Hiyu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Jump to navigation Jump to search
Hiyu
Kalamangsa: Devonian awal – Saiki
Oceanic Whitetip Shark.png
Hiyu samodra ujung putih, Carcharhinus longimanus
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Animalia
Filum: Chordata
Subfilum: Vertebrata
Klas: Chondrichthyes
Subklas: Elasmobranchii
Superordho: Selachimorpha
Ordo

Carcharhiniformes
Heterodontiformes
Hexanchiformes
Lamniformes
Orectolobiformes
Pristiophoriformes
Squaliformes
Squatiniformes

Iwak hiyu utawa uga diarani iwak cucut iku saklompok (superordo Selachimorpha) iwak mawa krangka balung enom kang pepak [1] lan awak kang ramping. Hiyu ambegan kanthi migunakané limang bolongan insang (sok-sok enem utawa pitu, gumantung spesiesé) ing sisih kiwa lan tengen ndhasé, utawa diwiwiti rada mburi endhas. Awakéhiyu dilapisi kulit dermal denticles kanggo ngreksa kulité saka karusakan, saka parasit, lan kanggo nambah dinamika banyu.[1] Hiyu duwé sapérangan larik untu kang bisa gumanti.

Hiu nyakup spésies kang gedhéné saukuran tlapak tangan hiyu pigmi, Euprotomicrus bispinatus, siji spésies saka laut jero kang dawané mung 22 cm, nganti hiyu paus, Rhincodon typus, iwak gedhé dhéwé, kang tambah gedhé nganti watara 12 mèter lan kang, kaya iwak paus, mung mangan plankton liwat piranti panyaring ing cangkemé. Hiyu banteng, Carcharhinus leucas, iku hiyu kang paling misuwur saka sapérangan spésies kang mbluru ing banyu laut uga ing banyu tawar (jinis iki tinemu ing Tlaga Nikaragua, ing Amérika Tengah) lan ing delta-delta.[2]

Iwak hiu iki iwak kang angèl bisa mbédakaké warna.[3] Asil panalitèn saka Australia, kanthi tèknik micro-spectrophotometry, ya iku kanthi fokus marang sèl rétina kang ana 17 jinisé iwak hiyu kang kasil kecekel ana segara Queensland lan Australia Kulon.[3]

Jinising iwak hiyu kaya ta: bideye thresher, longfin mako, oceanic whitetip, porbeagle, common thresher, silky, smooth hammerhead, lan crocodile, hiu blue dan shortfin mako.[4]

Ing Indonésia ana kuthané kang duwé pralambang iwak hiyu ya iku kutha Surabaya.[5] Iwak hiyuné kanthi jeneng Sura lan kéwan baya kanthi jeneng baya ing basa Indonésiané Buaya.[5] Ing Ciamis, Jawa Kulon, Désa Karang Jaladri ana objèk wisata kang arané Watu Hiu.[6]

Ciri-ciri fisik[besut | besut sumber]

Krangka[besut | besut sumber]

Krangka hiyu béda banget dibandhingaké karo iwak-iwak duwé balung kaya ta upamané iwak kod, amarga kagawé saka balung enom, kang ènthèng banget lan lentuk, sanadyan balung enom ing iwak-iwak hiyu kang luwih tuwa sok-sok sapérangan bisa ngapur, saéngga marakaké luwih atos lan luwih mèmper balung. Rahang hiyu manéka rupa lan dikira wis ngalami évolusi saka rongga insang kang sepisanan. Rahang iki ora nempel ing cranium lan duwé deposit mineral tambahan kang mènèhi kekuwatan kang luwih gedhé.[7]

Hiyu lumrahé suwé anggoné diwasa kanthi sèksual lan ngasilaké sithik banget keturunan tinimbang iwak-iwak liyané kang dipanèn. Iki wis marakaké prihatin para biologiwan. Saliyané iku uga amarga ningkaté upaya kang dilakoni kanggo nyekel iwak hiyu nganti tekan seprene saéngga akèh spésies kang saiki dianggep kaancam cures.

Sapérangan organisasi, kaya ta upamané Shark Trust, ngakokaké kampanye kanggo matesi panangkepan hiyu.

Hiyu ing mitologi[besut | besut sumber]

Hiyu pinunjul banget ing mitologi Hawaii. Ana carita-carita ngenani manungsa hiyu kang duwé rahang hiyu ing mburiné. Manungsa hiyu iku bisa malih wangun antarané hiyu lan manungsa ing wektu-wektu kang dikarepaké. Sawijining tema umum ing carita-carita iki ya iku yèn manungsa-manungsa hiyu iki bakal mèngetaké wong-wong kang teka ing pasisir yèn ing papan iku ana hiyuné. Wong-wong kang teka ing pasisir iku bakal nggeguyu lan nglirwaké pèngetan-pèngetan mau lan bakal tetep mbluru, lan amarga nglirwaké pepènget mau mila wong-wong mau banjur dipangan déning manungsa hiyu kang padha karo kang mènèhi pepènget supaya ora mudhun menyang banyu.

