Éropah Wétan

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Éropah Wétan

Éropah Wétan kanthi géografis ya iku tlatah ing pérangan wétan bawana Éropah. Lumrahé kawasan iki dumunung antarané pagunungan Ural lan Kaukasus sarta tapel wates Ruslan kulon, utawa kanthi alternatif uga nyakup nagara-nagara sing cedhak karo tapel wates Ruslan kulon. Kayadéné bawana, sawijining wewengkon mung arupa konstruksi sosial saéngga aja dipadhakaké karo aspèk fisik sing adhedhasar kriteria abstrak lan netral.

Sajarah[besut | besut sumber]

Frase iki dipigunakaké ing nagara-nagara Kulon kanggo nglompokaké kabèh nagara Éropah sing mauné minangka rezim kuminis sing dijuluki Blok Wétan. Konsep Éropah Wétan diperkuat kanthi dominasi ideologi Kuminisme lan mligi Uni Soviet sawisé Perang Donya II. Gagasan sawijining "Tirai Wesi" sing misahaké Éropah Kulon lan Wétan minangka pandhangan umum ing sajeroning mangsa Perang Dingin iki munculaké wwerna-warna masalah awit konsèp iki gagal kanggo nyakup komplèksé tlatah iki. Contoné, nagara kuminis kaya Yugoslavia lan Albania nulak dikuwasani déning Moskwa, ananging bab iki ora digatèkaké déning wong kalangan Kulon.

Sabanjuré, pandhangan yèn Éropah mung dipérang dadi Kulon lan Wétan diyakini pejoratif déning sing ndunungi praja wétan Éropah, mligi wiwit runtuhé Tembok Berlin lan Kuminisme ing Éropah. Padunung praja wétan Éropah ora nganggep mèlu tlatah Éropah Wétan, nanging luwih seneng ing grup-grup liya, ya iku Éropah Tengah, lan Skandinavia (ing Éropah Wétan), utawa karo Éropah Kidul. Perlu dicathet yèn praja wan sing ora tau nganut ideologi kuminis, kaya déné Finlan ing sisih lor lan Yunani ing kidul, ora tau dikategorèkaké minangka péranganing Éropah Wétan, déné sawetara nagara sing dumunung luwih adoh ing kulon nanging ana ing sangisoré prabawa kuminis kalebu pérangan Éropah Wétan.

Mula bukané frase "Éropah Wétan" wiwit muncul ing pungkasan iki. Mataun-taun Éropah kapérang dadi poros Lor-Kidul, kanthi praja-praja kidul Mediterania sing duwé akèh kamèmperan, lan sisih lor Samodra Atlantik lan Segara Baltik uga duwé kamèmperan. Frase "Éropah Wétan" pisanan muncul ing abad kaping-18 lan ke-19, lan dipigunakaké kanggo nggolongaké aréa sing luwih kèri ékonominé saka kabèh Éropah. Kawasan iki didelelng minangka laladan sing ana ing sangisoré kakuwasan pamaréntahan otokratik. Dhéfinisi iki ora cetha, lan akèh nagara sing ora kalebu kriteria pandhangan stereotipikal iki.

Éropah Wétan duwé gegayutan karo wétan lan kulon. Nalika kabèh nagara diprabawai kuwat déning agama Katulik utawa Protèstan lan duwé gegayutan sajarah lan budaya raket karo Jerman, Italia, Prancis utawa Skandinavia (umpamané Liga Hanseatik ing Baltik), akèh nagara sing duwé gegayutan karo blok Wétan. Ruslan dikuwasani déning bangsa Mongol maabad-abad suwéné saéngga konvensi pulitik lan sosialé mèmper karo Ruslan. Luwih adoh ing pérangan kidul ana Karajan Ottoman lan Islam sing duwé prabawa kuwat. Nagara-nagara Balkan sarta Hongaria lan Rumania biyèné tau dikuwasani déning bangsa Turki.

Éropah Wétan[besut | besut sumber]

Nagara-nagara di Éropah Wétan, pre_1989

Nagara-nagara yang digolongkan sebagai Éropah Wétan semuanya tilas pecahan Uni Soviet:

Éropah Kidul-wétan/Ujung Balkan[besut | besut sumber]

Definisi iki dijembaraké kanggo nyakup nagara-nagara tilas ilèn kuminis ing ngisor iki:

Saliyané iku ana uga Yunani lan pérangan Éropah Turki nanging ora duwé paham kuminis.

Éropah Tengah[besut | besut sumber]

Nagara-nagara Éropah Tengah tilas paham kuminis kadhangkala nyakup:

Sadurungé Reunifikasi Jerman, Jerman Wétan kerep digolongak minangka salah siji nagara Éropah Wétan.

Uga delengen[besut | besut sumber]

Pranala njaba[besut | besut sumber]