Leonardo da Vinci

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Leonardo Da Vinci)
Leonardo da Vinci
Leonardo da Vinci
Latar wuri
Lair Vinci, Florence, tlatah KESAWAN nagara Italia 15 April 1452
Pati 2 Mèi 1519
Pakaryan Seniman

Leonardo da Vinci (15 April 14522 Mèi 1519) punika satunggiling arsitèk, musikus, juru cipta, juru patung, lan juru lukis Renaisans Italia. Piyambakipun asring dipun-gambaraken arketipe sajati "manungsa renaisans" kaliyan tiyang jenius univèrsal. Leonardo ugi misuwur déning lukisanipun amargi saé sanget kados ta Jamuan Terakhir lan Mona Lisa. Leonardo ugi kawentar amargi kathah ndamel disain riptan utawi ciptaan ingkang ngantisipasi tèknologi modern nanging langka ingkang dipundamel nalika gesangipun. Sanèsipun punika, piyambakipun ugi ndhèrèk majengaken ngèlmu anatomi, astronomi, kaliyan teknik sipil.

Latar Wuri[besut | besut sumber]

Leonardo lair warsa 1452 wonten ing kitha Vinci, provinsi Firenze, Italia putra saking Ser Piero Da Vinci kaliyan Caterina, dados nama jangkepipun inggih punika Leonardo di Ser Piero da Vinci ingkang surasanipun Leonardo putra Ser Piero asal saking kitha Vinci.

Wonten ing warsa 1476 piyambakipun kadakwa kanthi kasus homoseksual kaliyan satunggaling model jaler ingkang yuswa welasan taun, namanipun Jacopo Saltarelli. Ngantos sawatawis wekdal Leonardo tansah wonten ing ngandhap pengawasan ingkang gadhah wewenang [1].

Nalika taksih alit, piyambakipun sampun sinau nglukis dhumateng Andrea del Verrocchio lan wiwit nglukis wonten ing Firenze. Ing warsa 1481 Leonardo ngalih dhateng kitha Milan saperlu nyambut damel kanggé satunggiling Adipati wonten ing mrika. Leonardo ngasilaken Mahakaryanipun, Jamuan Terakhir, wonten ing warsa 1495 sdumugi warsa 1497.

Leonardo da Vinci séda ing Clos Lucé, Perancis tanggal 2 Mèi 1519, lajeng dipunsarèaken wonten di Kapel St. Hubert ing Kastel Amboise, Perancis.

Pranala njawi[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Saslow, Ganymede in the Renaissance: Homosexuality in Art and Society, 1986, p.197