Adigang, adigung, adiguna

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados

Paribasan iki tegesé, wong aja ngandhelaké kaluwihané dhéwé waé.
Adigang iku tegesé: ngandelaké marang kakuwatané.
Adigung iku tegesé: ngandelaké marang gedhéné.
Adiguna iku tegesé: ngandelaké marang kapinterané.

Katelu sipat kasebut ( adigang, adigung lan adiguna ) sejatiné kaiket dadi siji ing sipating manungsa. Mula yèn salah sijiné bisa diudhari kateluné bakal sirna ( mati sampyuh ).

Tetembungan iki tau ditembangaké ing karya tembang anggitané sampeyan dalem ingkang sinuwun Sunan Pakubuwana IV ing Serat Wulangrèh.

Gambuh
wonten pocapanipun,
adiguna adigang adigung,
pan adigang kidang adigung pan èsthi,
adiguna ula iku
telu pisan mati sampyuh.

Deleng uga [sunting]