Menyang kontèn

Opera

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Opera yaiku jeneng Italia kanggo drama kang diwujudaké musik (vokal, instrumental, lan kala-kala disartani jogèd utawa beksan), asipat kadonyan.[1]

Opera House kang misuwur ing Paris

Opera ing Italia

[besut | besut sumber]

Florence

[besut | besut sumber]

Opera wiwit ngrembaka kang pisanan ing Florence utawa Italia Lor.[2] Ing ngisor pimpinan ksatria kang jenengé Giovani Bardi, pangeran ing Vernio (1534-1614).[2] Dené, dhèwèké ora arep nyiptakaké jinis musik anyar (opera), nanging mung kepéngin minangka drama Yunani kang muniné uga nggunakaké musik.[2] Asal-usul opera cukup prasaja (prasaja): drama Yunani kang pertalan Itali dideklamasikaké karo tembang solo vokal karo iringan pira-pira piranti musik.[2]

Venetia

[besut | besut sumber]

Ing Venetia, ana komponis kang nyempurnakaké wujud musik iki, yaiku Claudio Monteverdi.[3] Monteverdi lair ing kutha Cremona (Italia Lor) kang misuwur kanthi kutha panggawé piyul.[3] Jasa Monteverdi yaiku dhèwèké usaha kanggo ngungkapaké makna ing jero musik.[4] Opera kang kapisan karangan Monteverdi duwé irah-irahan Orfeo taun 1607.[4] Opera iki dipentasake kapisan ing Mantua ing dina tanggap warsané Fr. Gonzaga.[4]
Pietro Francesco Cavalli yaiku komponis opera saliyané Monteverdi.[5] Gayané rada dramatis, tuladhané ing opera II Giasone.[5]
Pietro (Marc) Antonio Cesti yaiku komponis liya ing Venetia.[5] Nyiptaaké musik kang luwih duwé sipat lyris.[5]

Ciri Khas Opera Venetia

[besut | besut sumber]

Opera gaya Venetia sugih ing resitatif lan accompagnato (liris utawa dramatis), arioso lan aris (kanthi iringan cembalo utawa orkes, ansambel).[5] Nanging, paduan swara lan balèt ora ana amarga babagan biaya.[5]
Liberatto utawa teks opera racaké dicétak lan didol kanggo diwaca saksuwéné opera karo lilin kanggo dilah.[5]

Ing Roma, ngrembaka siji gaya khas, yaiku Opera Rohani.[5]. séje iku, Roma uga dadi panggonanan lairé opera buffa utawa opera jenaka.[5]

Napoli ing akir abad-17 miwiti dadi pusat vokal, amarga ing kéné ana papat konservatori sarta sekolah-sekolah vokal swasta kang misuwur ing Éropah.[5]
Komponis-komponis kang misuwu saka Opera-Napoli racaké dipérang dadi 3 golongan:

Opera ing Prancis

[besut | besut sumber]
  • Ballet de Cour

Ballet de cour yaiku jogèd pura.[6] Jinis kagunan iki ditujokaké kanggo pujian marang sang Raja, awujud adegan-adegan kang ditarékaké utawa ditembangakè utawa disajekaké kanthi cara akrobat.[6]

  • Pastorale
  • Comédie-Ballet

lumebu ing jinis balet komedi.

  • Tragédie Lyrique (tragedi liris)
  • Opera-Balet

Pelopor opera-balet yaiku Jean-Philippe Rameau (1683-1764).[6] Rameau ngarang 26 Opera, nanging musiké ora diterima kabéh pihak.[6]

Opera ing Inggris

[besut | besut sumber]

Ing wiwitan abad 17 ing Inggris wis ana siji pelopor opera kang istilahé Masque.[6] Diarani kaya mangkono, sebab para peran migunakaké topeng (masque).[6] Masque ngalami mangsa jaya wektu pementasan The Triumph of Peace kang naskahé dikarang déné Shirley.[6] Musiké ditulis William Lawes lan Simon Ives.[6]

  1. Kodijat, Latifah. 1989. Istilah-istilah Musik.. Jakarta: Djambatan.
  2. a b c d Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 16
  3. a b Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 18
  4. a b c Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 19
  5. a b c d e f g h i j k l m Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 21-26
  6. a b c d e f g h Prier, Karl-Edmund. 1993. Sajarah Musik Jilid 2. Jogjakarta: Pusat Musik Liturgi. hal: 27-33