Basa Uzbèk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian
Uzbèk
Oʻzbekcha,oʻzbek tili, ўзбек тили, ўзбекча, ئوزبېچه, ئوبېک تیلی
Asal Uzbèkistan, Kyrgyzstan, Afghanistan, Kazakhstan, Turki, Turkménistan, Tajikistan, Ruslan, Cina
Ètnis Uzbèk
Panyatur asli
27 yuta (2011–2014)[1]
Rupa purwa
Latin, Kiril, Arab, Braille Uzbèk
(Alfabèt Uzbèk)
Status resmi
Basa resmi ing
 Uzbèkistan
Kodhe basa
ISO 639-1 uz
ISO 639-2 uzb
ISO 639-3 uzbsandi inklusif
sandi tunggal:
uzn – Lor
uzs – Kidul
Glottolog uzbe1247[3]
Linguasphere 44-AAB-da, db
Sawijining gambar bumi kang nuduhaké yèn basa Uzbèk digunemaké ing saindenging Uzbèkistan, kajaba sapratelon pérangan kulon (kang dikebaki wong Karakalpak), lan Afghanistan iring lor.
Biru peteng = mayoritas; biru padhang = minoritas
Artikel iki ngandhut simbul-simbul fonètis IPA. Tanpa sengkuyungan tèhnis sing trep, panjenengan namung bakal weruh simbul pitakon, kothak, utawa liyané, nanging dudu karakter Unicode.

Basa Uzbèk iku basa Turk lan basa resmi ing Uzbèkistan. Sing asli ngendikan basa iki cacah 27 yuta, ya iku wong-wong Uzbèk ing Uzbèkistan lan ing rupa-rupa panggonan ing Asiah Tengah. Basa Uzbèk iku péranganing kulawarga basa Turk Wétan (Karluk), ya iku turuning kulawarga basa Turk. Basa manca kang mangaribawani basa Uzbèk kaya ta basa Pèrsi, Arab, lan Ruslan. Salah siji titikan kang mbédakaké basa Uzbèk saka basa-basa Turk liyané iku bundhering swara /a/ dadi /ɒ/, awit saka prabawaning basa Pèrsi.

Jeneng[besut | besut sumber]

Basa Uzbèk diarani oʻzbek tili utawa oʻzbekcha ing basa Uzbèk dhéwé. Ing alfabèt Kiril, jeneng mau ditulis ўзбек тили lan ўзбекча; ing abjad Arab, ئوزبېک تیلی lan ئوزبېچه.

Sajarah[besut | besut sumber]

Wong Turk ayaké ndunungi pinggiring Kali Amu Darya, Syr Darya, lan Zarafshan kawit saorané 600-700 M. Sansaya suwé, wong Turk mau awor karo wong Iran Wétan kang wis manggoni Sogdia, Bactria, lan Khwarezm ndhisikan. Darah Turk pisanan kang nguwasani laladan mau aran Karakhan kang kuwasa ing abad ping 9–12. Karakhan iku gabunganing bangsa Karluks, bangsa Chigils, bangsa Yaghma lan bangsa-bangsa liyané.[4]

Basa Uzbèk bisa diarani turuning basa Chagatai, ya iku basa susastra ing Asiah Tengah Turk ing wewengkoning Chagatai Khan, Timur, lan darah Timur[5] (kalebu panggedhé Mughal wiwitan ing Indhu). Basa iki kasuwur awit saka lelabuhané Ali-Shir Nava'i ing abad ping 15 lan 16. Nava'i iku karan dutaning sastra Chagatai.[6][7] Dhèwèké gedhé banget pasumbangé tumrap tuwuhé basa Chagatai kang nurunaké basa Uzbèk lan ingaran kang yasa sastra Uzbèk.[8][9][10][11][12][13][14] Lumantar wong Karluk, basa Chagatai olèh prabawa basa Pèrsi lan Arab. Ing abad ping 19, basa Chagatai wis arang kanggo ing karya sastra, tumuli cures ing abad ping 20.

Tembung Uzbèk kang saiki kanggo ngarani basa iki ing kala kapungkur tegesé béda. Sadurungé taun 1921 "Uzbèk" lan "Sart" ingaran rong dhialèk kang séjé:

  • "Uzbèk" iku basa Kipchak kang digawé laras-swara lan minangka basa padinané pranakaning para neneka kang ndunungi Transoxiana kanthi dipandhégani Muhammad Shaybani nalika abad ping 16. Wong-wong mau ndunungi mligi ing sakiwa-tengené Bukhara lan Samarkand. Sanajan mangkono, dhialèk Turk enggonan ing Tashkent uga ngalami laras-swara.
  • "Sart" iku dhialèk Karluk kang dadi basa padinané wong-wong Turk kang luwih ndhisik ndunungi wewengkon kono, mligi ing Lembah Fergana lan Wewengkon Qashqadaryo, lan sawatara papan ing Wewengkon Samarqand; dhialèk iki ngemu luwih akèh tembung-tembung Arab lan Pèrsi, lan ora ngalami laras-swara.

