Drumblèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Drumblèk iku drumbèn tradhisional saka Kutha Salatiga kang diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri (Rohman 2019, kc. 11-13).

Drumblèk ya iku drumbèn tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Kagunan iki diwiwiti déning Didik Subiantoro Masruri amarga wragad kang mèpèt kanggo tuku piranti drumbèn nalika Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor, Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga arep mèlu ngramèkaké fèstival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia ing taun 1986. Saora-orané nganti taun 2020, drumblèk kerep diwetokaké ing fèstival kagunan Kutha Salatiga.

Asal-usul[besut | besut sumber]

Miturut Supangkat, drumblèk pancèn bisa diarani kagunan anyar, nanging cikal bakal saka kagunan iku sakjané klothèkan kang wis kalebu budaya lokal lan wis suwé ana ing masarakat Jawa.[1] Drumblèk uga kalebu kagunan asli saka Kutha Salatiga yèn anané diarani "nyampurnakaké" budaya klothèkan kang diwarisaké leluhur.[2][3] Kagunan drumblèk pisanan jedhul ing Désa Pancuran, Kalurahan Kuthawinangun Lor,[a] Kacamatan Tingkir, Kutha Salatiga[4] taun 1986 kang digagas déning Didik Subiantoro Masruri utawa luwih kerep diceluk Didik Ompong.[5] Panemuné Didik jedhul nalika Désa Pancuran dijaluki tulung mèlu karnaval Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia.[6] Nalika iku, acara kagunan pancèn akèh dianakaké ing Kutha Salatiga. Acara iku ya iku karnaval, kirab, lan grebeg budaya.[7]

Didik pisanan duwé gegayuhan mujudaké drumbèn supaya Désa Pancuran bisa mèlu ing acara kuwi, nanging tubrukan amarga wragad kang mèpèt.[8][9] Sawisé kuwi, dhèwèké duwé panemu tetep nggawé drumbèn nganggo prabot tilas sing isih kena dianggo, kaya ta kethokan pring, èmbèr, jerigèn lenga, lan drum.[10] Panemuné Didik kuwi mau banjur disengkuyung karo kanca-kancané lan nom-noman Désa Pancuran. Dhèwèké kabèh miwiti nggolèki drum tilas, jerigèn lenga, èmbèr, lan kethokan pring. Sawisé kabèh wis nglumpuk, dhèwèké kabèh banjur gegladhi supaya bisa mèlu karnaval Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia.[11]

Nalika pisanan gladhèn, uniné drumblèk luwih mbrebegi kuping lan uga durung awujud wiramanané. Prakara iku amarga kabèh piranti sing dianggo saka prabot tilas.[7] Sabanjuré, tinemu kagunan kuwi diarani "drumblèk" amarga piranti pokok sing dianggo ya iku drum tilas saka sèng (ing basa Jawa uga diarani blèk), wondéné klumpukan pisanan kagunan drumblèk ing Désa Pancuran diwènèhi jeneng Drumbèn Tinggal Kandas,[5][12] sing sabanjuré ganti dadi Gempar (Generasi Muda Pancuran).[13][14]

Gegladhi masarakat Désa Pancuran kang tenanan iku kasil nalika ngetoni fèstival Ambal Warsa Kaping-41 Républik Indonésia. Drumblèk saka Désa Pancuran narik kawigatèné wong sing padha nonton, malah nganti saiki dadi panyarta kang dianti-anti masarakat saben ana acara kagunan ing Kutha Salatiga.[15] Nalika iku, drumblèk jedhul minangka wujud aprésiasi marang kagunan masarakat. Didik lan masarakat Désa Pancuran kapéngin nggawé inovasi anyar lan ngenalaké budaya Kutha Salatiga liwat drumblèk.[16]

Kanthi nganggo sandhangan apa anané lan thèklèk (sandal saka kayu), Drumblèk Tinggal Kandas ngusung bab pulitik, nanging dibungkus ora blak-blakan, ya iku "yèn aku ora bisa nguruni kembang kanggo bangsa, sakglintir pasir waé uga bisa".[17] Pratandha kuwi nggawa warga Désa Pancuran éntuk bebungah saka MURI (Musiyum Rékor Donya Indonésia) kanggo kategori arak-arakan thèklèk kanthi panyarta paling akèh.[18] Désa Pancuran banjur ora gur dititèni minangka panemu drumblèk, nanging uga barisan thèklèk minangka pratandhané.[5][19]

