Makutha Rama

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Penggambaran Wejangan Hastha Brata déning Begawan Kesawasidhi dhumateng Raden Arjuna, foto karya Herjaka HS taun 2008

Kawruh Makutha Rama[besut | besut sumber]

Makutha Rama inggih punika satunggaling lampahan wonten ing salebeting cariyos pewayangan. Makutha Rama kadadosan saking kalih tembung inggih punika Makutha tuwin Rama.[1] Makutha tegesipun ageman ratu ingkang mapan wonten mustaka, déné Rama punika kapendhet saking asma salah satunggaling naléndra saking nagari Ayodya garwanipun Dèwi Shinta.[1] Saéngga tembung Makutha Rama manawi dipujarwakaken ngemu suraos kados makaten: Pakarti utama ingkang kedah dipuntindakaken déning ratu minangka pamimpin kados ingkang sampun dipunlampahi tuwin dipuntindakaken déning Prabu Sri Ramawijaya wonten ing Praja Ayodya.[1] Lampahan Makutha Rama sapérangan ageng wosipun nyariosaken prekawis wejangan utawi piwucal kapamimpinan ingkang kapacak wonten ing Hastha Brata.[1]

Hastha Brata punika minangka wolu tumindak utawi pakarti ingkang kapendhet saking watakipun alam donya. Wolu kalawau antawisipun kisma (Indonésia: bumi, Inggris: earth), tirta (Indonésia: air, Inggris: water), samirana (Indonésia: angin, Inggris: wind), samodra (Indonésia: laut/samudra, Inggris: ocean), chandra (Indonésia: bulan, Inggris: moon), baskara (Indonésia: srengéngé, Inggris: sun), dhahana (Indonésia: api, Inggris: fire), kartika (Indonésia: bintang, Inggris: stars).[2] Piwucal Hastha Brata punika rumiyin naté dipunwucalaken déning Ramawijaya dhumateng ingkang rayi nenggih Radèn Bharata ing Ayodya ugi Radèn Gunawan Wibisana nalika badhé jumeneng nata ing Ngalengka.[1] Kajawi punika, wonten lampahan Makutha Rama, piwucal Hastha Brata dipunwucalaken déning Begawan Kesawasidi dhumateng satriya Madukara nenggih Radèn Janaka utawi Arjuna. Begawan Kesawasidi sajatosipun panjalmanipun saking Prabu Kresna.[2].

Piwucal Gunawan Wibisana Salebeting Makutha Rama[besut | besut sumber]

Kajawi nyariosaken Hastha Brata, wonten ing salebeting lampahan Makutha Rama ugi nyariosaken prekawis piwucal Gunawan Wibisana dhumateng putranipun nenggih Radèn Bisawarna. Rikala samanten wonten ing Pertapan Candramanik, Raden Gunawan Wibisana dipunadhep ingkang putra nenggih Radèn Bisawarna sasampunipun dipunparingi keprabon nagari Singgelapura kanthi jejuluk Prabu Bisawarna. Prabu Bisawarna lajeng nyuwun pitedah dhumateng ingkang rama Gunawan Wibisana, supados saged ngreksa kedhaton Singgelapura kanthi saé. Wekasan Gunawan Wibisana maringi ular-ular utawi piwucal ingkang awujud sapta prekawis (Indonésia: tujuh hal), ingkang kedah dipunlampahi déning satunggaling nalendra. Sapta prekawis punika inggih punika beciking kelakuwan/tumindak, ngakehi kapinteran, pakolehing kagunan, sugih, ngudi singgih, buntasing seserepan, sarta landheping panggraita. Gunawan Wibisana ngendika bilih lakuning urip satunggaling pamimpin pamoring pamardi lan pamarsudi mau dadiya pangudi. Ingkang sapisan beciking kelakuwan, liripun kedah ngagem kanthi sarana hanggulang welas asih, nancepakén raos tresna asih. Ingkang kaping kalih nenggih ngakehi kapinteran. Prekawis punika werdinipun kedah saged nlateni anggènipun pasionan tuwin boten ajrih pitaken marang tiyang sanès. Kaping tiganipun pakolèhing kagunan, mengku suraos saksaged-sagedipun kedah ngulintenaken panggarap sarta nengkarakén pangupakara. Salejengipun angka sekawan sugih. Supados ngagem sarana kanthi ngagengaken panggaotan kanthi gemi, surtiti ngati-ati tuwin tumungkul pamikiripun. Gunawan Wibisana ngendika malih ingkang angka gangsal inggih punika ngudi singgih. Liripun kanthi sarana ingkang kedah manggung angudi seserepan tuwin kawruh pangreh praja, sarta nuntuni tata tentrem, tata patrape wong omah-omah tentrem jenjeming manah. Ingkang angka nem inggih punika buntasing seserepan. Buntasing seserepan punika werdinipun kanthi sarana kedah gegosokkan pamanggih, tuwin tansah anggilut dhumateng surasanipun basa. Lajeng ingkang pungkasan utawi angka pitu nenggih landheping panggraita. Suraosipun kanthi sarana kedah ngulataken cipta sasmita. Tegesipun mawas dhumateng raosipun patrap tumindak tuwin pangucap menapa déné kedhep sasmita miwah ulat liring ngantos saged anampeni raosipun tiyang sanès ingkang boten kawedhar utawi nampekaken raosipun piyambak dhumateng tiyang sanès.[3]