Ing Khiva, wong Sart ngandikan sawijining basa Oghuz kang kadayan basa Pèrsi. Sawisé taun 1921, réjim Sovyèt mbusak istilah Sart amarga dianggep jeneng kang ala lan ngukuhaké aturan yèn kabèh wong Turk kang ndunungi Turkéstan diarani wong Uzbèk, kalebu wong-wong kang dudu turunan Uzbèk.

Sanajan mangkono, basa tulis baku kang dipilih kanggo républik anyar ing taun 1924 dudu basa "Uzbèk" prarévolusi, nanging basa "Sart" saka laladan Samarkand. Pamilihé iku njalari protès para Bolsheviks Uzbèk kaya ta Fayzulla Khodzhayev. Edward A. Allworth duwé panemu yèn kang mangkono "nglèrèg sajarahing sastra ing wewengkon iku" lan supaya para juru nganggit kaya déné Ali-Shir Nava'i saka abad ping 15 bisa diaku minangka wong Uzbèk.[15] Kabèh dhialèk Uzbèk isih lestari minangka basa guneman.

Dhialèk[besut | besut sumber]

Basa Uzbèk duwé akèh dhialèk kang béda-béda saben laladan. Mangkonoa, ana siji dhialèk kang padha-padha dingertèni kang dienggo ing médhia massa lan pérangan gedhé cap-capan. Sawatara dhialèk kang gedhé panganggoné ya iku dhialèk Tashkent, dhialèk Uzbèk, dhialèk Ferghana, dhialèk Khorezm, dhialèk Chimkent-Turkéstan, lan dhialèk Surkhandarya.

Fonologi[besut | besut sumber]

Swara[besut | besut sumber]

Swara
Ngarep Tengah Buri
Nutup ɪ~i ɨ u
Sedhengan e ɵ o
Menga æ a ɑ

Wyanjana[besut | besut sumber]

Labial Dhéntal Alvéolar Palatal Vélar Uvular Glotal
Nasal m n ŋ
Plosif/Afrikat tanpaswara p (ts) k q (ʔ)
maswara b ɡ
Frikatif tanpaswara ɸ s ʃ χ h
maswara β z (ʒ) ʁ
Aproksiman l j
Rotik r

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. Uzbèk ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
    Lor ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
    Kidul ing Ethnologue (éd. ka-18, 2015)
  2. Scott Newton (20 November 2014). Law and the Making of the Soviet World: The Red Demiurge. Routledge. kk. 232–. ISBN 978-1-317-92978-9. 
  3. Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Uzbek". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  4. The Cambridge History of Early Inner Asia, 1990 
  5. Allworth, Edward (1994). Central Asia: 130 Years of Russian Dominance, a Historical Overview. Duke University Press. k. 72. ISBN 0-8223-1521-1. 
  6. "Navā’ī, (Mir) ‘Alī Shīr". Encyclopædia Britannica 8 (ed. 15th). Chicago: Encyclopædia Britannica, Inc. 1993. k. 563. 
  7. Subtelny, M. E. (1993). "Mīr ‘Alī Shīr Nawā’ī". Encyclopaedia of Islam VII. LeidenNew York: Brill Publishers. kk. 90–93. 
  8. Valitova, A. A. (1974). "Alisher Navoi". Great Soviet Encyclopedia (ing basa Russian) 17 (ed. 3rd). Moscow: Soviet Encyclopedia. kk. 194–195.  CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  9. "Navoi, Nizamiddin Mir Alisher". Great Encyclopedic Dictionary (ing basa Russian) (ed. 2nd). Saint Petersburg: Great Russian Encyclopedia. 1997. k. 777.  CS1 dandani: Basa ora kaweruhan (link)
  10. "Alisher Navoi". Writers History. Dijupuk 26 January 2012. 
  11. Maxim Isaev (7 July 2009). "Uzbekistan – The monuments of classical writers of oriental literature are removed in Samarqand". Ferghana News. Dijupuk 26 January 2012. 
  12. Kamola Akilova. "Alisher Navoi and his epoch in the context of Uzbekistan art culture development [sic]". San'at Magazine. Dijupuk 28 January 2012. 
  13. "Uzbek Culture". UzHotels. Dijupuk 27 January 2012. 
  14. "Alisher Navoi – The Crown of Literature". Kitob.uz Children's Digital Library (ing basa Uzbek). Dijupuk 8 February 2012. 
  15. Allworth, Edward A. (1990). The Modern Uzbeks: From the Fourteenth Century to the Present: A Cultural History. Hoover Institution Press. kk. 229–230. ISBN 978-0-8179-8732-9. 

Kapustakan[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Konverter
Bausatra
Paramasastra lan éjaan
Bahan sinau