipur lan kagunan saéngga kasingkir saking masalah nagara, Molière nyerat lan mentasaken Dom Garcie de Navarre, ou le Prince Jaloux (The Jealous Prince), satunggaling komedi heroik ingkang kailhami satunggaling karya Cicognini. Kalih koemdi sanèsipun ing taun ingkang sami punika L'École des Maris [15] (The School for Husbands) ingkang sukses sanget Les Fâcheux, mawi sub-sesirah Comédie faite pour les divertissements du Roi (komedi kanggé remenipun Raja) amargi dipunpéntasaken wonten ing pista ingkang dipunwontenaken déning Nicolas Fouquet kanggé paring pakurmatan marang sang panguwaos [18]. Adicara panglipur punika damel Jean-Baptiste Colbert nuntut supados Fouquet dipuncekel amargi nelasaken artanipun masarakat lan piyambakipun kaumur seumur uripipun.

Nalika taun 1662 Molière pindhah dhateng Théâtre du Palais-Royal[15] taksih kaliyan kanca-kancanipun saking Italia lajeng krama kaliyan Armande, ingkang piyambakipun dipunanggep dados rayi kandungipun Madeleine. Nanging prakiraan Armande punika mbok manawa kputri karam Madeleine saking hubunganipun kaliyan Duc of Modène. Wonten ing taun ingkang sami piyambakipun méntasaken L'École des Femmes (The School for Wives)[19] ingkang langsung dipunsebat minangka satunggaling adhikarya [19]. Drama punika nyindir babagan pendidikan minim ingkang dipunparingaken marang putri-putri saking kulawarga ingkang sugih lan nedahaken gesangipun Molière piyambak [19]. Karya mau lan pagesangan anggènipun omah-omah punika pikantuk kathah kecaman. Péntas mau medalaken protès ingkang dipunwastani "Quarrel of L'École des femmes." Saking sisih artistik Molière nanggepi kanthi kalih karya ingkang boten patos kondhang: La Critique de "l'École des Femmes", wonten ing mriku piyambakipun mbayangaken para pamirsa karya-karya sadèrèngipun rawuh ing mriku. Pérangan punika kadosipun mbetahaken andharan: karya punika nyindir tiyang ingkang sampun ngritik L'Ecole des Femmes kanthi cara nedahaken ing dalu bibar mirsani pagelaran mau; karya punika mangsuli sadaya kritik ingkang naté dipunandharaken babagan paméntasan mau kanthi cara nyajèkaken arguman para pangritik lajeng dipunwangsuli[19]. Punika ingkang dipunwastani Guerre Comique (Perang Komedi) déné pihak oposisi punika kaisi déning panyerat-panyerat kados Donneau de Visé, Edmé Boursault, lan Montfleury [19].

Nanging lawan ingkang langkung tememen punika nembé dipundhapuk, kanthi punjer marang pamikiran pulitik lan pagesangan pribadi Molière. Satunggaling golongan kanthi nama parti des Dévots medal ing kalangan inggil Prancis ingkang mrotes "realisme sastra" lan boten sopanipun Molière ingkang kebangeten amargi damel isin pihak tartamtu. Tiyang-tiyang mau nuduh krama kaliyan putrinipun piyambak. Pangéran Conti, ingkang rumiyin punika kanca raketipun Molière, gabung ing golongan punika. Molière ugi gadhah mungsuh sanès ing antawisipun para Jansenist lan sapérangan panyerat tradhisional. Nanging Raja nedahaken kasetyanipun marang Molière, kanthi maringi dana pènsiyun lan ugi sarujuk dados bapak baptis putra kapisan Molière. Boileau ugi njurung lantaran andharan-andharan ingkang piyambakipun lebetaken ing Art Poétique karyanipun.

Kekancanan antawisipun Molière kaliyan Jean Baptiste Lully paring prabawa kanggé nyerat Le Mariage Forcé lan La Princesse d'Élide kanthi sub-sesirah Comédie galante mêlée de musique et d'entrées de ballet (komedi mawi semangat campur musik lan sajian balet), kaserat minangka "divertissements" (panglipur) astana ing Versailles. Le Tartuffe, ou L'Imposteur ugi dipunpentasaken ing Versailles nalika taun 1664 lan damel skandal paling ageng wonten ing karier kagunan Molière [20]. Panggambaran wonten ing naskah mau babagan kamunafikan golongan ingkang gadhah kuwaos dipunwastani minangka penghinaan [21] lan dados debat. Naskah punika ugi ngemu dhukanipun kaum Jansenist lajeng drama mau dipunpenging péntas.