Mitologi Hawaii uga ngandhut akèh déwa hiyu. Wong-wong percaya yèn hiyu iku panjaga samodra, lan hiyu-hiyu mau karan Aumakua:[8]

  • Kamohoali'i – Déwa hiyu kang paling misuwur lan diurmati. Déwa iki luwih tuwa lan nyenengi seduluré Pele,[9] lan tetulung sarta mlaku bareng menyang Hawaii. Déwa iki bisa njupuk rupa manungsa lan iwak. Sawijining tebing kang dhuwur ing kawah Kilauea dianggep salah siji papané kang paling suci. Ing salah siji papan iku, déwa iki nduwé siji he'iau (kuil) kang dipisungsungaké kanggoné ing saben lemah kang ngarah laut ing pulo Moloka'i.
Pérangan-pérangan iwak hiyu
  • Ka'ahupahau – Dèwi iki dilairaké minangka manungsa, kanthi ciri khasé amarga rambuté kang abang. Dèwi iki ing tembé wingking malih ing wangun hiyu lan diyakini ngreksa rakyat kang urip ing O'ahu saka iwak-iwak hiyu. Dèwi iki uga diyakini urip cerak Pearl Harbor.
  • Kaholia Kane – Iki déwa hiyu saka ali'i Kalaniopu'u lan diyakini dedunung ing siji guwa ing Puhi, Kaua'i.
  • Kane'ae – Dèwi hiyu kang malih dadi manungsa supaya bisa ngalami senengé nari.
  • Kane'apua – Sing paling umum, dhèwèké diyakini minangka sadulur lanangé Pele lan Kamohoali'i. Dhèwèké iku déwa kang seneng nganggo dolanan wong kang ngakokaké akèh tindakan kapahlawanan, kalebu ngleremaké loro bukit legendaris kang jaré tabrakan saéngga ngancuraké prau-prau kang ngupaya bisa liwat.
  • Kawelomahamahai'a – Asalé manungsa, dhèwèké banjur dimalihaké dadi hiyu.
  • Keali'ikau 'o Ka'u – Dhèwèké iku sepupuné Pele lan anak lanangé Kua. Dhèwèké karan pangreksa rakyat Ka'u. Dhèwèké tau nganakaké gayutan karo siji Kenya manungsa, kang nglairaké siji hiyu ijo.
  • Kua – iki déwa hiyu kang utama saka rakyat Ka'u, lan diyakini arupa nenek moyang rakyat Ka'u.
  • Kuhaimoana – Dhèwèké iku sadulur lanangé Pele lan dedunung ing pulo Ka'ula. Dawané jaré 55 m lan arupa bojoné Ka'ahupahau.
  • Kauhuhu – Dhèwèké iku raja hiyu kang kejem kang urip ing siji guwa ing Kipahulu ing pulo Maui. Sok-sok dhèwèké pindhah nuju guwa liyané ing sisih angin semribit saka pulo Moloka'i.
  • Kane-i-kokala – Sajinis déwa hiyu kang nylametaké wong-wong kang klelep kapalé kanthi nggawa wong-wong mau menyang pasisir. Wong-wong kang nyembah ora gelem mangan, ndumuk utawa ngliwati asep kokala, iwaké kang suci.

Ing budaya-budaya Samodra Pasifik liyané, Dakuwanga iku déwa hiyu kang uga arupa pamangsa jiwa-jiwa kang kesasar.

Ing Yunani kuna, wong dilarang mangan daging hiyu ing festival-festival wong wadon.

Untu hiyu macan kang miring uga lancip

Mitos[besut | besut sumber]

Ana mitos kang populèr yèn hiyu kebal marang lelara lan kanker; nanging prakara iki ora bener. Ana lelara lan parasit kang mangaruhi hiyu. Bukti yèn hiyu saora-orané tahan marang kanker lan lelara éntuk diujaraké yèn anekdot lan manawa ana, sithik banget studi èlmiyah utawa statistik kang mbuktèkaké yèn hiyu bisa ngundhakaké kakebalan marang lelara.[10]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Film[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ a b Budker, Paul (1971). The Life of Sharks. London: Weidenfeld and Nicolson. SBN 297003070. 
  2. ^ Allen, Thomas B. (1999). The Shark Almanac. New York: The Lyons Press. ISBN 1-55821-582-4. 
  3. ^ a b tekno.liputan6.com Ternyata hiu tidak bisa bedakan warna (Kaundhuh tanggal 7 Juli 2011)
  4. ^ nasional.kompas.com (Kaundhuh tanggal 8 Juli 2011)
  5. ^ a b www.kidnesia.com (Kaundhuh tanggal 8 Juni 2011)
  6. ^ metrotvnews.com (21 Juni 2011)
  7. ^ Hamlett, W. C. (1999). Sharks, Skates and Rays: The Biology of Elasmobranch Fishes. Johns Hopkins University Press. ISBN 0-8018-6048-2. 
  8. ^ Masalah Lua ing Modhul:Citation/CS1/Date_validation larik 379: attempt to call global 'get_month_number_jv' (a nil value).
  9. ^ Masalah Lua ing Modhul:Citation/CS1/Date_validation larik 379: attempt to call global 'get_month_number_jv' (a nil value).
  10. ^ Masalah Lua ing Modhul:Citation/CS1/Date_validation larik 379: attempt to call global 'get_month_number_jv' (a nil value).
Rujukan umum[besut | besut sumber]
  • Castro, Jose (1983). The Sharks of North American Waters. College Station: Texas A&M University Press. ISBN 0-89096-143-3. 
  • Stevens, John D. (1987). Sharks. New York: NY Facts on File Publications. ISBN 1-858052-49-4. 
  • Pough, F. H.; Janis, C. M. & Heiser, J. B. (2005). Vertebrate Life. 7th Ed. New Jersey: Pearson Education Ltd. ISBN 0-13-127836-3.  Cite nganggo paramèter lawas |coauthors= (pitulung)

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Wikibooks
Wikibooks Dichotomous Key nduwé informasi luwih akèh ngenani: