Ivan Gunawan
| Biografi | |
|---|---|
| Nifas | (id) Ivan Gunawan Putra 31 Dhésèmber 1981 (44 tahun Jakarta |
| Agama | Islam |
| Kegiatan | |
| Pakaryan | Aktor, perancang busana (id), Pranatacara lan juru nyanyi |
| Wayah aktif | 1997 – |
| Genre | Musik pop |
| Instrumen | Swara |
| Label rekaman | HP Music: Records Label (id) Musica Studio's |
| Kulawarga | |
| Wong tuwa | Bambang Cahyo Gunawan (mul) , Erna Gunawan (mul) |
Ivan Gunawan (lair ing Jakarta, 31 Dhésèmber 1981; umur 44 taun) kang jeneng asline Ivan Gunawan Putra dikenal dadi perancang busana, bintang model, aktor, penyanyi, pelawak, presenter program TV lan bintang sinétron uga dikenal dadi bintang ning layar lebar.[1] Dhèwèké tau mbintangi filem 5 Sehat 4 Sempurna, uga mbintangi sinétron religius, lan dadi dadi presenter infotaiment ANTV ning program Expresso.[1] Karo Ulfa Dwiyanti, Ivan Gunawan tau duet dadi presenter ning acara Mendadak dangdut.[1]
Ivan Gunawan uga tau dadi komentator ning acara realiti show Mamamia karo Ponky Jikustik lan Emilia Contessa ning stasiun televisi Indosiar.[1] Ora namung dadi presenter lan panata busana, dhèwèké uga nyuba ning dunya hiburan liyané kaya ta ning babagan hiburan tarik suara.[1] Ning babagan tarik suara, dhèwèké nggandheng penyanyi Rossa kang dadi prodhuser eksekutifé lan ngrilis single pertamané kang diwènèhi judhul Ijah. Jangan Gila Dong.[1] Lan didistribusikaké dadi RBT.[1] Ivan Gunawan ngelenbaraké bisnis butiké, butik iku dijenengi 'Miss To Mom' ning Tanah Abang, Jakarta.[1] Ning wektu kang ora suwé iki, dhèwèké buka butik sajenis kang konsen karo pakean priya.[1]
Taun 2009, Ivan Gunawan dadi pamenang ning acara SCTV Awards ning Plenary Hall, JCC.[2] Ivan Gunawan, fashion designer lan presenter iki bisa gawa bali piala dadi panatacara ngetop ning taun 2009.[2]
Filmografi
[besut | besut sumber]- 5 Sehat 4 Sempurna (2002)
- Cinta 24 Karat (2003)
- Bad Wolves (2005)
- Ivan Syalom !xobile (2008)
- Basahhh... (2008)