Suran Mbah Demang

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Suran Mbah Demang inggih punika salah satunggaling upacara tradhisi ing wewengkon Dhusun Modinan, Kalurahan Banyuradèn, Kapanéwon Gamping, Kabupatèn Sleman, Ngaygyakarta.[1] Upacara adat ingkang sampun lumampah atusan taun punika, kasunyatanipun taksih tetep narik kawigatosanipun para sanak kadang saking tlatah pundi kémawon.[2][3]

Sujarah[besut | besut sumber]

Ki Demang Cakradikrama[besut | besut sumber]

Ki Demang Cakradikrama punika satunggaling demang ingkang gentur tapanipun (agung budinipun), perbawa ingkang inggil, dipun kurmati déning kulawarga lan bebrayan sakiwa tengenipun. Salah satunggaling wujud lampah keprigelan ingkang dipun tindakaken inggih punika siram naming setaun sepisan, saben tanggal 7 Sura wanci tengah dalu.[4][5] Sisa toya siram Ki Demang dipendhet putra-wayah lan sanak-sedhèrèk kanggé nyuwun berkah. Ngantos sapunika tradhisi taksih ajeg dipun lestantumaken lan kathah warga masarakat ingkang dhèrèk ndedonga nyuwun restu kanthi mendhet toya saka sumber ingkang kanggé siram Ki Demang Cakradikrama. Ki Demang puniiku putranipun Bekel Cakrajaya. Ki Demang nama alitipun Asrah lan kondhang sanget nakal. Déning bapakipun, Asrah dipun pasrahaken dhateng Demang Dowangan, ingkang maringi jejibahan angon kambangan lan pados kajeng satunggal iket saben dinten. Rikala kondur, Asrah tapa wonten ing dalemipun tukang cuci ngantos sewulan. Rikala tapanipun sampun dumugi setunggal wulan, kathah ingkang mastani Asrah sampun séda ing pertapan. Lajeng tutukipun Asrah dipun tètèsi pathi cair, lan pathi cair kasebat dipun unjuk déning Asrah, lan nyatanipun Asrah panci taksih gesang.Wonten ing padhépokan, Asrah nyumpena kepanggih tiyang kalih nganggé busana kaji lan tiyang kasebat maringi buku alit. Sasampunipun cekap semadi, Asrah madosi buku kasebat lan tinemu ing lèpèn Bedhog. Asrah dados tiyang ingkang kuwasa, saged nyabrang kali Bedhog ingkang kebanjiran, malah saged numpes para durjana ingkang asring ngrisak kebon Walandi.[6][7]

Wiwitanipun saking sayembara ing tlatah Dowangan kanggé mbasmi kadurjanan ing sakiwa tengenipun Kali Bedhog lan Kali Bayem lan ingkang menang dados mandhor kebon.[8] Asrah rumaos tertantang senajan kathah tiyangng ingkang mangu-mangu. Amargi kasil, Asrah dipun angkat dados mandhor perkebunan. Ing mangsa rendheng dangu, kathah kebon tebu ing wewengkon Demak Ijo dados garing. Saking panyuwunan ingkang kagungan pabrik géndhis ing sayembara, Asrah ngawontenaken pagelaran ringgit wacucal ing tengah sabin lan nyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa supados maringi toya kanggé para tani ingkang keluwèn lan mimpang sayembara. Nalika jejer “gara-gara” jawah deres tigang dinten tigang dalu, satemah tlatah-tlatah ingkang waunipun garing dados kathah toyanipun, lan taneman tebu thukul malih. Pungkasanipun Asrah dipun angkat dados demang pabrik ingkang ngawasi kebon pabrik gendhis ing wewengkon Demakijo.[9][10]

Sasampunipun dados demang, Asrah gantos nami Cakradikrama, naminipun Ki Demang Cakradikrama.[11] Sedaya kasilipun Ki Demang punika amargi tumindakipun ingkang nggatosaken, inggih punika boten dhahar sarem, lan saben sonten nindakaken semedi bisu ing sakiwa tengen griyanipun. Kajawi punika Ki Demang ugi siram setaun sepisan, inggih punika saben dalu sadèrèngipun tanggal 8 Sura ing sumur wingking griyanipun.

