Abiotik

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa
Abiotik

Abiotik inggih punika komponèn ing salebetipun alam semesta saking bendha-bendha boten gesang kados ta toya, udara, suhu, lan watu.[1]

Komponèn abiotik[besut | besut sumber]

Arupi ékosistem kawontenan fisik ingkang nyarengi kagesangan organisme dados panggènan lan subtrat kagesangan. Komponèn abiotik nyarengi sadaya ingkang boten gesang sarta kanthi langsung nggadhai gegayutan kaliyan wontenipun organisme. Ingkang kalebet wonten komponèn abiotik inggih punika: siti, toya, udara, topografi, lan iklim. Komponèn abiotik ugi boten uwal saking gejala alam abiotik kados déné toya, oksigen, siti. Amargi toya punika salah satunggaling faktor ingkang paling wigatos kanggé pagesangan.[2] Siti madeg saking butiran-butiran siti ingkang ngandhut unsur hara utawi unsur anorganik lan bahan organik. Siti gembur ingkang kathah rongga udara bakal nggampilaken oyot taneman nampi panganan. Kabetahan boten saking siti kémawon ananging ugi saking udara ingkang ngandhut oksigen, nitrogèn, hidrogèn ing wangun uwap toya lan karbondioksida. Gas karbondioksida dipun-ginakaken taneman ing prosès fotosintèsis. Oksigèn ingkang dipunasilaken saking prosès punika dipunmedalaken ing udara bébas kanggé rèspirasi makluk gesang.[3] Kususipun ulam (ingkang wonten akuarium utawi panggènan sanès), lan sampun kita mangertosi sadaya, manawi toya punika habitatipun ulam. Ulam ugi betah oksigèn kanggé ambegan, sebapipun wonten akuarium dipunbetahaken aerator ingkang gadhah fungsi kanggé mbiyantu prosès sirkulasi oksigèn ing toya. Aerator punika sanget dipunbetshaken déning ulam ing akuarium amargi aerator saged mbiyantu nyekapi kabetahan oksigèn ing toya ingkang wonten ing aquarium.[2]

Manéka komponèn abiotik ing lingkungan[besut | besut sumber]

  • Siti gadhah peran wigatos kanggé tetanemam, kéwan, lan manungsa, dados panggènan kagesangan. Kondhisi siti dipuntemtokaken déning drajat kaaseman pH siti, tèkstur utawi komposisi siti ingkang mangaruhi kamampuan siti kaliyan panyerapan toya. Garam mineral lan nutrisi ingkang sanget wigatos kanggé taneman.
  • Toya, sadaya organisme ingkang gesang boten uwal saking katergantungan kaliyan toya. Toya punika dipunbetahaken organisme kanthi gunggung ingkang jumbuh kaliyan kabetahanipun, gumantung saking kamampuan ngirit anggèné ngginakaken toya punika. Kawontenan toya dipuntemtokaken déning faktor-faktor:
  1. Salinitas utawi kadhar uyah kanggé organisme ingkang gesang ing habitat toya, sanget daya pangaribawa.
  2. Curah jawah dipundayani jinising organisme ingkang gesang wonten satunggaling panggènan.
  3. Panguwapan dipundayani adhaptasi taneman wonten panggènan katamtu.
  • Udara dipunbetahaken déning sadaya kagesangan organisme. Kondhisi udara ing salah satunggaling pamggènan dipunprabawai déning perkawis:
  1. Cahya srengéngé wigatos kanggé prosès fotosintèsis taneman ijem kanggé nambah oksigèn ing pambuwangan.
  2. Kalembapan, kadhar toyanipun ingkang wonten ing udara ngéwahi kacepetan panguwapan.
  3. Angin, gadhah prabawa marang tetaneman salebetipun sistem pangoyotan lan panyerbukan taneman.
  • Topografi punika variasi satunggiling panggènan wonten ing lumahing bumi dipunpirsani saking kainggilan lumahing toya laut, garis ujur, lan garis lintang. Sebab bèntenipun topografi nyebapaken dhawahipun cahya srengéngé dados bènten, nyebabaken suhu, kalembaban lan tekanan udara ugi bènten. Pupunika ingkang mangaruhi pasebaran organisme.
  • Iklim arupi kombinasi saking manéka komponèn abiotik wonten ing panggènan katamtu, kados déné kalembaban udara, suhu, cahya, lan curahipun jawah. Kombinasi abiotik punika gegayutan kaliyan kasuburan siti lan komunitas taneman ing satunggiling panggènan.[4]

Tuladha gejala abiotik[besut | besut sumber]

Habitat ulam temtu boten sami kaliyan semut, manawi ulam habitatipun wonten toya mila semut gadhah habitat piyambak inggih punika siti. Ananging boten sadaya jinis siti saged dipun-ginakaken semut kanggé panggènan mliginipun semut cemeng. Saben semut gadhah panggènan gesang lan bènten-bènten kaliyan titikan lan prasyaratipun ingkang dipunbetahaken déning semut. Oksigèn, toya, siti punika komponèn abiotik ingkang sanget dipunbetahaken déning ulam lan semut, ugi manungsa sarta sadaya makluk gesang. Oksigèn ugi saged dipunasilaken saking taneman hidrilla. Esthwaite suket toya utawi Hidrilla kagolong taneman toya génus ingkang saged ngasilaken oksigèn. Taneman punika tuwuh wonten ngandhap toya ingkang saged dipuntanem wonten lebet toya saking pinten-pinten sentimèter ngantos 20 mèter. Oksigèn, siti, toya punika gejala alam ingkang saged arupi gejala kabendhaan ingkang boten katingal struktur wangunipun piyambak-piyambak. Ananging manawi sedanten wau kalebet géjala alam nanging oksigèn, toya, lan siti boten gadhah titikan kagesangan kados ta punapa ingkang dipungadhahi kéwan, taneman, lan manungsa.[2]

Cathetan suku[besut | besut sumber]

  1. ^ http://www.slideshare.net/AgungSayangElo/ppt-biotik-dan-abiotik-agung
  2. ^ a b c Pangertosan Gejala Alam Abiotik lan Contonipun(dipunundhuh 20 September 2012)
  3. ^ Winarsih,ani,dkk.IPA Terpadu untuk SMP/MTS VII.ISBN.Bengawan Ilmu.Semarang.(2008:293)
  4. ^ Manéka komponèn abiotik ing lingkungan kita(Dipunundhuh: 20 September 2012)