Idhéné Didik alon-alon diéloni déning désa-désa liya ing Kutha Salatiga. Klumpukan-klumpukan kagunan drumblèk saya akèh jedhul ing saben désa kang ana ing Kutha Salatiga.[20] Drumblèk ora gur diwetokaké ing fèstival karnaval, nanging uga dadi lakuné upacara Pamaréntah Kutha Salatiga.[17][21] Kagunan drumblèk ngrembaka ing 10 taun kepungkur, kanthi tenger jedhulé klumpukan-klumpukan drumblèk anyar ing tepis iring Kutha Salatiga lan Kabupatèn Semarang.[15][22] Salah siji sabab kang nggawé klumpukan drumblèk ngrembaka ya iku panyengkuyung kang diwènèhi déning lurah désa ing saben wewengkon kuwi mau.[21][23]

Pangrembaka[besut | besut sumber]

Anané drumblèk ora luput saka pangrembakané sing saya mundhak saben dinané. Kagunan kang mulané saka Désa Pancuran kuwi wis ngrembaka nganti sakabèhing wewengkon Kutha Salatiga, malah saben RT (Rukun Tetanggan) duwé klumpukan dhéwé.[23][24] Saliyané iku, badan pawiyatan kaya ta UKSW (Universitas Kristen Satya Wacana) mèlu andhil ngundhakaké klumpukan-klumpukan drumblèk liwat acara orièntasi mahasiswa anyar utawa èkstrakurikuler.[25][26]

Rohman medharaké pamanah liya gegayutan karo kagunan drumblèk. Miturut dhèwèké, saora-orané ana telu cara drumblèk bisa ngrembaka kanthi cepet, ya iku anané pamain drumblèk saka Désa Pancuran kang alihan omah ing désa liya lan ing papan anyar kuwi dhèwèké nglatih uga ngrembakaké drumblèk dhéwé, mula désa anyaré kuwi mau duwé klumpukan drumblèk; anané warga Désa Pancuran kang dijaluki tulung dadi juru latih ing wewengkon liya; lan uga nalika kampus UKSW ngerti drumblèk pisanan, péhak kampus nekani juru latih drumblèk saka Désa Pancuran.[23] Saliyané katelu sabab kuwi, Supangkat nambahi yèn drumblèk bisa ngrembaka cepet amarga anané mahasiswa kang mèlu latian ing Désa Pancuran. Prakara iki sing nggawé olah trampil bisa mlaku kanthi lancar.[1][27]

Sawisé klumpukan-klumpukan drumblèk kang ana ing Kutha Salatiga lan sakitéré saya akèh, didegaké PDS (Paguyuban Drumblèk Salatiga) tanggal 25 Fèbruari 2016 sing dipandhégani déning Muhammad Edi Kurniawan.[28] Nalika kapisan digawé, nembé separo saka sakabèhé klumpukan drumblèk kang ndaptar resmi ing PDS, nanging amarga ana acara Deklarasi Paguyuban Drumblèk tanggal 30 Oktober 2016 ing Lapangan Noboréjo, cacahé klumpukan drumblèk sing mèlu awor dadi saya tambah akèh, ya iku dadi + 120 klumpukan. Prakara iki nduduhaké yèn klumpukan-klumpukan drumblèk kapéngin nduduhaké wujudé.[29]

Kudu dingertèni, PDS ngadeg amarga anané akèh prakara sing asalé saka klumpukan drumblèk kang ana ing Kutha Salatiga, utamané Drumblèk Gempar. Salah sijiné prakara kuwi ya iku akèh fèstival utawa tetandhingan drumblèk sing nganggo pambiji kurang prayoga. PDS ngadeg minangka panengah lan uga mènèhi pasarujukan déning panitya gegayutan karo tetandhingan lan pambiji kang apik.[30] Susanto nyethakaké yèn PDS didegaké dianggo panggonan sing ngayomi klumpukan-klumpukan drumblèk lan uga papan parembugan dianggo mènèhi pawarta gegayutan karo kagiyatan drumblèk. Saliyané kuwi, PDS uga digadhang bisa ngrembakaké manéka warna wirama drumblèk ing saben klumpukan-klumpukan drumblèk lan nyawijèkaké dadi ikon Kutha Salatiga. Ing wadhah PDS dhéwé, pandhégané duwé sesanti "saka Salatiga dianggo donya". PDS kepéngin sawijining dina mengko drumblèk bisa dingerteni ing nagara liya.[31]

