Karèt kebo

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Karet kebo)
Jump to navigation Jump to search
Karèt kebo
Ficus November 2008-1.jpg
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Unranked: Angiosperms
Unranked: Eudicots
Unranked: Rosids
Ordho: Rosales
Famili: Moraceae
Tribe: Ficeae
Génus: Ficus
Subgénus: Urostigma
Spésies: F. elastica
Jeneng binomial
Ficus elastica
Roxb. ex Hornem. 1819 not Roxb. 1832 nor Roxb. 1814 (the last one not validly published)
Sinonim[1]
  • Ficus clusiifolia Summerh. 1929 not Schott 1827
  • Ficus cordata Kunth & C.D.Bouché 1846 not Thunb. 1786
  • Ficus elastica var. belgica L.H.Bailey & E.Z.Bailey
  • Ficus elastica var. benghalensis Blume
  • Ficus elastica var. decora Guillaumin
  • Ficus elastica var. karèt (Miq.) Miq.
  • Ficus elastica var. minor Miq.
  • Ficus elastica var. odorata (Miq.) Miq.
  • Ficus elastica var. rubra L.H.Bailey & E.Z.Bailey
  • Ficus karèt (Miq.) King
  • Ficus skytinodermis Summerh.
  • Ficus taeda Kunth & C.D.Bouché
  • Macrophthalma elastica (Roxb. ex Hornem.) Gasp.
  • Visiania elastica (Roxb. ex Hornem.) Gasp.

Karèt kebo (Ficus elastica) ya iku spésiès tetuwuhan saka génus ficus. Tuwuhan iki asalé saka India sisih lor-wétan, Népal, Bhutan, Burma, Cina, Malaysia, lan Indonésia. Tuwuhan iki uga banjur wus kasebar ing Sèilon lan Praja Florida, Amérika Sarékat.[2][3]

Wedharan[besut | besut sumber]

Godhong karèt kebo

Karèt kebo kalebu golonganing tuwuhan waringin kang dhuwuré bisa nganti 30-40 mèter, malah kepara nganti 60 mèter. Déné watangé bisa nganti 2 mèter. Kango nyengkuyung ukuran kang gedhé mau, kaya déné lumrahé golongané waringin karèt kebo uga duwé oyot gantung. Godhongé kawangun lonjong gumilap warna ijo semu abang, dawané 10–35 cm lan ambané 5–15 cm. Tuwuhan kang isih enom duwé godhong kang luwih amba tinimbang kang wis tuwa. Saliyané kanthi wiji kang tuwuh, karèt kebo uga bisa ditandur kanthi cara stèk.

Kembang lan woh[besut | besut sumber]

Kayadéné lumrahé tuwuhan waringin, kembang karèt kebo mbutuhaké pitulungan tawon kanggo penyerbukan. Anané tawon kang wus dadi pasangan tuwuhan iki ndadèkaké kembang karèt kebo ora prelu manèh warna kang apik lan ganda kang wangi kanggo ngundang kéwan gremetan liyané. Wohé karèt kebo wujudé lonjong ijo semu kuning udakara 1 cm.

Budidaya lan piguna[besut | besut sumber]

Pethètan[besut | besut sumber]

Karèt kebo lumrahé sengaja ditandur kanggo pethètan utawa kanggo éyup-éyup. Kanthi sipat kang rikat anggoné tuwuh, tuwuhan iki bisa kapilih kanggo nanduri papan kang panas.

Wod[besut | besut sumber]

Ing Cherrapunji, Meghayala, India sisih lor-wétan, ana sawenèh masarakat kang sengaja mbudidaya karèt kebo kapurih bisa dadi wod ing kali. Wit karèt kebo ditandur ing pinggir kali lan sebrangé, banjur nalika wis tuwuh oyot gantungé kasambung lan katata dadi wod. Nalikané oyot tambah gedhé, bisa kuwat kanggo diliwati manungsa.[4] Déné ing Indonésia, uga tinemu ing Kacamatan Leuwi Damar, Kabupatèn Lebak.[5]

Jamu[besut | besut sumber]

Karèt kebo bisa kanggo tamba manéka lelara, kaya ta lara kulit, maag, rématik, nglancaraké getih, lan nyuda rasa lara. Ing godhongé kakandhut senyawa saponin, flavonoid, lan polifenol. Karèt kebo uga duwé kasiyat kanggo tamba stroke.[6] Déné tata carané kanggo jejamu, godhong karèt kebo digodhog nganti suda banyuné, banjur diombé.

Gambar[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]