Moliére tansah ngatos-atos supados boten nyerang institusi monarki lan kuwaosing Gréja. Piyambakipun pikantuk kalenggahan minangka salah satunggal tiyang ingkang dipunremeni déning Raja. Konon, sang Raja paring pamrayogi supados mbatalaken pamentasan Tartuffe, lan sang dramawan kanthi rikat nyerat Don Juan, ou le Festin de Pierre minangka gantosipun. Naskah mau kalebet satunggaling karya ingkang anes, dhedhasar karya Tirso de Molina lan kailhambi cariyos gesangipun Giovanni Tenorio, kaserat ing prosa ingkang raosipun taksih modhèren dumugi sapunika. Karya punika nyariyosaken satungalingateis ingkang dados munafik ing agami saéngga dipunukum déning Gusti. Sang Raja, pisan malih njagi lan dados penyokong resmi kanggé golongan Molière. Kanthi musik karya Lully, Molière mentasaken L'Amour médecin (Love Doctor utawi Medical Love utawi Dhokter Cinta). Sub-sesirah kanggé paméntasan punika ngandharaken bilih karya punika dipundamel par ordre du Roi, awit saking dhawuhipun Raja, lan karya punika katampi kanthi saé tinimbang ingkang rumiyin.

Jean-Léon Gérôme nggambaraken anekdot Romantik boten mawi alesan wonten pundi Louis XIV nawekaken Molière kanggé mbagi dhaharan, wonten ing satunggaling lukisan damelan taun 1863

Nalika taun 1666, Le Misanthrope dipunpéntasaken. Karya punika dipunwastani minangka adikarya Molière ingkang radi sampurna, karya ingkang wonten kandhutan moral nanging poten patos dipunregani ing jaman mau. Karya punika ngewahi pandhangan Donneau de Visé, ingkang remen kaliyan pagelaranaipun. Nanging kanthi komersial karya punika boten sukses, meksa Molière supados éngal-énggal nyerat Le Médecin malgré lui (The Doctor Despite Himself), satunggaling satir dhumateng ngèlmu-ngèlmu alam ingkang resmi. Karya punika sukses sanajan wonten pandangon moral déning Pangeran Conti, paring pandangon marang téater limrahipun lan mliginipun Molière. Wonten ing sapérangan karyanipun, Molière nggambaraken dhokter-dhokter ing zamanipun minangka tiyang ingkang gumedhé ingkang boten pinter ngginakaken Basa Latin kanggé medalaken kesan terpelajarla namung mangertos clyster lan pendarahan minangka pangobatan ingkang boten èfèktif.

Bibar Mélicerte lan Pastorale Comique piyambakipun nyobi malih méntasaken Tartuffe nalika taun 1667 mawi irah-irahan Panulphe utawi L'imposteur. Nalika Raja nilaraken Paris kanggé lelampahan mubeng, Lamoignon lan Biskop Agung mbredel paméntasan mau. Raja lajeng maringi langkung kathah kalonggaran marang Tartuffe pirang taun salajengipun, bibar piyambakipun langkung gadhah kuwaos saking pihak Gréja. Molière lajeng gerah lan kirang produktivitasipun. Le Sicilien, ou l'Amour Peintre dipunserat kanggé karaméan ing Astana Saint-Germain kalajengaken ing taun 1668 déning Amphitryon ingkang elegan lan cetha kailhami déning versi Plautus nanging kanthi parumpamaan marang selingkuhing Raja. George Dandin, ou le Mari Confondu (The Confounded Husband) boten patos katampi nanging malah sukses lantaran L'Avare (The Miser) ingkang sapunika kathah dipuntepangi. Sareng kaliyan Lully piyambakipun ngginakaken malih musik kanggé Monsieur de Pourceaugnac, kanggé Les Amants Magnifiques, lan pungkasan kanggé Le Bourgeois gentilhomme (The Middle Class Gentleman), satunggal malih adikaryanipun. Karya punika katujukaken kanthi langsung marang Colbert, mantri menjarakaken panyokong lawasipun, Fouquet. Kolaborasi kaliyan Lully kapungkasan kanthi tragédie et ballet, Psyché dipunserat sareng kaliyan Pierre Corneille lan Philippe Quinault. Ing taun 1672, Madeleine Béjart tilar donya lan sansaya nambah kasengsaran Molière amargi kélangan lan penyakitipun sansaya parah. Sanajan makaten, piyambakipun nyerat karya sukses Les Fourberies de Scapin (Scapin's Schemings) satunggaling farce lan komedi ing 5 babak. Karya salajengipun, La Comtesse d'Escarbagnas dipunwastani minangka salah satunggal karyanipun ingkang boten patos sukses. Les Femmes savantes (The Learned Ladies) ing taun 1672 dados salah satunggaling adikarya Molière. Karya punika lair saking kabusakipun pangginaan legal unsur musik ingteater, amargi Lully sampun damel hak paten awit saking opera ing Prancis dados Molière kapeksa kondur dhateng genre tradisionalipun. Karya punika sukses lan kalajengaken ing karya pungkasanipun ingkang kathah dipunpuji déning tiyang sanès. Ing mangsa 14 taun manggenipun ing Paris, Molière piyambakan nyerat 31 saking 85 pagelaran ingkang dipunpéntasaken ing panggung sinambi ngatur golongan téateripun.