Cariyos Gancaran Makutha Rama[besut | besut sumber]

Wonten ing Kedhaton Negari Ngastina, Prabu Duryudana dipunadhep déning warangka nata nenggih Patih Arya Sengkuni, Nata Mandura Prabu Baladewa, Nata Ngawangga Adipati Karna, Pandhita Durna, miwah ingkang rayi kadang Kurawa. Salebeting pepanggihan kasebat sami pirembagan prekawis wahyu ingkang badhé mandhap wonten ing Marcapada(Indonésia: donya, Inggris: world). Wahyu mau aran Wahyu Makutha Rama. Sang nata Ngastina, Prabu Duryudana sanget kumacelu gadhah raos kepengen pikantuk wahyu wau. Wekasan Prabu Duryudana nyuwun dhumateng Adipati Karna supados ngupadi wahyu kasebat kanggé Prabu Duryudana. Adipati Karna lajeng nyagahi menapa ingkang dados dhawuh Prabu Duryudana. Kalawan Patih Sengkuni tuwin kadang sata Kurawa, Adipati Karna bidhal badhé ngupados dumunungipun wahyu Makutha Rama.[4].

Salebeting Pertapan Kutharunggu, Kresna madeg dados satunggaling brahmana namanipun Begawan Kesawasidhi. Wonten dinten punika, sang Begawan Kesawasidhi nembé dipunadhep kaliyan Anoman, Resi Maenaka, Yaksendra tuwin Gajah Setubanda. Anoman ngandharaken bilih, sowanipun wonten Pertapan Kutharunggu punika badhé nyuwun seserepan miwah pitedah menggah margining kayuwanan ugi sampurnaning sangkan paran. Kajawi punika sang Anoman nyuwun dipununtabaken kamukswanipun. Anoman ngrumaosi bilih sampun sungkan tinitah wonten ing madyapada ingkang anggung sinandhangan cuwa suka wirang gambira papa mulya sapanunggalanipun. Begawan Kesawasidhi lajeng paring wangsulan dhumateng sang Anoman. Begawan Kesawasidhi ngendika dhumateng Anoman manawi wonten mapinten-pinten titah Hyang Widhi ingkang kataman rogarda sami sekung ngupaya usada supados waluya dinirgakipun keng yuswa, nanging sira ingkang pikantuk nugraha yuswa dangu malah sami nggresula. Begawan Kesawasidhi ugi njarwakaken manawi pati tuwin gesang punika muhung purpa wasesanipun Hyang Widhi. Dawa cendhekipun yuswa tumrap satunggaling titah punika, mungguhing Hyang Widhi, sajatosipun mengku karsa ingkang wigatos tumrapipun jagad raya.[5].

Dereng rampung anggènipun sami pirembagan ing antawisipun Anoman kaliyan Begawan Kesawasidhi, dumadakan rawuh Adipati Karna, Patih Sengkuni ngadhep sang Begawan Kesawasidhi. Adipati Karna matur sajatosipun rawuhipun wonten Pertapan Kutharunggu punika, badhé ngupados wahyu ingkang sinebat Makutha Rama. Begawan Kesawasidhi wekasan paring wangsulan dhumateng Adipati Karna manawi wahyu punika boten gadhah wujud, boten gadhah warni, boten manggon, nanging namung minangka anugrah saking Hyang Widhi dhumateng tiyang ingkang katarima anggènipun nglampahi tapa brata. Midhanget pangandikanipun Begawan Kesawasidhi, Adipati Karna tuwin Patih Sengkuni wusana nduga manawi wahyu Makutha Rama mapan wonten angganipun Begawan Kesawasidhi.Salajengipun Begawan Kesawasidhi badhé dipunasta lumarap wonten nagari Ngastina dipunaturaken Prabu Duryudana. Begawan Kesawasidhi boten purun, nampik niyat saé Adipati Karna tuwin Patih Sengkuni. Wekasan Adipati Karna duka lajeng kadadosan perang. Rikalanipun sami perang, Adipati Karna boten kuwawa nrenggalangi kridhanipun Begawan Kesawasidhi. Adipati Karna wekasan ngedalaken panah Kyai Kunto Wijayadanu. Rikala pusaka kalawau sampun dipundalaken, Anoman tanggap lajeng nyaut Kuntawijayadanu saha dipunasta. Adipati Karna rumaos getun ing penggalaih wekasan mlajar kaliyan Patih Sengkuni tuwin Kurawa.[6]

