Bendi

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Disambig variants icon.svg
Bendi
Hong Kong Okra Aug 25 2012.JPG
Buah diwasa dan buah mudha bendi
Klasifikasi ngèlmiah
Karajan: Plantae
Dhivisi: Magnoliophyta
Klas: Magnoliopsida
Ordho: Malvales
Famili: Malvaceae
Génus: Abelmoschus
Spésies: A. esculentus
Jeneng binomial
Abelmoschus esculentus
(L.) Moench

Bendi (Abelmoschus esculentus Moench, (Inggris: lady's fingers utawi Inggris: gumbo) inggih punika salah satunggaling jinis tanduran kanggé wiji tertutup ingkang kalebet saking suku Malvaceae ingkang asalipun saking laladan kawasan Ethiopia. Kala rumiyin, tanduran punika klebet ing génus Hibiscus, ananging sak punika sampun klebet génus Abelmoschus ingkang kathah kapanggih ing laladan tropis. Tanduran bendi inggih kalebet tanduran ingkang saged nyehataken badan amargi tanduran punika ngewrat kandhungan gizi ingkang inggil kados ta fiber, vitamin C, lan folate. Tanduran bendi ugi misuwur gahdah antioxidant ingkang inggil. Bendi ugi dados sumber kalsium saha potassium ingkang saé.[1] Agengipun tanduran bendi punika sak ageng lombok ijo ingkang ageng- ageng, déné ing sak kiteripun nglekuk - nglekuk, wonten wulunipun ingkang alus lan wernanipun ijem. Manawi tanduran punika dipunkethok - kethok badhé katingal wiji- wijinipun ingkang alit- alit. Lan manawi dipunmangsak badhé medal lendir saking lebetipun. Raosipun eco, renyih, teksturipun kados terong. Janganan punika padatanipun saged dipunolah dados kari, balado, campuran salad utawi dados tumis.

Titikanipun[besut | besut sumber]

Tanduran bendi inggih kalebet spésies taunan, lan saged tuwuh ngantos dhuwuripun 2 mèter. Spesies jinis punika inggih kados jinis kapas, kakao, lan kembang sepatu. Ron bendi ambanipun kirang langkung 10 - 20 cm, lan diameter kembangipun kirang langkung 4 – 8 cm, kanthi kelopak kembangipun ingkang werna pethak radi jene wonten gangsal, lan asring winten bentol- bentol abrit utawi ungu ingkang mapan wonten ing dhasaring kelopak kembang. Wohipun inggih kados kapsul ingkang dawanipun saged ngantos 18 cm, lan ngewrat kathah wiji.[2] Abelmoschus esculentus asring dipunrembakakaken wonten ing sadaya laladan ingkang gadhah iklim tropis kanthi suhu ingkang anget, kanthi woh- wohanipun gadhah serat utawi polong- polangan ingkang bunder- bunder, lan wijinipun pethak wernanipun. Tanduran punika saged gesang ing pundi kemawon papan, kalebet ing siti ingkang benter kados ta ing lemah lempung lan ugi lemah ingkang lembab, ananging jinising siti saged paring pangaribawa dhateng polong- polongan ingkang dados wosing tanduran bendi punika. Kangge mbudidaya wenih tanduran bendi punika, langkung rumiyin wenihipun dipunkum rumiyin sak dalu ngantos lebetipun 1– 2 cm. Masa perkecambahan dangunipun udakawis 6 dinten (dados wiji teles) ngantos tigang minggu. Bibit tanduran bendi punika mbetahaken toya ingkang cekap. Polong saking tanduran bendi punika bandhe rikat sanget wonten serat lan kayu, lan manawi badhé dipundhahar kedah dipunpanen ing wekdal sak peken sasampunipun bendi dipunparingi serbuk. Woh bendi dipunpanen sadèrèngipun mateng lan saged dipundhahar kados ta janganan ing padatanipun.[3]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ Duvauchelle, Joshua (26 May 2011). "Okra Nutrition Information". LiveStrong.com. Dijupuk 27 January 2013. 
  2. ^ Julia Devlin and Peter Yee. Trade Logistics in Developing Countries: The Case of the Middle East and North Africa. p. 445
  3. ^ "Growing okra". Department of Primary Industries and Fisheries, Queensland. 19 September 2007. Dijupuk 27 JAnuary 2013.  Priksa gandra date ing: |access-date= (pitulung)