Emile Heskey
|
Heskey ing Bolton Wanderers | |||
| Katrangan priangga | |||
|---|---|---|---|
| Jeneng dawa | Emile William Ivanhoe Heskey[1] | ||
| Posisi main | Pengarep / Striker | ||
| Katerangan klub | |||
Tim saiki | Pensiun | ||
| Angka | 18 | ||
| Karir nom | |||
| 1987–1994 | Leicester City | ||
| Karir klub* | |||
| Taun | Tim | Main | (Gul) |
| 1994–2000 | Leicester City | 154 | (40) |
| 2000–2004 | Liverpool | 150 | (39) |
| 2004–2006 | Birmingham City | 68 | (14) |
| 2006–2009 | Wigan Athletic | 82 | (15) |
| 2009– | Aston Villa | 64 | (8) |
| Karir tim nasional‡ | |||
| England U16 | 4 | (1) | |
| England U18 | 8 | (5) | |
| 1996–2000 | England U21 | 16 | (6) |
| 1998 | England B | 1 | (1) |
| 1999–2010 | England | 62 | (7) |
|
* Gunggung main lan gul ing klub sénior tumrap liga dhomèstik iki mligi lan patitis per pukul 23:18, 17 May 2011 (UTC). | |||
Emile William Ivanhoe Heskey utawi ingkang langkung tinepang kanthi asma Emile Heskey (lair ing Leicester, Inggris, 11 Januari 1978; umur 47 taun) inggih punika juru main bal-balan saking tim nasional Inggris.[2] Piyabakipun misuwur amargi kekiyatanipun lan kadigdayanipun, nanging déning pihak médhia Heskey boten kathah damel gol.[3] Heskey miwiti kariripun kaliyan klub Leicester City ing taun 1994.[4] Salajengipun Heskey pindhah dhateng Liverpool F.C. kanthi nile transfer £11 juta ing taun 2000, ingkang dados rekor tumrapipun tim Leicester City ing wekdal punika.[4] Ing klub Liverpool, Heskey pikantuk kathah kajuwaran, kalebet juara Piala FA ing taun 2001.[4] Salajengipun Heskey gantos klub Birmingham City ing taun 2004. Heskey lajeng pindhah dhateng klub ingkang sapunika, inggih punika klub Wigan Athletic ing taun 2006.[4] Heskey gadhah posisi minangka panyerang utawi saged ugi dados gelandhang.[4] Heskey inggih punika juru main bal tim nasional Inggris saking keturunan nagari Antigua.[4] Heskey damel debut internasionalipun nalika adu tandhing mengsah tim nasional Honggari, nalika samanten Inggris namung saged main imbang kanthi skor 1-1 ing taun 1999.[4] Heskey sampun 48 adu tandhing mbela tim Inggris, lan namung nglebetaken 5 gol.[4] Heskey kécalan panggènipun ing tim nasional Inggris sasampunipun Piala Éropa 2004, sasampunipun gagal sumunar lan dados sasaran kritik.[4] Sasampunipun dangu boten main ing adu tandhing ingkang asipat internasional, pungakasanipun Heskey dipunpitados mlebet tim nasional Inggris malih kanggé kualifikasi Piala Éropa taun 2008.[4]
Cathetan suku
[besut | besut sumber]- ↑ a b Hugman, Barry J., èd. (2005). The PFA Premier & Football League Players' Records 1946–2005. Queen Anne Press. kc. 284. ISBN 1852916656.
- ↑ Emile Heskey Archived 2007-11-27 at the Wayback Machine. dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
- ↑ England dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
- ↑ a b c d e f g h i j Emile Heskey dipunundhuh tanggal 7 Juli 2011)
Pranala njawi
[besut | besut sumber]
| Artikel pemain bal-balan iki minangka artikel rintisan. Kowé bisa ngéwangi Wikipédia ngembangaké. |