Kulawarga basa Turk

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Turk
Pasebaran Saka Éropah Wétan tekan Cina Kulon lan Sibèri
Pepanthaning basa Salah siji kulawarga basa pokok ing jagat
Basa purwa Purwa Turk
Turun
ISO 639-5: trk
Glottolog turk1311[1]
{{{mapalt}}}
     Kidul-kulon (Oghuz)

     Kidul wétan (Uyghur)      Khalaj (Arghu)      Lor-kulon (Kipchak)      Chuvash (Oghur)

     Lor-wétan (Siberian)

Kulawarga basa Turk iku kulawarga basa mawa anggota basa cacah telung puluh lima[2] sing dicaturaké wong-wong Turk saka Éropah Wétan lan Madya Bawana tekan Sibèri lan Cina Kulon. Kulawarga basa Turk asalé saka sawijining tlatah ing Asiah Wétan sing jembaré saka Cina Kulon tekan Mongol. Tlatah mau dinuga dadi panggonané wong-wong sing ngendikan basa purwa Turk watara 2.500 taun kapungkur.[3] Ing tembé, wong-wong mau banjur ngelar jajahan tekan Asiah Tengah lan terus mengulon dhèk milénium kapisan.[4]

Turkic basa sing dipocapake minangka native basa dening sawetara 170 yuta wong, lan nomer total Turkic pamicara, kalebu liya-basa pamicara, iku liwat 200 yuta.[5][6][7] Ing Turkic basa karo nomer paling saka pamicara punika turki, ngandika utamané ing Anatolia lan Balkan, native speakers kang akun kanggo bab 40% saka kabeh Turkic pamicara.

Fitur-fitur sing dadi titikané basa Turki kaya ta laras-swara (vowel harmony), aglutinasi, lan tanpa jèndher ing paramasastra (grammatical gender) ana kabèh ing basa-basa anggotané kulawarga basa Turk. Sawenèh basa ing kulawarga basa Oghuz uga banget isih padha silih sumurup kaya ta basa Turki, basa Azerbaijan, basa Turkmén, basa Qashqai, basa Gagauz, basa Turki Gagauz Balkan, lan Tatar-Krim sing kadayan basa Oghuz.[8] Sanajan anggoné nggolongaké basa-basa anggotané ana warna-warna, kulawarga basa Turk lumrahé dipantha dadi pang utawa golongan cacah loro: (1) kulawarga basa Oghur, sing anggotané saiki mung kari basa Chuvash, lan (2) kulawarga basa Turk Lumrah, sing anggotané mono kabèh basa saliyané sing disebut mau, kalebu kulawarga basa Oghuz.

Titikané kulawarga basa Turk sawenèhé uga sairib karo titikané kulawarga-kulawarga basa kiwa-tengené ing Asiah Wétan kaya déné kulawarga basa Mongol, kulawarga basa Tungus, kulawarga basa Koréa, lan kulawarga basa Jepang. Kabèh kulawarga basa mau biyèn tau ditunggalaké dadi kulawarga basa Altai. Irib-iriban sing cetha karo kulawarga basa Ural mandar tau njalari tuwuhé hipotèsis anané kulawarga basa Ural-Altai.[9][10][11] Mangkonoa, ora ana yekti sing cukup kanggo gawé dudutan mungguh anané kulawarga-kulawarga basa sing gedhé-gedhé mau. Mungguh anané irib-iriban, sing mangkono saiki mung ingaran tembé-buriné gegepokan basa (language contact) sing rowan-rowan (èstènsif) dhèk jaman prasajarah.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  1. ^ Hammarström, Harald; Forkel, Robert; Haspelmath, Martin, eds. (2017). "Turkic". Glottolog 3.0. Jena, Jerman: Max Planck Institute for the Science of Human History. 
  2. ^ Dybo A.V., "Chronology of Türkic languages and linguistic contacts of early Türks", Moskow, 2007, p. 766, [1] (In Russian)
  3. ^ Janhunen, Juha (2013). "Personal pronouns in Core Altaic". In Martine Irma Robbeets; Hubert Cuyckens. Shared Grammaticalization: With Special Focus on the Transeurasian Languages. k. 223. 
  4. ^ Katzner, Kenneth (March 2002). Languages of the World, Third Edition. Routledge, an imprint of Taylor & Francis Books Ltd. ISBN 978-0-415-25004-7. 
  5. ^ Brigitte Moser, Michael Wilhelm Weithmann, Landeskunde Türkei: Geschichte, Gesellschaft und Kultur, Buske Publishing, 2008, p.173
  6. ^ Deutsches Orient-Institut, Orient, Vol. 41, Alfred Röper Publushing, 2000, p.611
  7. ^ http://www.zaman.com.tr/iskander-pala/turkceyi-kac-kisi-konusuyor_480993.html
  8. ^ "Language Materials Project: Turkish". UCLA International Institute, Center for World Languages. February 2007. Dijupuk 2007-04-26. 
  9. ^ Sinor, 1988, p.710
  10. ^ George van DRIEM: Handbuch der Orientalistik. Volume 1 Part 10. BRILL 2001. Page 336
  11. ^ M. A. Castrén, Nordische Reisen und Forschungen. V, St.-Petersburg, 1849