Hikayat Abdullah
Hikayat Abdullah iku sawijining otobiografi kang kagolong istiméwa sajeroning khazanah Sastra Melayu. Karya sastra iki ditulis ing tengahing abad kaping-19.
Abdullah kang jeneng jangkepé Abdullah bin Abdulkadir Munsyi iku saka kulawarga kang sugih kawruh, katurunan Arab, saka Yaman. Leluhuré ya iku guru agama lan guru basa Arab kang manggon ing India Kidul, banjur krama karo wong Tamil. Sabanjuré pindhah menyang Malaka.
Abdullah dhéwé lair lan mangon ing Malaka. Garwané uga katurunan Tamil. Bapaké Abdullah iku dadi narasumber William Marsden, nimpuna basa Melayu saka Britania Raya lan panulis kitab Sajarah Sumatra ("History of Sumatra") kang isih dirujuk déning sejarahwan nganti saiki.
Abdullah akèh nyritakaké bab kang narik kawigatèn saka paruh pisanan abad kaping-19. Umpamané ngenani kutha Malaka lan Singapura, sawatara tokoh kaya déné John Stamford Raffles, Lord Minto, Farquhar lan Timmerman Thijssen. Saliyané iku dhèwèké akèh banget nyritakaké ngenani kauripan sadina-dina bangsa Melayu wektu semana.
Pengarang iki uga dikenal amarga seneng nulis karya sastra didaktis kang kebak pitutur.
Edisi
[besut | besut sumber]Naskah Hikayat Abdullah sajeroning wangun manuskrip dirampungaké ing taun 1843, nanging edisi cithaké nembé diterbitaké taun 1849 ing Singapura migunakaké cap watu. Kaloroné migunakaké aksara Jawi. Edisi taun 1849 iki langka banget amarga kobongan ing omahé Abdullah, panggonan nyimpen sapérangan gedhé èksemplar edisi iki. Cithakan aksara Latin edisi iki wiwit diterbitaké ing taun 1903. Cithakan-cithakan iki mligi ditujokaké minangka wacan pelajar ing Singapura, Pulo Pinang lan Ujung Malaya.
Ing taun 1882 H. C. Klinkert nerbitaké edisi Hikayat Abdullah kanggo wacan rakyat Hindia Walanda.
Raihoel Amar Datoek Besar lan R. Roolvink ing taun 1953 nerbitaké edisi aksara Latin dhedhasar edisi taun 1849. Edisi iki sabanjuré akèh dadi andelan para sarjana, amarga ditampilaké minangka tèks kang diolah kanthi ilmiah.