Puṣpacalita
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Puṣpacalita iku sawijining pupuh kakawin. Pupuh iki biyasané digolongaké ing kategori: Sangskṛti. Jeneng pupuh iki tegesé kira-kira: "Kembang sing obah".
Guru-laghu [sunting]
Pupuh iki guru-laghuné mengkéné:
U U U | U - U | - U U | U - U | - U U | U - U | U U U | U U U
Dadi cacahé wanda ana 24.
Tuladha [sunting]
- Saḍatĕngirômulat ri sira sang kakungnira n alinggih i śila maradin
- lĕngĕng anulis karas ri rĕcĕp ing tanah singi n amarṇa rarasika langö
- sawulatirê sang adyah angĕlih lumampah inamĕrni pariwaranira
- bhramara hinangswan ing paramapuṣpa yâcalita denira n angangĕn-angĕn. // Wṛttâyana (24) //
- Jarwa
- Satekané dhèwèké weruh ing sang lanang lungguh ing watu rata
- kasengsem nulis ing karas karo landheping tanah nyaritakaké asmarané sing éndhah
- nalika weruh sing wadon kesel mlaku diiringi pariwarané
- tawon saba ing kembang apik sing obah-obah amerga dhèwèké ngalamun.
Sumber rujukan [sunting]
- (id) P.J. Zoetmulder, 1983, Kalangwan. Sastra Jawa Kuno Selayang Pandang. Jakarta: Djambatan.