Kembar Mayang
Kembar Mayang ya iku rerenggan kang kagawé saka janur, woh-wohan lan kembang kang cacahé loro.[1] Kembar mayang dipercaya dadi salah sijining péranganing adicara panggih mantén Jawa.[1] Ngemu teges mawa pralambang kabéntuké kulawarga anyar.[1] Kembang mayang mawi kembang jambé kang nembé megrok, klèwèran kang ambuné wangi.[1] Asliné budaya kembang mayang niru adicara kawinan kang dianakaké para bangsawan utawa penobatan raja.[1]
Kembar Mayang wis dadi pérangan kang kudu ana saben ing adicara manténan. Bagagan iku wiwit saka carita legenda Partakrama.[1] Dewi Supraba purun didadékaké garwa Danajaya mawa sarat jangkep bebana.[1] Déwi nyuwun "Kembar Mayang khayangan" Arupa "Klepu Jayadaru Dewadaru".[1] Klepu ya iku Kalpataru.[1] Wit Kalpataru dianggep mawi wit panguripan kang duwé pérangan kang apik kang bisa ngaruhi sekitaré.[1] Mula wit iki diimpékaké banget déning Déwi Supraba.[1] Bejané ana para Pandawa kang sanggup nyilih kembar mayang iki saka khayangan.[1]
Ancase Kembar Mayang
[besut | besut sumber]Kembar mayang dipasang mesthi duwé ancas dhéwé, ya iku:
- Kanggo adicara temon manten [2]
- Mawi tolak bala[2]
- Pakurmatan pelantikan pejabat[2]
- Panghargyan marang wong kang duwé jasa kaya déné pahlawan.[2]
Kembar mayang kang kanggo temon mantèn duwé ancas:
- Pasrèn, ya iku perhiasan kang dipanggonake ing sisih kiwa lan tengen kursi manten.[2]
- Wewarah, ya iku pituduh lan naséhat kanggo nglakoni urip bareng.[2]
Pérangan kanggo nggawe Kembar Mayang
[besut | besut sumber]- Debog, dadi pralambang bisa urip tahan, lurus, kuwat, bisa adhaptasi ing iklim kang molah-maleh, saben sap mesthi mbanyu nandhakaké katentreman.[3]
- Mayang, kembang jambé, pralambang kaéndahan lan semerbak wangi.[3]
- Janur saking tembug jaanur(datangnya cahya),kanggé nyuwun nur cahya illahi.[3]
- Godhong andhong ijo nglèwèr dawa pralambang kebak pakurmatan.[3]
- Godhong girang, kabahagyan[3]
- Godhong Wringin pralambang kukuh, ngayomi, lan nggawe adem.[3]
- Cengkir gading pralambang suci, kebak pangarepan lan atiné teguh.[3]
- Nanas, éndah, kepénak, menawan, lan seger.[3]
- Melati, putih resik lan wangi, kasih suci nganti sanubari.[3]
- Kembang Kantil pralambang mesthi kepengen cedhak, tentrem, aman lan bahagya.[3]
- Pari lan Kapas pralambang kamakmuran sandang lan pangan.[3]
- Tebu wulung, teguh lurus, seger lan legi.[3]
- Godhong-godhongan mawa pralambang kaslametan lan kamulyan.[3]
Sarat lan Gunane Kembar Mayang
[besut | besut sumber]Kembar mayang duwé sipat sakral, mula anggoné nggawe kudu manut aturan lan anggoné ndelehake ana ing panggonan kang kurmat.[2] Aturan lan gunané kembang mayang ya iku:
Wiwitan kembang mayang
[besut | besut sumber]- Kudu nggunakaké bahan kang wis dipilih lan paling apik[2]
- Kudu digawé ing wektu kang lega lan ora ana kapreluan liya[2]
- Pisanan digawé kudu bisa dadi lan rampung, ora éntuk di ende-ende utawa diterusake ing dina liyan.[2]
- Digawé ing ruwangan kang resi lan kurmat[2]
- Wiwitan lan pungkasan kudu maca donga.[2]
Adicara ngupadi
[besut | besut sumber]Ya iku acara kanggo nggolèk bahan-bahan kembar mayang.[2] Miturut adat ana telung paraga nggolèk kembar mayang, ya iku:
- Wong tuwa manten, duwénei teges mènèhi sangu urip[2]
- Wakil pangpadi, ya iku “penjaga” kembar mayang, tegesé mawa naséhat déné sarana iki mung nyilih kang pikantuk saka usaha kang abot, mula manten kudu bisa nebus karo tansah usaha kanggo uripé kulawarga.[2]
- Widadari-widari pengawal kembang mayang, ngemu tegesé wiwitan saka kamegahan ii bisa nganti dina iku, nanging kulawarga anyar iki kudu tansah usaha supaya bisa nduwé panguripan kang mapan.[2]
Kembar mayang panggonake rikala malem midadareni ing sisih kiwa lan tengen kursi manten, diiringi gendhing Lir-ilir.[2]
Kembar mayang mawi pendamping temon ana ing adicara panggih ana warna-warna carané:
[besut | besut sumber]Diwangsulakene kembar mayang marang kang duwé
[besut | besut sumber]Maksude, kembar mayang iki tegesé mung barang silihan, mula kudu dibalikake marang kang duwé, ya iku Kang Nggawe Urip.[2] Carane:
Perangane Kembar Mayang
[besut | besut sumber]Kembar mayang ngemu teges kiasan kang ngandut pangarep-arep ing mangsa kang arep teka.[4] Saben pérangan kang ana ing Kembar mayang duwé teges dhéwé-dhéwé:
- Janur mralambangake cahya kang maksude supaya duwé cahya kang mempesona.[4]
- Keris-kerisan, dadi pralambang bakal diayomi saka sambekala ing mangsa sesuk.[4]
- Walang-walangan mralambangake pengayoman utawa prelindungan.[4]
- Manuk-manukan mralambangake karukunan supaya uri rukun lan bahagya kaya manuk.[4]
Saben calon manten nyiapake kembar mayang kang mengko bakal diijolake rikala malam midodari.[4]
Bahan-bahan Kembar Mayang
[besut | besut sumber]Kembar mayang kudu kabéntuk saka 4unsur anyaman:Keris, walang, payung lan manuk.[5]
- Degan ijo sapasang[5]
- Klemuk (gentong cilik) sapasang[5]
- Loro blonyo sapasang[5]
- Kendhi kang isiné banyu tempuran sapasang[5]
- Paidon kuningan loro[5]
- Debog cacahé loro dawane 35 cm[5]
- Sujen 2 batang[5]
- Janur[5]
- Nanas nom cacahé loro[5]
- Godhong kemuning, wringin lan girang[5]
- Kembang melathi lan kantil[5]
- Kembang aster, mawar abang, kenikir[5]
- Dom dondom, dom pentul, benang[5]
- Sindur[5]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c d e f g h i j k l Kembar Mayang Archived 2012-04-07 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 1 November 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o p q r s t u v KEMBAR MAYANG & RONCE BUNGA MELATI (dipunundhuh tanggal 1 November 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m Kapan lagi Archived 2012-04-07 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ a b c d e f Kembar Mayang dan Pernikahan Jawa Archived 2012-10-26 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)
- ↑ a b c d e f g h i j k l m n o Simbolisasi Makna Budaya ‘Nebus Kembar Mayang’ dalam Pernikahan Adat Jawa Tengah Archived 2012-08-05 at the Wayback Machine. (dipunundhuh tanggal 2 November 2012)