Wonten panggènan sanès inggih madyaning wana dipuncariosaken, Raden Arjuna pikantuk srana saking eyangipun Pandhita Saptaarga nenggih Begawan Abiyasa manawi kesahipun ingkang raka Prabu Kresna sesarengan wancinipun kaliyan dipunmandhapaken Wahyu Makutha Rama ing Gunung Kutharunggu. Pramila Raden Arjuna kelawan Punakawan cacah catur, inggih punika Semar, Gareng, Petruk, Bagong daya-daya badhé lumarap tumuju Arga Kutharunggu. Gumanti ingkang wonten Pertapan Deksana sang Begawan Wibisana dipunadhep déning Patih Padyawastana utawi Patih Reksabangsa. Wondene salebeting pepanggihan punika, Begawan Wibisana gadhah karsa badhé kesah madosi panjalmanipun Sri Bathara Ramawijaya ingkang minangka ara-araipun. Wekasan Begawan Wibisana lajeng semedi ngeningaken cipta tuwin pancadriya. Wekasan pikantuk bebungah déwa kanthi mangertosi kawontenan Sang Hyang Kesawa. Nanging salebeting nindakaken semedi kasebat, sekawan nepsu utawi catur driya ingkang dumunung wonten angganipun, oncat saha ngandharaken boten marem awit tumindak Begawan Wibisana. Wondene sekawan piwujudan nepsu saking Begawan Wibisan], ing antawisipun: Nuraga, Angkara, Lodra, tuwin Sukarda punika lajeng dipunpringgakaken supados kesah tumuju Gunung Kutharunggu. Ingkang suraosipun supados pepanggihan kaliyan satiya utami ingkang badhé ndherekaken tuwin nyampurnakaken sekawan piwujudan nepsu Wibisana kalawau sageda kondur dhateng alam baka. Begawan Wibisana piyambak badhé madosi panjalmanipun Sri Bathara Ramawijaya ara-araipun, ingkang badhé mbiyantu Begawan Wibisana kondur dhateng swarga.[6].

Sakdumuginipun wonten wana Swelagiri, Raden Arjuna tuwin Punakawan cacah catur pinanggih déning Nuraga, Angkara, Lodra, miwah Sukarda. Sekawan piwujudan watak nepsu saking Begawan Wibisana kalawau, meksa dhumateng Raden Arjuna saperlu mejahi supados saged kondur wonten alam baka. Panyuwunannipun piwujudan nepsu Wibisana kalawau dipuntampik déning Arjuna, saéngga nuwuhaken peperangan. Awit pambiyantunipun Semar, Raden Arjuna saged nyampurnakaken sekawan piwujudan nepsu kasebat kondur dhateng alam baka. Lajeng Raden Arjuna miwah Punakawan nerasaken lampah tumuju Gunung Kutharunggu.

