Saloka
Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Saloka iku unèn-unèn kang gumathok kang ngemu surasa pepindhan. Dene sing dipindhanake iku wonge. Lumrahe tembung kang isi pepindhaning mau dumunung ana ing ngarep ukara utawa wiwitane ukara.
Tuladhané:
- Kebo nusu gudel
- Kutuk marani sunduk
- Ula marani gebug
- Anak polah bapa kepradah
- Becik ketitik ala ketara
- Ana catur mungkur ana bapang sumimpang
- Palang mangan tanduran
- Sepi ing pamrih rame ing gawe