Menyang kontèn

Sastra Melayu

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sastra Malayu klasik diwiwiti ing abad kaping 16 Masehi. Wiwit wektu iku nganti saiki gaya basané ora akèh owah-owahané.

Dokumen pisnan sing ditulis sajeroning basa Malayu klasik ya iku layang saka Sultan Abu Hayat Ternate ya iku ratu Ternate, Sultan Abu Hayat marang ratu João III ing Portugal ing taun 1521 Masehi.

Pratélan wangun sastra Malayu

[besut | besut sumber]

Gurindam

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Gurindam

Gurindam iku sawijining wujud gurit Malayu lawas sing dumadi saka rong larik kalimat kanthi irama pungkasan sing padha, minangka sawijining kesatuan sing wutuh. Larikan pisanan isi kaya déné soal, masalah utawa prejanjèn lan larikan kaloro isi jawabané utawa akibat saka masalah utawa prejanjèn ing larikan pisanan mau.

conto:

Pabila banyak mencela orang
Itulah tanda dirinya kurang
Dengan ibu hendaknya hormat
Supaya badan dapat selamat

Gurindam Dua Belas

[besut | besut sumber]

Kumpulan gurindam sing dikarang déning Raja Ali Haji saka Kapuloan Riau. Dijenengaké Gurindam Dua Belas amarga risi 12 pasal, antarané ngenani ngibadah, kuwajiban ratu, kuwajiban anak marang wong tuwa, tugas wong tuwa marang anak, budi pekerti lan urip sajeroning masarakat.

Hikayat

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Hikayat

Hikayat iku salah siji wangun sastra prosa sing isi kisah, carita, dongèng utawa sajarah. Lumrahé nyritakaké kahébatan utawa kapahlawanan kanthi keanèhan, kasektèn sarta mukjizat tokoh baku.

Karmina

[besut | besut sumber]
Artikel utama: Karmina

Karmina utawa kaloka kanthi jeneng pantun kilat iku pantun sing dumadi saka rong larik. Larikan pisanan minangka sampiran lan larikan kaloro minangka isi. Nduwèni pola sajak lurus (a-a). Lumrahé dipigunakaké kanggo nyindir utawa ungkapan kanthi langsung.

Conto

Sudah gaharu cendana pula Sudah tahu masih bertanya pula

Uga delengen

[besut | besut sumber]