Tilar donya

[besut | besut sumber]
Makam Molière ing Le Père Lachaise Cemetery. Makam La Fontaine katingal ing wingking.

Molière gerah TBC paru-paru, prakiraan lelara kénging lelara mau nalika piyambakipun dipunpenjara amargi ngutang nalika taksih enèm. Salah satunggaling prastawa ingkang paling masyur ing pagesanganipun Molière punika wekdal ingkang pungkasan ingkang lajeng dados legénda: piyambakipun boten séda ing panggung nalika méntasaken Le Malade Imaginaire (The Hypochondriac). Piyambakipun dhawah lajeng watuk lan pendarahan [11]. Raja Louis XIV nyuwun supados piyambakipun Molière ngaso nanging Molière tetep péngin ngrampungaken pagelaranipun, lajeng bibar punika Molière dhawah malih lan pendarahan saéngga séda pinten jam salajengipun ing griyanipun. Molière séda tanpa dipunparingi sakramen amargi kalih pandhita nampik dugi lan ingkang kaping 3 telat. Konon, kala punika Molière ngagem busana mawi warna ijo, lajeng medal mitos bilih warna ijo punika damel nasib ingkang awon kanggé aktor [16].

Minangka satunggaling aktor, déning ukum ing mangsa punika piyambakipun boten kénging dipunkubur ing pamakaman umum. Garwanipun Armande nyuwun marang Raja Louis XIV supados pikantuk ngawontenaken upacara panguburan kanthi limrah ing dalu. Raja sarujuk lan Molière dipunkubur ing wewengkon pamakaman ingkang samekta kanggé bayi-bayi ingkang dèrèng dipunbabtis. Ing sapérangan cariyos babagan sédanipun Molière, wonten langkung saking 800 tiyang ingkang dugi ing pamakaman "rahasia" Molière.[butuh sitiran] Ing taun 1792 jasadipun ingkang kantun dipunbeta ing musiyum monumèn Prancis lan ing taun 1817 dipunpindhah dhateng Le Père Lachaise Cemetery, Paris ing celakipun makam La Fontaine.

Sapérangan kritikus mastani Molière nyerat naskah dramanipun agé-agé lan boten njagi gaya ingkang konsistèn[22]. Para kritikus nedahaken tata basa lan parumpamaanipun ingkang asring klèntu lan pangginaan tetembungan kanggé njangkepi pacelathon.[17][22]

Sanajan para pamikir konvensional, para pemimpin agama, lan para praktisi mèdis ing jaman Molière ngritik karyanipun, pamikiran mau boten saèstu nutupi kondhangipun ing kalangan umum. Dramawan lan golongan sanès wiwit niru gaya dramatisasi ing Inggris lan ing Prancis. Karya-karya Molière tansah pikantuk tanggepan ingkang saé ing Inggris nalika abad kaping 18, nanging karya-karyanipun boten patos dipuntampi ing Pranscis. Nanging nalika mangsa Restorasi Prancis abad kaping 19, komèdi-komèdi Molière dados kondhang. Tiyang mawi ilèn Romantik remen marang Molière lan karyanipun amargi individualisme boten umum ingkang wonten ing jeronipun. Cendekiawan abad kaping 20 tansah kearik marang pérangan kados makaten dhateng Molière lan karyanipun sarta tansah nyinaoni bab-bab ingkang wonten gegayutan kaliyan dramawan punika[23]. Kathah kritikus ingkang sapunika mindhah kawigatosanipun saking dampak filosofis, religius, lan moral karya-karya komedi Molière dados studi ingkang langkung obyèktif marang tèhnik komedinipun.[23]

Prabawaipun marang kabudayan Prancis

[besut | besut sumber]

Molière dipunwastani minangka kréator komèdi modhèren Prancis. Kathah tembung utawi ukara ingkang dipun-ginakaken wonten ing karya-karya Molière taksih dipun-ginakaken wonten ing Basa Prancis sapunika:

  • Satunggaling tartuffe punika tiyang ingkang munafik, mliginipun tiyang munafik ingkang éthok-éthok gadhah moral utawi religius.
  • Satunggaling harpagon, dipunparingi nama dhedhasar paraga baku saking The Miser, tiyang ingkang kikir sanget.
  • Patung sang Komandan (statue du Commandeur) saking Don Juan dipun-ginakaken minangka perumpamaan saking kategasan ingkang kaku (raide comme la statue du Commandeur).
  • Wonten ing Les Fourberies de Scapin, Babak II, Adegan 7, Géronte disuwuni arta kanggé nebus putranipun, ingkang nembé dipunsekap wonten ing kapal (galley). Piyambakipun matur, "Nembé menapa piyambakipun ing kapal punika?" ("Que diable allait-il faire dans cette galère?"). Tembung galère ("galley") dipun-ginakaken wonten ing Basa Prancis sapunika ingkang ateges "urusan bertélé-télé lan nglarani".
  • Wonten ing Le Bourgeois Gentilhomme, paraga mliginipun M. Jourdain nggubah satunggaling layang katresnan kados makaten: "Nyonya bangsawan ingkang ayu, matamu ingkang éndah gawé aku mati amarga katresnan" ("Belle marquise, vos beaux yeux me font mourir d'amour"). Piyambakipun lajeng nyuwun guru filsafatipun kanggé nata malih ukaran mau ingkang dipunlampahi kanthi cara molak-malik sadaya tembung mawi manéka kombinasi ingkang wonten ("Nyonya bangsawan ingkang ayu, saking tresna," dsb.). M. Jourdain lajeng nyuwun pirsa pundi pendhapuking tembung ingkang saé piyambak lan ara-araipun mangsuli bilih ingkang saé punika ingkang kapisan. Frase "Belle marquise..." sapunika dipun-ginakaken kanggé nedahaken bilih kalih ukara ingkang béda gadhah teges ingkang sami.
  • Satunggaling filem Prancis ingkang kanthi longgar dhedhasar pagesanganipun Molière mawi dipunbintangi déning Romain Duris, Fabrice Luchini lan Ludivine Sagnier, kanthi irah-irahanMolière [1], dipunputer ing taun 2007. Satunggaling filem Prancis sanès mawi irah-irahan ingkang sami [2], sutradaranipun déning Ariane Mnouchkine lan langkung akurat anggènipun nyawijèkaken data kanthi jangkep lan menangaken Palme D'Or ing Festival Film Cannes taun 1978[24].

Pratélan karya-karya ingkang ageng

[besut | besut sumber]

Cathetan suku

[besut | besut sumber]
  1. a b Les précieuses ridicules karya Molière[pranala mati permanèn], (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  2. a b c d MOLIERE - French Dramatist, (dipunakses tanggal 11 April 2013)
  3. Moliere biography Archived 2013-03-02 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  4. a b Molière (Introduction), (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  5. Hartnoll, p. 554. "Author of some of the finest comedies in the history of the theater." and Roy, p. 756. "...one of the theatre's greatest comic artists."
  6. Roy, p. 756.
  7. a b Molière Biography - By Janice Paran Archived 2011-11-13 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  8. a b Roy, p. 756-7.
  9. Last plays, (dipunakses tanggal 16 April 2013)
  10. Tartuffe, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  11. a b Molière (1622-1673) - pseudonym of JEAN BAPTISTE POQUELIN Archived 2013-03-30 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  12. Molière, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  13. Beginnings in theatre, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  14. a b c Moliere, (dipunakses tanggal 11 April 2013)
  15. a b c d e f g h i j MoliÈre Biography, (dipunakses tanggal 12 April 2013)
  16. a b c d Molière Facts, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  17. a b c MOLIÈRE AND THE CRITICS, (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  18. Jean Baptiste Poquelin Moliere, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  19. a b c d e Scandals and successes, (dipunakses tanggal 14 April 2013)
  20. Harassment by the authorities, (dipunakses tanggal 16 April 2013)
  21. Tartuffe Archived 2016-03-10 at the Wayback Machine., (dipunakses tanggal 9 April 2013)
  22. a b A Short History of the Drama. Martha Fletcher Bellinger. New York: Henry Holt & Company, 1927. pp. 178-81.http://www.theatredatabase.com/17th_century/moliere_001.html
  23. a b "Molière: Introduction." Drama Criticism. Ed. Linda Pavlovski, Editor. Vol. 13. Gale Group, Inc., 2001. eNotes.com. 2006. <http://www.enotes.com/drama-criticism/moliere>
  24. About Moliere the Movie, (dipunakses tanggal 12 April 2013)

Pranala njawi

[besut | besut sumber]
Wikisource
Wikisource
Wikisource basa Inggris ndarbeni kaca perkawis