Dhialèk Cerbon-Dermayu
Carabasa Cerbonan utawa uga diarani Basa Cerbon iku siji carabasa basa Jawa kang dipituturaké ing pasisir lor Jawa Kulon mligi wiwit tlatah Cilamayah (Sund: Cilamaya) (Karawang), Blanakan, Pamanukan, Pusakahnagarah (Sund: Pusakanagara) (Subang), Indramayu, nganti Cirebon lan Losari Wétan, Brebes, Jawa Tengah.
Biyèn carabasa iki kanggo perdagangan ing pasisir Jawa Barat mila Cirebon dadi salah sijining pelabuhan pratama, khususé ing abad 15-17. Sadurunge, basa iki ora beda karo Basa Jawa Sala, namung pramila abad 17, basa Cerbonan wiwit katon bedane olèh kena prabawa carabasa lokal dhèwék lan Basa Sundha. Carabasa Cerbon uga tansah mertahanké wujud-wujud kunaning Basa Jawa Tengahan (kaya ta ukara-ukara lan pangucapan) kang wis ora pati lumrah dienggo manèh ing Basa Jawa Baku padina.
Carabasa Cerbon ya diwulangake ning pawiyatan-pawiyatan wewengkon Cirebon kaliyan Basa Sundha. Ing tlatah Cirebon, basa iki dicaturaké karo mayoritas penduduke kejaba kacamatan-kacamatan awates karo Majalengka lan Kuningan kang nganggo Basa Sundha. Carabasa Cerbon-Dermayu luwih akèh panyaturé ing Indramayu utawa diarani Dermayon.
Conto ukara carabasa Cerbon-Dermayu
[besut | besut sumber]- Kepribén kabaré, cung? : Kepriye kabare, bocah-bocah?
- Isun/kita/réyang lunga sing umah : Aku lunga saka omah
- Aja sok gumuyu bae : Aja ngguyu baé
- Sira arep/pan mendhi? : Kowe arep menyang endhi?
- Sira arep/pan mendhi? : kowe arep menyang endhi?
- Baka/ari/yèn sira kuh pan mengendhi? : yèn kowe iki arep endhi?
- Isun/kita/réyang ésuk kien sarapan lawuhe mirong bari/karo urab : ésuk iki aku sarapane lawuhe mirong karo urab. "mirong(rempeyek saka teri, urang lan iwak cilik-cilik)"