Èngklèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
(Kaelih saka Ingkling)
Èngklèk.

Èngklèk utawa ingkling ya iku dolanan tradhisional kang ngrembaka wiwit jaman walanda sing diarani zondaag mandaag lan dimainké déning bocah cilik-cilik, lan bisa ngrembaka ing Indonésia. Dolanan èngklèk iki dimainké kanthi cara mlumpat-mlumpat ana ing lemah kang wis digambari kothak-kothak, nganggo sikil siji lan mandheg ana ing gambar kothak-kothak tartamtu. Gambar kang lumrah digunakaké ya iku gambar kapal, wong-wongan, gunung, kitiran, uga pesawat. Dolanan iki bisa ditemokaké ana ing provinsi-provinsi Indonésia kanthi jeneng kang béda-béda, antarané Gala asin (Kalimantan), Setatak (Riau), Intingan (Sampit), Tengge-tengge (Gorontalo), Cak Lingking (Bangka), Tejek-tejekan (Jambi), Teprok (Bali), Deprok (Betawi), Gedrik (Banyuwangi), Marsitekka (Batak), Engkle (Lamongan), Gili-gili (Merauke), Bendang (Lumajang), Engkleng (Pacitan), Sonda (Mojokerto), Tepok Gunung (Jawa Barat), Sunda Manda (Sunda), lan liya-liyané. Dolanan iki bisané dilakokaké déning wong loro utawa luwih, lumrahé kang dolanan èngklèk yaiku bocah wadon nanging bocah lanang ya ora sethithik sing gelem mèlu dolanan èngklèk. Dolanan èngklèk uga ora nemtokaké watesan umur kang main, bisa bocah cilik, bocah enom, déwasa, lan wong tuwa, ananging lumrahé kang padha dolanan èngklèk ya iku bocah umur 7-14 taun. Piranti kang digunakaké kanggo dolanan iki awujud kapur lan gacuk. Ora kemudu kapur kang digunakake, bisa nganggo areng utawa piranti liyané kang bisa kanggo nggambar ing papan kang uwis samekta. Piranti nggambar kui mau digunakake kanggo nggambar kothak-kothak kang bakal dienggo kanggo papan dolanan, gambar bisa digawé ana ing lemah, latar omah, utawa aspal. Èngklèk pancèn dolanan outdoor utawa dolanan kang dimainake ing njaba omah. Déné gacuk digunakaké kanggo piranti nalika dolanan èngklèk, gacuk bisa digawé saka pecahan gendhèng,  pecahan keramik, utawa watu kang ukurané paling ora 4x5 cm utawa 5x5 cm. Saben bocah kudu duwé gacuk kang cacahé siji.

Cara dolanan[besut | besut sumber]

Carané dolanan èngklèk diwiwiti saka nggambar kothak-kothak èngklèk sing bakal digunakaké, banjur nemtokaké bocah kang dhisik dhéwé main lan sakterusé kanthi cara hom-pim-pa utawa ping-sut. Sabanjuré gacuk diuncalaké ana ing salah sijining kothak kang wis digambar ana ing lemah, gambar kothak kang njeroné ana gacukké ora éntuk dipidak, dadi kudu mlumpat nuju kothak sabanjuré kanthi ora midak watesan gambar kothak, sawisé tekan ndhuwur kudu mlumpat mbalik lan njukuk gacuké kanthi cara tetep nggunakaké sikil siji ora éntuk tiba. Nalika nguncalaké gacuk uga ora éntuk ngluwihi watesan gambar kothak, yèn ana bocah sing ngliwati watesan gambar mau bakal diganti bocah sabanjuré. Bocah kang bisa ngrampungaké sak puteran dhisik dhéwé, dhèwèkké kudu njagling gacuk nggunakaké tlapak tangan kaping lima lan gacuk diuncalaké kanthi cara ngungkuri gambar sing dienggo èngklèk kuwi mau kanthi ndhodhok, gacuk bakal tiba ana ing salah sijining gambar kothak, kothak kang ketibanan gacuk kuwi bakal dadi duwèkké sing nguncalaké biyasané disebut sawah. Ana ing sawah mau, bocah sing nduwèni sawah éntuk midak nganggo sikil loro, nanging bocah liyané ora éntuk midak sawah kuwi, menawa salah sijining bocah nduwèni sawah akèh banjur bocah liyané kangèlan anggoné ngliwati, bocah liyané kuwi mau éntuk njaluk pitulungan ya iku njaluk gambar andha ana ing sisih tengen kothak nomer siji, ambané andha mung sak ambané sikil. Bocah kang nduwèni sawah paling akèh, kuwi sing bakal menang.[1] Ing jaman saiki, wis ora akèh bocah kang bisa dolanan èngklèk amarga bocah-bocah saiki luwih milih game online kang dianggep luwih fleksible dimainké, ora prelu golèk papan amba lan wektu. Bocah-bocah jaman saiki pancèn nganggep yèn dolanan tradhisional kuwi kuno lan wis ora jaman. Nanging ing wewengkon tartamtu isih akèh bocah sing gelem dolanan èngklèk utawa dolanan tradhisional liyané. Dolanan tradhisional iki luwih aman tinimbang dolanan modhern, bisa didelok saka mupangaté.

Mupangat[besut | besut sumber]

Mupangat saka dolanan èngklèk ya iku fisik bisa luwih kuwat amarga dolanan iki kudu mlumpat-mlumpat, bisa sinau sosialisasi amarga dolanan iki bisané dimainké luwih saka bocah siji, bisa sinau tertib aturan, ningkataké kretivitas bocah amarga dolanan iki bisa nggunakaké piranti kang ana ing saindhengé, lan nggladhi keseimbangan amarga dolanan iki kanthi cara mlumpat ana ing kothak kanthi sikil siji.[2]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Putri, Ati Bahiyati Utami; Hasyim, Noor (2017). [journals.telkomuniversity.ac.id "Upaya Melestarikan Permainan Tradisional Engklek melalui Teknologi Digital Interaktif"]. Rupa. Vol.02: 125–127. {{cite journal}}: |volume= has extra text (pitulung); Check |url= value (pitulung)
  2. Pebryawan, Krisna (2015). [journal.unwidha.ac.id "Engklek Sebagai Sarana Pembelajaran Yang Asik di Tengah Permainan Modern"]. Progdi Pendidikan Bahasa Jawa, FKIP Universitas Widya Dharma Klaten. No. 92 Th XXVII: 62–64. {{cite journal}}: Check |url= value (pitulung)