Wujud panyawisan[besut | besut sumber]

Supangkat miterang yèn drumblèk ing Kutha Salatiga kaperbawan déning drumbèn saka Walanda. Nalika Kutha Salatiga isih dadi gementee,[b] saben taun bebrayan Éropa (mliginé Walanda) kang dedunung ing wewengkon Kutha Salatiga tansah ngadani grebeg. Lumrahé arak-arakan kasebut kawiwitan saka lapangan Tamansari sadurungé ngubengi kutha. Sawisé gubermen Indhiya Nèderlan oncad saka Kutha Salatiga, drumblèk mau ora nemahi cures, nanging malah wis dadi ciriné kagunan ing Salatiga, amung waé wujudé kang séjé. Drumblék dadi wujud tironé drumbèn, amung piranti tetabuhané kang luwih prasaja.[25][32]

Drumblèk dadi salah sawijining kagunan gubahan kang ana ing tataran bebrayan, mliginé kanggo bebrayan ing Kutha Salatiga tumeka saiki. Jinis musik iki pancèn ora mlebu golongan musik kang lumrah jalaran pirantiné kajupuk saka barang-barang tilas.[33] Nanging, lumantar owah-owahan barang-barang kasebut didadèkaké piranti musik kang aèng kaya salumrahé. Kagunan drumblèk luwih difokuské kanggo musik kang ditabuh ing jaban, kaya ta ing lapangan, sadawaning dalan, lan dilakokaké kaya déné drumbèn.[34]

Anggota klumpukan dadi pérangan kang wigati ing kagunan drumblèk. Samsaya akèh anggota drumblèk, samsaya regeng swara kang diasilaké saka piranti-piranti drumblèk.[33] Bab kasebut bisa dumadi amarga inti saka drumblèk ya iku karegengan lan gumyaké saka tetabuhan piranti musik, beksan, lan sandhangan kang dianggo, satemah anggota-anggota klumpukan drumblèk dadi pérangan utama kang kudu digathukaké kanthi rancag lan dadèkaké harmonis.[16]

Sawijining klumpukan drumblèk dumadi saka sawenèh anggota kang ngayahi gati ngunèkaké piranti kang bisa dirungu dadi lelagon kang asalé saka manéka warna piranti musik kanthi dipandhégani déning siji utawa loro kumendhan lapangan. Drumblèk lumrahé uga kairing beksan gendéra kang mèmper rerakitan lan pola-pola kang bisa molah-malih manut kalawan urutaning lagu kang diunèkaké.[27][35]

Piranti[besut | besut sumber]

Piranti kang abené dianggo ing drumblèk, ya iku:[15][36][37]

Para pamain[besut | besut sumber]

Sandhangan sing dianggo para pamain drumblèk dadi kawigatèn pokok saka wong sing ndelok kagunan iki (Rohman 2019, kc. 19).

Paraga kang kadhapuk kanggo nglakokaké drumblèk sadurungé taun 2000-an luwih akèh kajupuk saka pambeksa tinimbang tukang nabuh piranti musik, nanging wiwit taun 2005 paraga drumblèk diowahi kanthi cara nyuda pambeksa lan nambahi tukang tabuh piranti musik.[38] Para pamain sajroning drumblèk bisa diowah-owah manut kabutuhan saben grup drumblèk, nanging pakemé ing péntas drumblèk ya iku ana wong 50 kang nabuh snare drum, wong 30 kang nabuh kenthongan, wong 20 kang nabuh tong plastik cilik utawa drum ténor, wong 10-15 kang nabuh tong plastik gedhe utawa drum bass, lan wong 5 kang dadi bellyra utawa glockenspiel. Sarta uga, ana pamain panjurung kaya ta pambeksa lan mayorèt.[15][39]

