Universitas Indonésia
| Motto | Universitas Dengan Perspektif Internasional |
|---|---|
| Diadegaké | 1851 |
| Jinis | Universitas negeri kanthi status Badan Hukum Milik Negara |
| Rèktor | Prof. Dr. Gumilar Rusliwa Somantri |
| Dosèn | 1.982 |
| Mahasiswa | 34.921[1] |
| Sarjana | 13.146 |
| Pascasarjana | 6.295 |
| Doktoral | 907 |
| Mahasiswa profesional | 1.596 |
| Lokasi | Depok, Jawa Kulon, Indonesia |
| Telepon | +62 21 7270020 |
| Kampus | Urban |
| Werna | Kuning |
| Julukan | Jaket Kuning |
| Afiliasi | AUN, APRU |
| Situs wèb | http://www.ui.edu |
Universitas Indonesia utawa kerep dicekak kanthi sebutan UI kuwi salah siji pawiyatan luhur negri ing Indonesia minangka universitas paling tuwa ing Indonesia, sing resmi diadegaké taun 1946 kanthi jeneng "Universiteit van Indonesië".
Bab lan Paragraf |
[sunting] Kampus
[sunting] Salemba
Kampus Salemba dumunung ing tlatah dalan SalembaJakarta Pusat[2]. Fakultas sing ana ing kampus iki yakuwi Fakultas Kedhokteran, Kedokteran Gigi, lan sawetara program pascasarjana, program Ekstensi lan Magister Manajemen Fakultas Ekonomi, sarta laboratorium Fakultas Teknik.
[sunting] Depok
Kampus Depok, dumunung ing Depok, Jawa Kulon [3], dibangun ing tengahan taun 1980-an kanggo ngakomodasi modhèrnisasi universitas. Saiki, Kampus Depok dadi kampus utama Universitas Indonesia. Sebagéan gedhé fakultas UI (MIPA, Teknik, Psikologi, Hukum, Ekonomi, Ilmu Sosial lan Ilmu Politik, Ilmu Komputer, Kaséhatan Masarakat, Ilmu Keperawatan) dumunung ing kampus iki. Kampus Depok diliwati déning rèl sepur Jakarta-Bogor saéngga para mahasiswa éntuk fasilitas transportasi umum.
[sunting] Fakultas
Program studi ing UI dikelola déning 12 fakultas lan 1 program pascasarjana
[sunting] Kedhokteran
Kampus FKUI dumunung ing Salemba kang jembaré 16.209 m2. Wektu iki, FKUI dipimpin déning dr. H. Menaldi Rasmin, Sp.P(K).,FCCP. FKUI nduwèni lima program pendhidhikan, yakuwi Program Diploma, Program Sarjana, Program Pendhidhikan Dokter Spesialis, Program Magister, lan Program Doktor. FKUI minangka fakultas kedhokteran paling tuwa ing Indonesia.
[sunting] Kedokteran Gigi
FKG UI madeg ing taun 1961, kanthi 71 mahasiswa minangka angkatan sepisanan. Fakultas iki dirintis amarga anané rasa prihatin bab kondhisi kedhokteran gigi ing Indonesia. Nalika semana, perbandingan antara dhokter gigi lan pedunung isih njomplang banget, yakuwi 1 : 200.000, saliyané kuwi, lulusan dhokter gigi uga mung asal saka rong fakultas (FKG Unair lan FKG UGM) kanthi gunggung lulusan sing sethithik banget, ora tau luwih saka 35 wong. Fakultas Kedokteran Gigi UI (FKG) mbawahi 8 departemen, yaiku:
- Departemen Bedah Mulut,
- Departemen Penyakit Mulut,
- Departemen Konservasi Gigi,
- Departemen Periodontologi,
- Departemen Prostodonsia,
- Departemen Orhtodonsia,
- Departemen Radiologi Ked.Gigi,
- Departemen Dental Material Ked.Gigi.
FKG UI saat ini dipimpin oleh Prof. Bambang Irawan, drg,Ph.D.
