Wikipedia basa Jawa
| Wikipedia basa Jawa | |
Screenshot Wikipedia basa Jawa ing tanggal 24 Februari 2008 |
|
| URL | http://jv.wikipedia.org |
|---|---|
| Komersial? | Ora |
| Tipe situs | Bauwarna online |
| Pendaftaran? | opsional |
| Basa: | Basa Jawa |
| Pemilik | Yayasan Wikimedia |
| Diluncuraké | 8 Maret 2004 |
Wikipedia basa Jawa iku vèrsi basa Jawa bauwarna online Wikipedia. Artikel utawa léma kapisané yaiku Basa Jawa, sing ditulis ing tanggal 8 Maret 2004. Saiki iki (18 Juni 2013), wis ana 43.962 artikel. Nanging kaca Main Page wis ana wiwit tanggal 25 Januari 2003 lan kapisan disunting déning Patrick.
Wikipedia basa Jawa biasané mélu paugeran-paugeran Wikipedia basa Inggris lan Wikipedia basa Indonesia. Ing Wikipedia basa Jawa kabèh artikel uga kudu ditulis mawa Wikipedia:Cara ndeleng nétral utawa ing basa Inggris diarani Neutral Point of View.
Kaistiméwan Wikipedia basa Jawa iku akèh ngamot artikel-artikel bab perkara Kejawèn, utamané bab basa , sastra lan budaya Jawa.
Bab lan Paragraf |
Panganggo aktif[sunting]
Panganggo aktif Wikipedia Jawa asalé utamané pancèn saka Tanah Jawa, nanging biasané manggon lan ngaksès Wikipedia saka Jakarta. Yèn dibandingaké karo Wikipedia basa Indonesia, Wikipedia basa Jawa cacahé panganggo sing kadaftar, saya manèh panganggo sing aktif sithik banget, ya iku nganti dina iki mung ana 18.401 panganggo kadhaptar. Kamangka yèn dideleng saka cacahé penutur, basa Jawa iki penutur ibuné ana kurang luwih 80 yuta jiwa.
Cara nulis[sunting]
Pasang aksara utawa éjaan sing dienggo sing Wikipedia basa Jawa iku adhedhasar Ejaan resmi bahasa Jawa miturut Pusat Bahasa ing Ngayogyakarta weton taun 1991. Nanging ana prabédan utama dienggo ing sawetara kalawarti basa Jawa. Ing Wikipedia basa Jawa, minangka sawijining bauwarna, pasang aksara sing dienggo iku mèmper pasang aksara sing dienggo nulis ing bausastra. Dadi antara 'e' pepet lan 'é' (utawa 'è') taling dibédakaké. Dadi séjé karo kalawarti ing ngendi pepet lan taling ditulis padha waé minangka 'e' nglegena.
Nganti saiki durung bisa nulis artikel mawa Aksara Jawa.
Tuwuhing artikel[sunting]
Katrangan:
- ^ Cacahé panganggo sing wis ndaftar
- ^ Suwé: Suwéné wektu kanggo nambah cacahing artikel wiwit pencapaian sadurungé
- ^ Cacah artikel dipara karo suwéné dina kanggo nambah cacahing artikel wiwit pencapaian sadurungé
Liya-liya[sunting]
- 14 November 2011 - Panganggo Sigit, Puryono lan Nurulbaitirohmah diangkat dadi pangurus.
- 13 Oktober 2011 - Proyèk Papat Limpad dipungkasi. Gunggung artikel:37.212, gunggung suntingan:588.412, cacahing panganggo:10.412
- 21 Maret 2011 - Proyèk Papat Limpad diwiwiti. Gunggung artikel:32.583, gunggung suntingan: 471.834, cacahing panganggo: 8.919
- 5 Maret 2010 - Sabudis diangkat dadi pangurus
- 19 Januari 2008 - Pras diangkat dadi pangurus.
- 19 Januari 2008 - TracySurya diangkat dadi pangurus.
- 19 Februari 2007 - Anggoro diangkat dadi birokrat.
- 28 Januari 2007 - User:IvanLanin mrogram supaya ana tombol tambahan ing kothak panyuntingan.
Pranala njaba[sunting]
- Statistik Wikipédia Jawa[[da:Wikipedia:Bekendtg%F8relser]][[pl:Tablica og%B3osze%F1]]