Wonten ing Pertapan Kutharunggu, Begawan Kesawasidhi dipunadhep déning Anoman, Begawan Maenaka, Yaksendra Jajagwreka, dan Gajah Setubanda. Anoman maringaken pusaka Kunto Wijayadanu kagunganipun Adipati Karna ingkang kasil dipunrebat. Nanging Anoman malah dipunlepataken déning Begawan Kesawasidhi, amarga kanthi tumindak ingkang makaten, Anoman nindakaken dosa cacah sekawan. Anoman sanget gela ing penggalih sarta dipunpringgakaken déning Begawan Kesawasidhi, supados nglajengaken nglampahi tapa brata wonten Gunung Kendhalisada kelawan sedherek-sedherekipun. Sedaya kalawau kanggé ngicali dedosan tuwin manengku puja nyenyuwun pitedah Hyang Maha Wasesa. Lajeng Anoman miwah sedherek-sedherekipun bidhal dhateng Gunung Kendhalisada. Sakesahipun Anoman miwah kadang-kadangipun, dumadakan Begawan Wibisana prapta wonten Kutharangga. Begawan Kesawasidhi badhé nguji karsanipun bilih Begawan Kesawasidhi minangka panjalmanipun Sri Bathara Ramawijaya. Mila saking punika Begawan Wibisana nundhung Begawan Kesawasidhi saking pertapanipun kanthi pamanggih dèrèng nyuwun idin kaliyan dhirinipun piyambak, minangka panguwaos wewengkon Kutharunggu. Paperangan boten saged dipunsingkiraken, Begawan Wibisana saged dipunasoraken déning Begawan Kesawasidhi ingkang minangka panjalmanipun ara-araipun piyambak nenggih Sri Bathara Ramawijaya. Begawan Kesawasidhi lajeng mbiyantu Begawan Wibisana kondur dhateng swarga minulya kanthi sarana ngobong. Nanging lelampahan suksma Begawan Wibisana kagodha déning tangis ingkeng raka nenggih Arya Kumbakarna. Arya Kumbakarna ingkang kawontenanipun wonten ing alam Lokantara sanget nguciwani miwah nrenyuhaken. Begawan Wibisana gadhah karep badhi paring pambiyantu kadangipun punika, namung piyambakipun malah kicalan kéblat. Margi ingkang dipunambah dados peteng ndhedhet lelimengan. Rikala samanten Begawan Kesawasidhi rawuh sarta ngemutaken kaluputanipun sukma Begawan Wibisana. Kanthi pambiyantunipun ara-araipun ingkang sampun manjalma wontenn angganipun Begawan Kesawasidhi, Begawawan Wibisana wekasan saged nglajengaken lelempahanipun kondur dhateng swarga. Wondene suksma Arya Kumbakarna dipunpringgakaken damel darma kanthi margi manjing sajuga kaliyan satunggaling satriya ingkang kadunungan watak teteken budi luhur miwah utami. Suksma Arya Kumbakarna dipunaturi kesah dhateng Gunung Swelagiri.[6].

Salebeting kedhaton nagari Amerta nembé ketaman mega mendhung ibaratipun boten wonten cahya surya, Prabu Puntadewa dipunadhep déning ingkang rayi nenggih Raden Werkudara, Raden Nakula,Raden Sadewa, miwah Raden Gatotkaca. Prabu Puntadewa nembé menggalihaken prekawis Prabu Kresna ingkang sampun wetawis dangu boten prapta wonten nagari Amarta tuwin Raden Arjuna ingkang ugi sampun wetawis dangu dèrèng kondur saking kewajibanipun ngupados Wahyu Makutha Rama ing Pertapan Kutharunggu. Mangertosi kawontenan punika, Prabu Puntadewa ndhawuhaken Raden Werkudara ngupados pawarta Prabu Kresna, lajeng Raden Gatotkaca dipundhawuhi ngupados papan dunungipun Raden Arjuna. Raden Werkudara miwah Raden Gatotkaca nyagahi lajeng kesah nilar nagari Amarta badhé nindakaken tugasipun piyambak-piyambak. Kawontenan ingkang sami ugi kadadosan wonten Kesatriyan Madukara. Kekalih garwa Raden Arjuna inggih punika Dewi Wara Sembadra miwah Dewi Wara Srikandhi, sami nenuwun dhumateng jawata supados saged mangertosi papan dunungipun garwa kakungipun kanthi leres-leres. Ketulusipun kekalih garwa Arjuna kalawau anggènipun nenuwun saged kasil kanthi rawuhipun jawata nenggih Bathara Naradha kanggé maringi margi dhateng Dewi Wara Sembadra miwah Dewi Wara Srikandhi.[7]