[sunting] MIPA
Fakultas MIPA madeg taun 1950-an, minangka bagéan saka UI cabang Bandung. Ing taun 1959, cabang UI ing Bandung pisah lan mbangun Institut Teknologi Bandung (ITB). Minangka gantiné, FMIPA ing Bandung, Menteri Pendidikan, Pengajaran, lan Kabudayan RI kanthi SK nomor: 108094/UU tanggal 21 Desember 1960 ngadegaké fakultas sajinis kanggo UI Jakarta, yaitu Fakultas Ilmu Pasti lan Ilmu Alam (FIPIA)
[sunting] Hukum
Wiwitané, Fakultas Hukum diadegaké déning Pamaréntah Kolonial Walanda kanggo nyithak tenaga hukum Indonesia sajabané pengadilan, amarga bab hukum liwat pengadilan kudu migunakaké tenaga hukum saka Walanda. Ing taun 1924 dibentuk sekolah hukum kanthi jeneng Rechthogeschool dumadi saka rong bidhang studi, yakuwi ilmu hukum lan ilmu kemasyarakatan.
Rechthogeschool sabanjuré digabung karo Universitas Indonesia ing taun 1955 sing banjur owah dadi Fakultas Hukum lan Ilmu Kamasarakatan. Taun 1968, Ilmu Kamasarakatan dipisah saka Fakultas Hukum lan dibentuk dadi fakultas anyar kanthi jeneng Fakultas Ilmu Kamasarakatan (FISIP).
[sunting] Program pendihdhikan
1. Program Pendidikan Jenjang S1, dumadi saka:
- Program Sarjana Hukum Regulèr
- Program Sarjana Hukum kelas Ekstensi
2. Program Pasca Sarjana, dumadi saka:
- Jenjang S2 Program Magister Ilmu Hukum kanthi paminatan:
- Magister Ilmu Hukum Pidana ( Criminal Law )
- Magister Ilmu Hukum Ekonomi (Economic Law )
- Magister Ilmu Hukum Islam ( Islamic Law )
- Magister Ilmu Hukum Negara (Constitutional Law )
- Jenjang S2 Program Profesi Kenotariatan.
- Jenjang S3 Program Doktor Ilmu Hukum
Ing Fakultas Hukum Universitas Indonesia ana 7 (pitu) program kakhususan (PK) minangka penjurusan utawa kaahlian sacara spesifik sing bisa dipilih déning mahasiswa, yakuwi:
- hukum perdata
- hukum pidana
- hukum acara
- hukum ekonomi
- hukum tata negara dan hukum administrasi negara
- hukum internasional
- hukum dan masyarakat
[sunting] Ekonomi
Fakultas Ekonomi UI (FEUI) utawa dikenal minangka Fakultas Ekonomi lan Bisnis, mbawahi 3 departemèn, yakuwi departemen manajemen, departemen akuntansi, lan departemen ilmu ekonomi.
FEUI madeg tanggal 18 September 1950 dumunung ing Kampus UI Depok. Kalairan fakultas iki diwiwiti nalika Jurusan Sosial Ekonomi Fakultas Hukum Universitas Indonesia (FHUI) misahaké dhiri lan milih madeg dhéwé kanthi mbentuk fakultas anyar, yakuwi Fakultas Ekonomi. Bebarengan karo kuwi mahasiswa Akademi Nasional sing uga ngaji bab ilmu ekonomi gabung marang fakultas anyar kasebut.
[sunting] Program pendhidhikan
Ilmu Ekonomi
- Program Pasca Sarjana - Strata 3
- Program Pasca Sarjana - Strata 2
- Program Magister Perencanaan lan Kawicaksanan Publik
- Program Sarjana - Strata 1
- Program Hibah B
Manajemen
- Program Pasca Sarjana - Strata 3
- Program Pasca Sarjana - Strata 2
- Program Magister Manajemen
- Program Sarjana - Strata 1
- Program Ekstensi - Strata 1
Akuntansi
- Program Pasca Sarjana Ilmu Akuntansi - S3
- Program Pasca Sarjana Ilmu Akuntansi - S2
- Program Magister Akuntansi
- Program Sarjana - Strata 1
- Program Ekstensi - Strata 1
[sunting] Lagu
Ing ngisor iki lirik lagu wajib ing Universitas Indonesia. Lagu-lagu iki biasa ditembangaké ing acara-acara resmi universitas, panyambutan mahasiswa anyar (maba), lan wisuda.
|
Hymne Almamater |
Genderang Universitas Indonesia Universitas Indonesia perlambang cita |