Werna tembang lan sandhangan[besut | besut sumber]

Yèn dideleng saka nétra lan werna sandhangan kang dianggo, ing tembé saiki drumblèk wis samsaya ngrembaka tinimbang saka wiwit jumedhulé.[40] Manéka werna jejeran lan barisan uga wis dipraktikaké kaya grup-grup drumbèn aguna. Bab iki kang dadèkaké drumblèk dadi sawijining jinis kasenian musik kang cukup kawentar lan digandrungi ing Kutha Salatiga.[38]

Tembang-tembang kang ditembangaké déning drumblèk uga kapétung akèh wernané, ya iku saka tembang-tembang dolanan, tradhisional, nganti tembang pop kang wis ginubah manut piranti musik drumblèk.[38] Dolanan kasebut kawiwitan kanthi milih tembang, banjur diterusaké déning kang kapatah nyekel lumakuné musik (lumrahé glockenspiel) kanggo meneraké thuthukan lan ngetrepaké témpo supaya bisa ditutké déning para juru tabuh piranti musik sakabèhé.[14]

Kaya déné drumbèn, sandhangan kang dianggo ing kagunan drumblèk uga wujudé werna-werna jalaran ora pakem sandhangan kang kudu dianggo, saben grup drumblèk duwé kabébasan kanggo gawé sandhangan kang apik nanging kudu sopan.[24] Déné sandhangan-sandhangan kang digunakaké déning para pamain drumblèk akèh kang nirokaké sandhangan kasenian topèng ireng.[38] Sandhangan pamain ing sawijining grup lumrahé dibédakaké ing telung jinis, ya iku sandhangan kanggo panabuh piranti musik, sandhangan kanggo pambeksa drumblèk, sarta sandhangan kanggo mayorèt drumblèk.[41] Supangkat lan Satriyo miterang bilih panganggo sandhangan ing drumblèk ora pati wigati, jalaran kang dadi punjer kawigatèn ing barisan grup drumblèk ya iku mayorèt.[42][43]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Cathetan[besut | besut sumber]

  1. Nalika iku, Kalurahan Kuthawinangun durung dipara dadi loro. Kalurahan Kuthawinangun Lor lan Kuthawinangun Kidul nembe diresmekake surya ping 17 Maret 2015 dening Walikutha Salatiga, Yuliyanto. Ancas dimekarake Kecamatan Kuthawinangun, Kecamatan Tingkir, Kutha Salatiga ya iku kanggo ngundhakake paladenan bebrayan lan ngleksanakake gunaning bebrayan (Peraturan Daerah Kota Salatiga No. 5 tentang Pembentukan Kelurahan Kutowinangun Lor dan Kutowinangun Kidul Tahun 2012, kc. 1–11).
  2. Salatiga katetepake minangka gemeente kang kaloka kanthi jeneng de Gemeente Salatiga (Kuthapraja Salatiga) lan dipandhegani burgermeester dening Praja Indhiya Nèderlan surya ping 25 Juni 1917, lumantar Staatsblad No. 266 taun 1917 kang diwetokake dening Gubernur Jenderal Hindhia Walanda Johan Paul van Limburg Stirum (Prakosa 2017, kc. 19). Sumber daya administrasi papréntahan gemeente saka pajeg lemah, pajeg tontonan, pajeg réklame, IMB, lan ijin kagiyatan usaha ékonomi (Rohman 2020, kc. 116).