Kekalihipun wekasan dipunparingi anugrah saged salin wujud dados kalih satriya bagus ing warni sarta dipunparingi asma Bambang Sintawaka kaliyan Bambang Kandhihawa. Kekalihipun lajeng sami dipunseblataken, dipunbucal déning Bathara Naradha ngantos dhumawah wonten ing Wana Swelagiri. Wontening madyaning wana kalawau, Bambang Sintawaka tuwin Bambang Kandhihawa sami sesumbar, ngendika ukara panantang ingkang dipuntujokaken dhumateng para satriya. Raden Gatotkaca ingkang midhangetaken saking dirgantara dados panas manahipun. Lajeng mandhap saking dirgantara manggihi Bambang Sintawaka tuwin Bambang Kandhihawa. Wekasan dumados perang. Kanthi gampil, Raden Gatotkaca saged dipunasoraken sarta dipunaku minangka putra sarta dipundhawuhi ngantheni lelampahipun.[6]. Gumanti ingkang cinarita, wonten ing madyaning wana, suksma Arya Kumbakarna nenggani rawuhipun satriya utami, kados ingkang sampun dipunjarwakaken déning Begawan Kesawasidhi. Boten antawis dangu, Raden Werkudara ingkang nembé madosi Prabu Kresna kepanggih suksmanipun Kumbakarna. Arya Kumbakarna nyuwun idin dateng Werkudara supados saged manjing wonten raganipun. Nanging Raden Werkudara nampik panyuwunipun Arya Kumbakarna. Wekasan kadadosan perang ing antawisipun Raden Werkudara mengsah Raden Arya Kumbakarna. Nalika samanten, Raden Werkudara lena ing kaprawiran, suksma Arya Kumbakarna wekasan saged manjing wonten salebeting wentis Raden Werkudara ingkang kiwa. Raden Werkudara lajeng nglajengaken lampahipun ngupados Prabu Kresna.[6].

Wonten Pertapan Kutharunggu, Raden Arjuna prapta Begawan Kesawasidhi. Salebeting penggalih, Begawan Kesawasidhi mangertos bilih Raden Arjuna ingkang pranyata trep dipundunungi Wahyu Makutha Rama. Sesampunipun sami bage binage, Begawan Kesawasidhi lajeng maringi piwucal luhur awujud ngèlmu Hastha Brata ingkang sadèrèngipun naté dipunwucalaken Sri Bathara Ramawijaya dhumateng Raden Wibisana, rikalanipun Wibisana badhé nglenggahi dhampar kedhaton Alengka. Saksampunipun Begawan Kesawasidhi purna anggènipun maringi piwucal dhateng Raden Arjuna, Begawan Kesawasidhi ugi maringaken pusaka Kunto Wijayadanu kagunganipun Adipati Karna. Raden Arjuna dipundhawuhi ngonduraken pusaka kasebat dhateng ingkang gadhah nenggih Adipati Karna. Lajeng Raden Arjuna nyagahi dhawuh sang Begawan Kesawasidhi. Wekasan pamit bidhal badhé manggihi adipati Karna.[4].

Saksampunipun saking Pertapan Kutharunggu, Raden Arjuna wekasan saged kepanggih kaliyan Adipati Karna. Raden Arjuna lajeng maringaken pusaka Kunto Wijayadanu dhateng Adipati Karna. Pusaka punika dipuntampi déning Adipati Karna, malah Adipati Karna ugi negendika dhateng Raden Arjuna. Adipati Karna ngendika manawi sanget kepengen gadhah Wahyu Makutha Rama. Raden Arjuna lajeng njarwakaken prekawis tegesipun utawi tegesipun Wahyu Makutha Rama. Salajengipun, Raden Arjuna mimbuhi manawi Wahyu Makutha Rama sampun manjing wonten raganipun. Mangertosi kawontenan makaten, Adipati Karna wekasan kepranan badhé ngrebat wahyu kasebat saking Raden Arjuna. Raden Arjuna boten ngeparengaken lajeng dados perang. Adipati Karna kasoran salebeting paperangan. Adpati Karna lajeng bidhal, mlajar saking palagan. Raden Arjuna piyambak kondur dhateng Pertapan Kutharunggu sowan Begawan Kesawasidhi. Wonten tengahing margi, Raden Arjuna kepanggih Raden Werkudara. Sesampunipun sami bage-binage tuwin njlentrehaken tujuanipun, Raden Arjuna tuwin Raden Werkudara lajeng tumuju wonten Pertapan Kutharunggu ngupados Prabu Kresna. Boten wetawis dangu, kedadak rawuhipun satriya kalih nama Raden Bambang Sintawaka tuwin Raden Bambang Kandhihawa ingkang diputumuti Raden Gathotkaca. Rawuhipun satriya kekalih wau, badhé ngasoraken Begawan Kesawasidhi kaliyan Raden Arjuna. Bambang Sintawaka lajeng mengsah yuda lumawan Begawan Kesawasidhi. Déné Raden Arjuna mengsah yuda lumawan Bambang Kandhihawa. Awit panguwaosipun jawata, wekasan Begawan Kesawasidhi badhar sajatining wujud dados Prabu Kresna, Bambang Sintawaka badhar sejatning wujud dados Dewi Wara Sembadra, sarta Bambang Kandhihawa badhar sajatining wujud dados Dewi Wara Srikandhi. Sesampunipun sampun mangertosi dhirinipun piyambak-piyambak, Raden Arjuna, Prabu Kresna, Dewi Wara Sembadra, Dewi Wara Srikandhi, Raden Werkudara, Raden Gathotkaca lajeng sami kondur dhateng nagari Amarta.[4]

