Cabé

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Cabé
Piper longum plant.jpg
Tanduran cabé
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Piperales
Famili: Piperaceae
Génus: Piper
Spésies: P. retrofractum
Jeneng binomial
Piper retrofractum
Vahl.
Woh cabé sing wis digaringaké.

Cabé utawa , cabai jawa, cabé, lada panjang (Piper retrofractum Vahl. syn. P. longum) iku kerabat saka mrica lan kalebu sajeroning suku suruh-suruhan utawa Piperaceae. Dikenal uga minangka cabai solak (Madura) lan cabia (Sulawesi). Tanduran asli Indonésia iki populèr minangka tanduran obat pekarangan lan tuwuh uga ing alas-alas sekunder dhataran cendhèk (nganti 600m ing sadhuwuré lumahing segara).

Tanduran iki wis suwé dikenal déning wong Romawi lan kerep dikacaukan karo mrica. Ing Indonesia dhéwé woh sing garing kanggo rempah kanggo gawé rasa pedhes.

Cabé bisa tuwuh ing lahan sing dhuwuré 0-600 mèter ing sadhuwuré lumahing segara (dpl), kanthi curah udan rata-rata 1.259-2.500 mm/taun. Lemah lempung mawa pasir, kanthi struktur lemah gembur lan mawa drainase sing apik, minangka lahan sing cocog kanggo budidaya cabé. Tanduran iki duwé kaunggulan bisa tuwuh ing lahan garing mawa watu.

Dhèskripsi tanduran[besut | besut sumber]

Wangun tanduran iki kaya suruh, ngrambat, mènèk, mbelit, lan njalar. Godhongé awangun bunder nganti lonjong, pangkal godhong awangun jantung utawa bunder, pucuk godhong lancip kanthi bintik-bintik kelenjar. wohé majemuk bulir, wanguné bunder dawa utawa silindris, lan pucuké tansaya cilik. Woh sing durung tuwa awarna klawu, banjur dadi ijo, banjur kuning, abang, sarta empuk. Rasané pedhes lan tajem aromatis[1].

Khasiat lan Kagunan[besut | besut sumber]

Woh cabé duwé khasiat minangka obat lara weteng, masuk angin, bèri-bèri, rématik, tekanan darah cendhèk, kolèra, influenza, lara ngelu, lemah syahwat, bronkitis, lan sesek napas. Amarga saka iku, cabé akèh dibutuhaké minangka bahan jamu tradhisional lan obat pil/kapsul modhèren sarta bahan campuran ombènan. Rasa pedhes iku asalé saka senyawa piperin, kanthi kandhutan watara 4,6 persèn.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. ^ Syukur, C. lan Hernani: "Budi Daya Tanduran Obat Komersial", halaman 33. PT Penebar Swadaya, 2002