Ki Demang kondhang minangka tiyang ingkang tansah ngutamakaken kepentingane tiyang sanès, lan tansah nyedhiyakaken dhaharan kanggé tamu ingkang rawuh wonten dalemipun. Tradhisi paring dhaharan puniki lajeng dipun lestantunaken déning turun temurun ingkang dados tradhisi kendhi ijo ingkang isinipun sekul gurih mawi lawuhipun ingkang awujud ketan tholo lan gudhangan ingkang dipun wungkus nganggé klaras utawi ron pisang. Kajawi punika Ki Demang ugi paring pitedah dhateng anak-putunipun, “Luwih becik iku mènèhi tinimbang diwènèhi”, “Tangan kuwi becik mengkurep timbang mlumah”, “Sapa kang muwuhi bakal ditambahi, lan kang nyuruni bakal disuda” kanggé maringi raos pangayoman dhateng tiyang-tiyang ing sakiwa tengenipun.[12]

Lumampahing Acara[besut | besut sumber]

Kados naminipun, Suran Mbah Demang dipun wontenaken ing wulan Sura. Wulan Sura minangka rembulan énggal ing pananggalan Jawi. Suran Mbah Demang dipun wiwiti ing wanci siyang, tanggal 7 Sura saben taun kanthi mbagèkaken Kendhi Ijem marang para rawuh sasampunipun siyang tanggal 7 Sura ing sakiwa tengenipun pendhapi Mbah Demang.[13] Acara lajeng maos tahlil ing pendhapi lan sesajèn ing pesareyan Mbah Demang ing wanci siyang. Prosèsi inti dipun wiwiti ing wanci dalu watawis jam 21.00 WIB kanthi karnaval kawiwitan saking Padhepokan Patran Éyang Ki Juru Permana, juru nujum karaton Mataram, dhatengng Balé Mbah Demang. Antawisipun pusaka kasebat inggih punika Kyai Blencong, Bendhé, tumbak lan Serat Ambiya ugi poto Mbah Demang Cakradikrama lan poto Éyang Ki Juru Permana Patran Barisan kirab pusaka dumadi saking barisan cucuk lampah, sesepuh trah Jodhang sesaji, gunungan, sabregada prajurit padhépokan patran lan kagunan salawatan. Sasampunipun karnaval, watawis jam 23.00 WIB, prosèsi kalajengaken Shalawatan ing pendhapi lan Srokal (siram Jamas Trah Mbah Demang) wonyen ing sumur petilasan Mbah Demang.[8][14] Sasampunipun siraman trah rampung, lajeng gantosan para rawuh sami rebat biyada saperlu badhe pados toya suci amargi kepéngin pikantuk katentreman ing panggesanganipun lan katentreman ing kaluwarganipun.[15]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. Anwar, Akhirul (2011-12-02). "Suran Mbah Demang Karegengaken Pagelarang Ringgit Tigang Dhalang (saking basa Indhonésia)". Solopos. Dibukak ing 2023-03-02.
  2. Kundha Kabudayan, Admin (2016-10-09). "Lestantunaken Jasa Mbak Demang Cakradikrama (saking basa Indhonésia)". Dinas Kebudayaan. Dibukak ing 2023-03-02.
  3. Purwadi (2005). Upacara Tradisional Jawa Menggali Untaian Kearifan Lokal. Yogyakarta: Pustaka Pelajar.
  4. Wibisana, Kunta (2010-12-11). "Bebrayan Banyuradèn Sleman Gelar Upacara Adat Mbah Demang (saking basa Indhonésia)". Antara. Dibukak ing 2023-03-02.
  5. Fauzi, Maskun (2008). Upacara Tradisi Suran Mbah Demang di Desa Banyuraden, Gamping, Sleman, daerah Istimewa Yogyakarta. Yogyakarta: UIN Sunan Kalijaga. kc. 3.
  6. Gudheg, Admin. "Suran Mbah Demang Modinan". Gudeg.net. Dibukak ing 2023-03-02.
  7. Jogja, Radar (2016-10-10). "Ngèngeti Lampahipun Ki Demang Cakradikrama (saking basa Indhonésia)". Jawa Pos. Dibukak ing 2023-03-02.
  8. a b Dèkhi, Sleman (2019-11-04). "Upacara Adat Suran Mbah Demang". Dinas Kebudayaan Kabupatèn Sleman. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2022-03-02.
  9. WBTB, Admin (2016-01-01). "Warisan Budaya Suran Mbah Demang". Kementrian Pendidikan dan Kebudayaan. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
  10. H Kusma, Jatmika (2022-08-05). "Ewonan Bebrayan Ngrawuhi Tradhisi Budaya Suran Mbah Demang (saking basa Indhonésia)". Cendana News. Diarsip saka sing asli ing 2023-03-02. Dibukak ing 2023-03-02.
  11. Zakaria, Anang (2010-12-14). "Ritual Suran Banyuradèn Nuladhani Ki Demang (saking basa Indhonésia)". Tempo. Dibukak ing 2023-03-02.
  12. Widada, dkk (2001). Kamus Basa Jawa. Yogyakarta: Kanisius.
  13. Rachmasari, Ayuningtyas (2018-09-18). "1700 Tiyang Ngregengaken Suran Mbah Demang (saking basa Indhonésia)". KR Jogja. Dibukak ing 2023-03-02.
  14. Darori, Amin (2000). Islam dan Kebudayaan Lokal. Yogyakarta: Gama Media.
  15. Hersapandi, dkk (2005). Suran Antara Kuasa dan Ekspresi Seni. Yogyakarta: Pustaka Marwa.

Pranala Jaba[besut | besut sumber]