Pethilan Pacelathon Piwucal Gunawan Wibisana Kaliyan Prabu Bisawarna[besut | besut sumber]

BISAWARNA: Prasajan kéwala, kula nyuwun dhawuh sabda Paduka Kanjeng Rama Begawan, mugi sageda kinarya pamecut laksitaning lekas kula, anggèn kula maluya praja, Rama.

WIBISANA: Ya iya ’nggèr. Lakuning urip, pamoring pamardi lan pamarsudi mau dadiya pangudi. Sepisan: beciking kelakuwan saranané kudu hanggulang welas asih, nancepaké rasa ‘sih tresna. Kang kapindhoné: akèhing kepinteran, saranané kudu nlatèni pasinaon sarta ora isin tetakon. Kateluné: pakolèhing kagunan, saranané kudu ngulinakaké panggarap sarta nengkaraké pangupakara. Banjur ingkang angka catur: sugih, saranané kudu anggedhèkaké panggaotan kanthi gemi, surti, nastiti, ngati-ati sarta tumungkul pamikiré. Kaping lima: ngudi singgih, saranané kudu manggung angudi kawruh pangrèh praja, sarta nuntuni tata tentrem, tata patrapé wong omah-omah tentrem jenjeming ati. Angka nenem: buntasing sesurupan, saranané kudu gegosokan panemu, sarta anggilut marang surasaning basa. Ingkang wekasan: landheping panggrahita, saranané kudu ngulataké cipta sasmita, ya iku mawas rasaning patrap lan pangucap apa déné kedhèp sasmita sarta ulat liring nganti bisa hanampani rasaning liyan ingkang ora kawedhar, utawa, nampakaké rasané dhéwé marang wong liya. Iku kulup, sapta ingkang wus ingsun paringaké marang jenengpara kaki, kena kinarya gegaran (Indonésia: pegangan).

BISAWARNA: Adhuh Bapa, ngaturaken panuwun. Tetrawangan raosing manah kula pindha lumampah ing wanci kulem pinapag ing obor sèwu. Namung kéwala, kadi wonten sandéyaning raos kula, déné sowan kula ing ‘ri kalenggahan mangké kadi bènèh lan padatan, krana pertapan punika semunipun wingit. Menapa wonten wigatos ingkang badhé Paduka paringaken dhateng ingkang putra, Bapa?

WIBISANA: Kulup, bener aturira. Tegesé sira lantip ing panggraita. Ngertiya ’nggèr, sayektiné walèh-walèh apa, kaya wus purna darmané pun bapa ana ing alam padhang iki, wiwit kuncung nganti gelung ‘nggonku laku darma, lumaku ana ing kabecikan. Srananing panggayuh aku nganti nyabrang saka Nagara Ngalengka mèlu Sang Bathara Rama, idheping tékad muhung hangèstuti marang bebener. Nanging ’nggèr sumurupa, kabèh kang tak-tindakaké, mbuh bener, mbuh luput, dina iki kaya wus wahyaning mangsakala kumudu paripurna. Katandha pun bapa wus nampa tengara ga’ibing Kang Kawasa, pun bapa nedya tinimbalan marak sowan ana ngarsaning Kang Kawasa, ’nggèr.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. a b c d e "wahyu-makutharama".:tembung Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 6 Juni 2012)
  2. a b Siswoharsojo,Ki. Pakem Pedhalangan Lampahan Makutha Rama.Toko Buku SG.Ngayogyakarta.Cap-capan kaping VI (1982), halaman 107-108
  3. a b Piwucal Wibisana-Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)
  4. a b c Gancaran Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 10 Juni 2012)
  5. Siswoharsojo,Ki. Pakem Pedhalangan Lampahan Makutha Rama.Toko Buku SG.Ngayogyakarta.Cap-capan kaping VI (1982), halaman 37
  6. a b c d e Cariyos-Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 11 Juni 2012)
  7. Wahyu-Makutha Rama(dipunundhuh tanggal 13 Juni 2012)