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. a b Supangkat (2014), kc. 20
  2. Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga (2015), kc. 31
  3. Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga (2017), kc. 21
  4. Dinas Komunikasi dan Informasi Provinsi Jawa Tengah (2017-04-17). "Drumblek Unggulan Budaya Lokal Salatiga". Portal Berita Pemerintah Provinsi Jawa Tengah. Dibukak ing 2020-04-14.
  5. a b c Perpustakaan Digital Budaya Indonesia (2018-08-09). "Drumblek, Kesenian Asli Salatiga". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 2020-04-14.
  6. Rohman (2019), kc. 13
  7. a b Referensi Nilai Budaya Takbenda Untuk Output Layanan Data dan Informasi Kota Salatiga, Provinsi Jawa Tengah (2017), kc. 5
  8. Pemerintah Kota Salatiga (2017-04-16). "Drumblek Unggulan Budaya Lokal Salatiga". Website Resmi Pemerintah Kota Salatiga. Dibukak ing 2020-04-14.
  9. Hubungan Masyarakat Sekretariat Daerah Kota Salatiga (2014-08-18). "Belasan Grup Drumblek Semarakkan Karnaval Budaya Salatiga". Pemerintah Kota Salatiga. Dibukak ing 2020-05-12.
  10. Supangkat (2014), kc. 31
  11. Sutantyo (2013), kc. 31
  12. Satriyo (2016), kc. 105
  13. Kampoeng Salatiga (2013), kc. 32
  14. a b Susanto (2016), kc. 76
  15. a b c d Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga (2014), kc. 22
  16. a b Susanto (2016), kc. 75
  17. a b Rohman (2019), kc. 14
  18. Supangkat (2014), kc. 16
  19. Supangkat (2014), kc. 8
  20. Supangkat, dkk (1995), kc. 30-31
  21. a b Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga (2013), kc. 21
  22. Supangkat, dkk (1995), kc. 31
  23. a b c Rohman (2019), kc. 15
  24. a b Perpustakaan Digital Budaya Indonesia (2018-08-09). "Drumblek, Drumben Tradisional Salatiga". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 2020-04-14.
  25. a b Adikristya, Arya (2016-12-01). "Patenisasi Drumblek Salatiga". Scientiarum: Wacana Kritis-Prinsipil Mahasiswa UKSW dan Salatiga. Dibukak ing 2020-04-14.
  26. Humas Sekretariat DPRD Kota Salatiga (2014), kc. 23
  27. a b Rohman, Fandy Aprianto (2020-05-16). "Drumblek". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 2020-04-14.
  28. Rohman (2019), kc. 15-16
  29. Susanto (2016), kc. 77
  30. Rohman (2019), kc. 16
  31. Susanto (2016), kc. 76-77
  32. Supangkat (2007), kc. 20-22
  33. a b Rohman (2019), kc. 17
  34. Wiratama (2018), kc. 219
  35. Kampoeng Salatiga (2013), kc. 26
  36. Referensi Nilai Budaya Takbenda Untuk Output Layanan Data dan Informasi Kota Salatiga, Provinsi Jawa Tengah (2017), kc. 6-8
  37. Kampoeng Salatiga (2013), kc. 28-29
  38. a b c d Rohman (2019), kc. 19
  39. Kampoeng Salatiga (2013), kc. 28
  40. Redaksi Tempo (2018-10-17). "Saat Empat Pilar Digaungkan ke Masyarakat Melalui Drumblek dan Rodat". Tempo Media Group. Dibukak ing 2019-08-28.
  41. Kampoeng Salatiga (2013), kc. 16
  42. Supangkat (2014), kc. 26
  43. Satriyo (2016), kc. 104

Kapustakan[besut | besut sumber]

Buku

  • Kampoeng Salatiga (2013). Drumblek dari Salatiga untuk Dunia. Salatiga: Kampoeng Salatiga.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Prakosa, Abel Jatayu (2017). Diskriminasi Rasial di Kota Kolonial: Salatiga 1917-1942. Semarang: Sinar Hidoep.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Supangkat, Eddy (2007). Salatiga Sketsa Kota Lama. Salatiga: Griya Media.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Supangkat, Eddy (2014). Drumblek Seni Budaya Asli Salatiga. Salatiga: Kantor Perpustakaan Arsip Daerah Kota Salatiga.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)
  • Supangkat, Eddy, dkk (1995). Ensiklopedia Salatiga. Salatiga: Kantor Perpustakaan dan Arsip Daerah Kota Salatiga.{{cite book}}: CS1 maint: multiple names: authors list (link)
  • Sutantyo (2013). Drumblek dari Salatiga untuk Dunia. Salatiga: Buksuling.{{cite book}}: CS1 maint: ref duplicates default (link)

Jurnal

Majalah

Liyané

Pranala jaba[besut | besut sumber]