Guwa Selarong
Koordhinat: 7°52′18″S 110°17′42″E / 7.871682°S 110.2951364°E
Guwa Selarong punika kalebet guwa ingkang ngemu aji sajarah ingkang mapan wonten ing Dhukuh Kembang Putihan, Kecamatan Pajangan, Kabupatèn Bantul, Provinsi Daérah Istiméwa Yogyakarta, Indonésia [1][2]. Guwa punika wonten ing pagunungan watu cadas ingkang kala rumiyin dados markas gerilya Pangéran Dipanegara nalika perang Jawa (1825-1830) ngalawan wadya Hindia Walanda. Pangéran Dipanegara pindhah dhateng guwa punika bakda dalemipun ingkang wonten ing Tegalrejo dipunserang lan diobong déning Walanda.
Guwa Selarong punika dados papan pariwisata ingkang dipunjangkepi kaliyan papan kanggé kémah. Objek pariwisata punika papanipun kirang langkung 14 kilomèter arah mangidul kitha Yogyakarta, mliginipun wonten pucuk gunung ingkang taksih kathah wit-witan. Wonten ing kiwa tengen Goa Selarong punika wonten pangembangan objek agrowisata klèngkèng ingkang dados daya tarik utami.
Sajarah
[besut | besut sumber]Goa Selarong punika dados saksi pangudinipun Pangéran Dipanegara lan laskaripun ingkang kaginakaken dados markas gerilya nglawan Walanda. Wonten ing gua punika Pangéran Dipanegara ngrantam strategi pirembagan sesarengan kaliyan para pendhèrèkipun. Nalika bermarkas wonten ing Guwa Selarong, laskar Pangéran Dipanegara naté dipunserang déning Walanda kaping tiga, inggih punika tanggal 25 Juli, 3 Oktober, lan 4 Oktober 1825. Perang antawisipun laskar Pangéran Dipanegara lan Walanda punika kawéntar kanthi nama Perang Jawa ingkang kadadosan gangsal taun, inggih punika taun 1825 dumugi 1830 [1].
Pangéran Dipanegara (1785-1855) punika putra mbarepipun Sultan Hamengkubuwono III (1769-1814). Pangéran Dipanegara boten gadhah gegayuhan dados raja lan langkung remen gesang ing madyaning masarakat lajeng pidalem ing Désa Tegalrejo. Amargi dipunkepung déning Walanda tanggal 20 Juli 1825 ing Désa Tegalrejo, Pangeran DIponegoro saha sadaya pendhèrèkipun medal dhateng Guwa Selarong [1].
Walanda sempet kewalahan anggènipun ngadepi taktik perang gerilya ingkang diuntrepaken déning Pangéran Dipanegara. Saking Guwa Selarong, laskar Pangéran Dipanegara nindakaken serangan sporadis. Asring medal kanthi ujug-ujug utawi dadakan nyerang Walanda, nanging kanthi rikat ugi banjur ical lan mundur dhateng Guwa Selarong. Perang ingkang kekalampahan 5 taun punika kathah ruginipun. Saking pihak Walanda kelangan 80 èwu wadya, lan rugi bandha dumugi defisit 20 juta gulden [3].
Kaéndahan
[besut | besut sumber]Nalika mlebet dhateng Guwa Selarong, wonten patung Pangéran Dipanegara ing nginggiling jaranipun. Ing mriku, Pangéran Dipanegara ngagem busana jubah lan corban kanthi warna pethak. Ing ngandhaping patung wonten relief ingkang nggambaraken prosès perundingan kaliyan pehaking Walanda. Miturut cathetan sajarah, perundingan ingkang dipunadani ing Magelang, Jawa Tengah tanggal 28 Maret 1830 punika namung siasat licik saking Walanda kanggé nyekel Pangéran Dipanegara [3].
Caket kaliyan Guwa Selarong wonten sumber toya anama Sendhang Manik Maya. Manawi badhé tindak dhateng papan punika kedah ngilwati kreteg alit ing nginggiling lèpèn garing ingkang dados papan ilining grojogan nalika jawah. Sendhang Manik Maya punika sumber toya abadi ingkang kala rumiyin kaginaken déning Pangéran Dipanegara saha pendhèrèkipun kanggé siram lan bersuci [3].
Boten tebih kaliyan Sendhang Manik Maya wonten ugi sumbering toya ingkang kawéntar kanthi nama Sendhang Umbul Mulya. Toya ing sendhang punika kaginakaken kanggé masak lan umbah-umbah. Kajawi kalih sendhang punika, wonten ugi tilaran sajarah sanèsipun kados ta papan panganan jaranipun ingkang dipunwastani Gedogan, papan kanggé upacara laskar Pangéran Dipanegara utai Banjaran, saha papan èksekusi pendherekipun Pangeran ingkang khianat utawi Mancasan [3].
Kompleks Guwa
[besut | besut sumber]Guwa Selarong punika langkung mirib kaliyan kamar kanggé ngaso. Wonten kalih gua ing sawingkinging plataran, gua sisih kiwa anama Guwa Kakung, amargi kala rumiyin punika kanggé kamaripun Pangéran Dipanegara, lajeng ingkang sisih tengen Guwa Putri inggih punika gua ingkang kaginakaken déning Raden Ayu Ratnaningsih, garwanipun Pangéran Dipanegara]]. Ing mriku wonten kirang langkung 300 mèter sisih kidul gua wonten Ompak Masjid utawi tiyang kanggé nyangga masjid. Kala rumiyin papan mau kaginakaken déning Pangéran Dipanegara kanggé mimpin salat berjamaah. Papan mau ugi asring kaginakaken kanggé meditasi minangka sarana supados caket kaliyan Gusti-nipun [3].
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b c [1], (id) Goa Selarong (dipun-akses tanggal 21 Dhésèmber 2012)
- ↑ [2][pranala mati permanèn], (id) Goa Selarong saksi sajarah perjuangan Pangéran Dipanegara (dipun-akses tanggal 21 Dhésèmber 2012)
- ↑ a b c d e [3] Archived 2013-01-20 at the Wayback Machine., (id) http://www.jogjatrip.com Archived 2013-01-14 at the Wayback Machine. Goa Selarong (dipun-akses tanggal 22 Dhésèmber 2012)