Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra iku beksan kang asalé saka Kutha Salatiga. Beksan kasebut mimbanaké babagan bregada garwa ampil (selir) saka Mangkunegara I jroning Prajanjèn Salatiga.

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra iku sawijining beksan jinis tradhisional kang asalé saka Kutha Salatiga. Beksan kasebut mimbanaké bab bregada garwa ampil (selir) saka Mangkunagara I utawa Radèn Mas Said (Pangéran Sambernyawa) jroning Prajanjèn Salatiga. Beksan iki kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal. Bebakal tradhisional saka beksan kasebut tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan arès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman.

Teges beksan[besut | besut sumber]

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal.

Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra ngemu teges, ya iku jurit kang ateges "prajurit", garwa ampil tegesé "selir" – saka Mangkunagara I, lan warastra kang ateges "gendhéwa" utawa "panah".[1] Beksan kasebut mimbanaké bab bregada garwa ampil (selir) sajroning Prajanjèn Salatiga kang dileksanakaké surya ping 17 Maret 1757.[2] Ing prajanjèn kasebut saben péhak (Hamengkubuwana I, Pakubuwana III, lan Mangkunagara I) sarujuk kanggo gawa lan nuduhaké kadigdayan bregadané. Mangkunagara I uga nuduhaké sawenèh bregada kang ngampigi panjenengané, salah sijiné ya iku Jurit Ampil, utawa golonganing prajurit putri para seliré.[2]

Bebakal beksan[besut | besut sumber]

Bebakal tradhisional saka Beksan Jurit Ampil Kridha Warastra tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan paès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman.

Beksan iki kalebu beksan kang ora kaiket déning klumpukan, ateges bisa dibeksanaké kanthi cara klumpuk, pasangan, lan tunggal. Bebakal tradhisional saka beksan kasebut tinemu jroning solah, iringan lagu, sandhangan, lan paès, nanging ing saikiné wis kacampuran kalawan bebakal anyar kang ngetutké lumakuné jaman. Beksan kasebut uga ana worsuh beksan tradhisional modhèl Surakarta lan beksan rakyat, kang akèh jupuk saka solah kaprajuritan. Déné iringan musik beksan iki migunakaké gamelan Jawa laras pélog saka gendèr, kendhang, demung, saron, kempul, lan gong. Jinis gendhing kang dianggo kayata lancaran, srepeg, lan palaran.[3]

Sandhangan kang dianggo ing ing beksan iki uga sandhangan bregada putri kanthi rambut kang digelung sethithik lan manganggo makutha werna emas. Sandhangan werna biru alengen cendhèk kanthi rerenggan prada mas, sabuk, lan dodot, sarta clana dawané sadhengkul. Gegaman migunakaké endhong, jemparing, nyenyep, gendhewa, lan cundrik.[3] Tata paès para pambeksa duwèni ancas kanggo biyantu neguhaké karakter, budi pakarti, lan solah bawa sawijining prajurit.[2]

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Albab, Marwan (2019-08-16). "Flashmob Tari di Pinggir Jalan, Lestarikan Tarian Klasik di Era Millenial". ANTV Klik. Dibukak ing 2020-09-15.
  2. a b c Sobat Budaya (2018-05-16). "Tari Jurit Ampil Kridha Warastra". Perpustakaan Digital Budaya Indonesia. Dibukak ing 2020-09-15.
  3. a b GPS Wisata Indonesia (2018-03-04). "Tarian Tradisional Salatiga Jawa Tengah". GPS Wisata Indonesia. Dibukak ing 2020-09-15.

Pranala jaba[besut | besut sumber]