Abdullah bin Umar

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna bébas abasa Jawa

Abdullah bin Umar bin Khattab (Basa Arab: عبد الله بن عمربن الخطاب‎) utawa kerep sinebut Abdullah bin Umar utawa Ibnu Umar (lair 612 - séda 693/696 utawa 72/73 H) ya iku sawijining sahabat Nabi lan minangka periwayat hadits kang misuwur.Dhèwèké ya iku putrane Umar bin Khattab, salah sawijining sahabat utama Muhammad lan Khulafaur Rasyidin kaping pindho.

Biografi[besut | besut sumber]

Ibnu Umar mlebu Islam bebarengan karo bapaké nalika isih cilik, lan mèlu hijrah ing Madinah. Nalika umur 13 taun, dhèwèké kepéngin mèlu bapaké sajeroning Perang Badar, nanging Rasulullah nampik. Perang pisanan kang diélonine ya iku Perang Khandaq. Dhèwèké mèlu perang bareng Ja'far bin Abu Thalib sajeroning Perang Mu'tah, lan uga mèlu sajeroning pambebasan kutha Makkah (Fathu Makkah). Sawisé Muhammad séda, dhèwèké mèlu Perang Yarmuk lan ing penaklukan Mesir sarta laladan liyané ing Afrika.

Khalifah Utsman bin Affan tau nawani Ibnu Umar supaya njabat dadi hakim, ananging dhèwèké ora gelem. Seawise Utsman séda, sapérangan kaum muslimin tau ngupaya mbai'at dadi khalifah, ananging dhèwèké uga ora gelem. Dhèwèké ora ikut campur sajeroning pertentangan antarané Ali bin Abi Thalib lan Muawiyah bin Abu Sufyan. Dhèwèké cenderung ngadohi dunya pulitik, sanajan wis tau katut ing konflik karo Abdullah bin Zubair kang nalika iku wis tau dadi pangwasa Makkah.

Periwayat hadits[besut | besut sumber]

Ibnu Umar ya iku sawijining wong kang ngriwayatake hadist paling akèh kaping pindho sawisé Abu Hurairah, ya iku 2.630 hadits, amarga dhèwèké tansah malu Rasulullah ing ngendi waé. Malah Aisyah garwane Rasulullah tau ngunggung lan ngendika:"Ora ana sawijining wong kang mèlu tilas jangkahe Rasulullah ing panggonan-panggonan mandege, kaya ta kang wis ditindakake Ibnu Umar". Dhèwèké ngati-ati banget nalika ngriwayatake hadist Nabi. Samono uga sajeroning ngetokake fatwa, dhèwèké tansah nindakaké tradisi lan sunnah Rasulullah, mula dhèwèké ora gelem ijtihad. Biyasane dhèwèké mènèhi fatwa ing mangsa kaji, utawa ing kalodhngan liyané. Ing antarané Tabi'in, kang paling akèh ngriwayatake dhèwèké ya iku Salim lan hamba sahayane, Nafi'.

Gunggungan para Sahabat[besut | besut sumber]

Kasalèhan Ibnu Umar kerep antuk gunggungan saka kalangan sahabat Nabi lan kaum muslimin liyané. Jabir bin Abdullah ngendika: " Ora ana ing antarané awak dhéwé kang disenengi dunya lan dunya seneng marang dhèwèké, kajaba Umar lan putrane Abdullah." Abu Salamah bin Abdurrahman ngendika: "Ibnu Umar séda lan kautamane padha karo Umar. Umar urip ing mangsa akèh wong kang sebanding karo dhèwèké, déné Ibnu Umar urip ing mangsa kang ora ana sawijining wong kang madhani dhèwèké".

Ibnu Umar ya iku sawijining pedagang sukses kan sigih, naging uga seneng wèwèh. Dhèwèké urip nganti 60 taun sawisé wafate Rasulullah. Dhèwèké kelangan pandelengane ing mangsa tuane. Dhèwèké séda nalika umur punjul 80 taun, lan minangka salah siji sahabat kang paling pungkasan kang séda ing kutha Makkah.

Réferènsi[besut | besut sumber]

  • Mursi, Muhammad Said. Tokoh-tokoh Besar Islam Sepanjang Sajarah. Penerjemah: Khoirul Amru Harahap, Lc, MHI & Achmad Fauzan, Lc, MAg. Cet-1, Jakarta. Pustaka Al-Kautsar, 2007.

Pranala njaba[besut | besut sumber]