Gesang Martohartono

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Gesang
Gesang Martohartono
Latar wuri
Lair (1917-10-01)Oktober 1, 1917
Nèderlan Surakarta, Kasunanan Surakarta, Hindhia Nèderlan
Pati Mèi 20, 2010 (Umur 92 taun)
Indonésia Surakarta, Indonésia
Jinis Musik Keroncong
Pakaryan Penyanyi
Pangripta lelagon
Instrumen Vokal

Gesang utawa jangkepé kang aran Gesang Martohartono (lair ing Surakarta, Jawa Tengah, 1 Oktober 1917 – pati ing Surakarta, Jawa Tengah, 20 Mèi 2010 ing yuswa 92 taun) ya iku gerong lan pangripta lelagon saka Indonésia. Gesang misuwur dadi sang "maestro kroncong Indonésia," dhèwèke misuwur banget saka lelagon riptané ya iku Bengawan Sala kang misuwur nganti tekan Asia, mliginé ing Indonésia lan Jepang. Lelagon 'Bengawan Sala' iku wis kurang luwihé, dipertalaké ana ing 13 basa (kalebu basa Inggris, basa Tionghoa, lan basa Jepang)

Lelagon Bengawan Sala[besut | besut sumber]

Lelagon Bengawan Sala iki diripta ing taun 1940, Samangsa umuré 23 taun. Gesang mudha nalika lungguh ana pinggiré kali Bengawan Sala, dhèwèké kerep ngagumi kali iku, ya saka inspirasi iku dhèwèké bisa ngripta lelagon. Prosès gawé lalagon iku kurang luwih 6 sasi. Ing jagading manca, lelagon kang diwènèhi aran Bengawan Sala iku misuwur banget, mliginé ing nagara Jepang. Bengawan Sala uga tau didadèkaké salah siji filem layar amba ing Jepang.[1]

Kauripan[besut | besut sumber]

Gesang manggon ing Dalan Bedoyo Nomer 5, Kalurahan Kemlayan, Serengan, Sala, bebarengan karo ponakan lan kulawargané. Sadurungé manggon ing kana dhèwèké sakulawarga manggon ing Perumnas Palur paringané Gubernur Jawa Tengah taun 1980 nganti 20 taun. Gesang wis pegatan karo garwané ing taun 1962. Sabubaré iku Gesang urip ijèn lan ora duwé putra manèh.

Gesang wiwitané dudu pangripta lagu. Ing jaman dhisik dhèwèke iku mung salah sijiné gerong lelagon kang aran kroncong ana ing adicara lan pista cilik-cilikan waé ing kutha Sala. Dhèwèké uga naté ngripta lagu kaya ta; Keroncong Roda Dunia, Keroncong si Piatu, lan Sapu Tangan, ing mangsa Perang Donya II. Emané, katelu-teluné lelagon iki kurang nduwé greget saka wong-wong (masarakat).

Supaya wujud rancagé saka jasané ing jagad lelagon keroncong, ing taun 1983 Jepang ngedegaké Taman Gesang sacedhaké kali Bengawan Sala. Pangelolané taman iki asal saka Dana Gesang, ya iku pawiyatan utawa lembaga sing diyasa mligi kanggo Gesang ing Jepang.

Gesang diwartakaké tilar donya ing tanggal 18 Mèi 2010 sawisé kaséhatané dilapuraké sangsaya lara.[2] Gesang dirujuk ing griya sakit amarga kaséhatané mudhun ing dina Rebo (19/05/2010). Dhèwèké mondhok ing griya sakit wiwit dina Minggu (16/05) ing ruwang ICU. Amarga ora ana kamajuan, tim dhokter griya sakit banjur mbentuk tim ahli spesialis saka limang dhokter kang béda-béda. Dina Kemis (20/05/2010) wusanané Gesang kapundhut ing ngarsanipun GustiSing Mahakuwasa, ing griya sakit PKU Muhamadiyah, wayah 18:10 WNIK. Surakarta.[3]

Lagu-lagu ciptané Gesang[besut | besut sumber]

  • Bengawan Sala
  • Jembatan Merah
  • Pamitan (versi basa Indonésia sing dipopulèraké Broery Pesulima)
  • Caping Gunung
  • Ali-ali
  • Andheng-andheng
  • Luntur
  • Dongengan
  • Saputangan
  • Dunia Berdamai
  • Si Piatu
  • Nusul
  • Nawala
  • Roda Dunia
  • Tembok Besar
  • Seto Ohashi
  • Pandanwangi
  • Impenku
  • Kalung Mutiara
  • Pemuda Dewasa
  • Borobudur
  • Tirtonadi
  • Sandhang Pangan
  • Kacu-kacu

Cathetan suku[besut | besut sumber]

Sumber Réferènsi[besut | besut sumber]

Pesona (2008), bilangan 116. Pustaka Wira Sdh Bhd.

Pranala njaba[besut | besut sumber]