Universitas Diponegoro
Universitas Dipanegara
| Motto | Wiyata Hangreksa Gapuraning Nagara |
|---|---|
| Didirikan | 1957 |
| Jenis | Universitas negeri |
| Rektor | Prof.Dr.dr. Soesilo Wibowo,MS.Med, SP And |
| Lokasi | Semarang, Indonesia |
| Situs resmi | www.undip.ac.id |
Universitas Dipanegara (Universitas Diponegoro), luwih dikenal kanthi cekakan UNDIP, iku sawijining universitas ing Jawa Tengah, Indonésia sing diadegaké taun 1956 minangka universitas swasta lan nembé ngéntukaké status perguruan tinggi negri taun 1961. Tembung Dipanegara dijupuk saka jeneng pahlawan nasional yakuwi pangéran saka Jawa Tengah sing ngobaraké semangat kamardikan saka tindakan kolonialisme Walanda ing wiwitan abad kaping-18. Semangat iki mèlu nginspirasi madegé UNDIP.
Bab lan Paragraf |
Sajarah [sunting]
Universitas Diponegoro dirintis wiwit tengahan taun 1956 diwiwiti kanthi madegé Yayasan Universitas Semarang. Déné tokoh-tokoh sing mrakarsai madegé Universitas Semarang yakuwi Mr. Imam Bardjo, Mr. Soedarto, Mr. Dan Sulaiman lan Mr. Soesanto Kartoatmodjo.
Sacara resmi Universitas Semarang dibukak tanggal 9 Januari 1957. Ngèlingi umuré sing isih anom banget kanthi prasarana pendhidhikan sing isih kawates mula wektu kuwi nembé bisa dibukak institusi-institusi pendhidhikan Akademi Administrasi Negara kanthi Dekan pisanan Mr. Goenawan Goetomo, Akademi Tata Niaga kanthi Dekan pisanan Drs. Tjioe Sien Kiong, Akademi Teknik sing sabanjuré dadi Fakultas Teknik kanthi Dekan pisanan Prof. Ir. Soemarman.
Jroning upacara Dies Natalis katelu Universitas Semarang ing tanggal 9 Januari 1960 Presidhèn R.I. Dr. Ir. Soekarno ngganti jeneng Universitas Semarang dadi UNIVERSITAS DIPONEGORO, minangka pakurmatan marang Universitas Semarang saka prèstasiné jroning pembinaan bidang pendidikan tinggi ing Jawa Tengah. Universitas (swasta) Diponegoro dinyatakaké minangka Universitas Negri, kapétung wiwit tanggal 15 Oktober 1960. Tanggal iki sing sabanjuré ditetepaké minangka dina dadi Universitas Diponegoro. Ing wektu semana fakutas-fakutas sing wis madeg ya iku Fakultas Hukum lan Pengetahuan Masyarakat; Fakultas Ekonomi, Fakultas Teknik lan Fakultas Keguruan & Ilmu Pendidikan.
Fakultas [sunting]
Universitas Dipanegara nduwèni 10 fakultas:
- Fakultas Hukum
- Fakultas Ekonomika lan Bisinis
- Fakultas Kedhokteran
- Fakultas Tèknik
- Fakultas Èlmu Budaya[1]
- Fakultas Kesehatan Masarakat
- Fakultas Sains lan Matematika
- Fakultas Èlmu Sosial lan Èlmu Pulitik
- Fakultas Peternakan lan Pertanian
- Fakultas Perikanan lan Èlmu Kelautan
- Fakultas Psikologi
Lokasi [sunting]
Lokasi Universitas Diponegoro kasebar ing sawetara lokasi ing Kutha Semarang lan Jepara kanthi lemah sing jembaré 2.009.862 m2, dumadi saka 7 lokasi kampus lan 1 lokasi omah dines:
- Kampus Pleburan Semarang (Fakultas Non Eksakta, UPT Komputer, UPT Basa lan UPT MKU)
- Kampus Tembalang Semarang (Rektorat, Lembaga Penelitian, Lembaga Pengabdian pada Masyarakat, Lembaga Pengembangan Pendidikan, UPT Perpustakaan, UPT. Kemitraan dan Kewirausahaan, upt. Undip Press sarta Fakultas Eksakta)
- Kampus Jl. Dr. Soetomo lan Gunung Brintik Semarang (Fakultas Kedhokteran)
- Kampus Jl. Kalisari Semarang (Laboratorium Fakultas Teknik)
- Kampus Jl. Ade Irma Suryani Jepara (Lab. Fakultas Perikanan lan Èlmu Kelautan)
- Kampus Mlonggo Jepara (Fakultas Kedokteran)
- Kampus Teluk Awur Jepara (Fakultas Ilmu Kelautan: Lab. Kelautan, Ruang Kuliah, Asrama, Perpustakaan, Rumah Dinas, Ruang Fasilitas Selam)
- Perumahan Dinas Kagok Semarang
Cathetan sikil [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (id) Situs resmi Undip
- (id) Blog Hayamwuruk
- (id) Situs resmi Hayamwuruk