Sura

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa

Sura utawa sajeroning kalèndher Hijriah karan Muharam iku sasi pisanan ing Kalèndher Jawa. Tumraping wong Jawa, sasi iki dianggep wigati banget amarga dadi sasi kang pisanan. Ing sasi Sura iki sawatara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[1]. Mliginé ing dina wiwitan ya iku Siji Sura, sawatara masarakat ana kang ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, sagara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Déné golongan masarakat liyané ana kang nanggap lan nonton wayang kulit lan ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[2]. Ing kapercayan Jawa isih akèh kang percaya ora gelem nganakaké pahargyan wigati kaya déné mantu (palakrama) ing sasi Sura.

Umur sasi[besut | besut sumber]

Umur utawa cacahing dina ing kalèndher Jawa iku saben taun ora ajeg. Nanging kanggo sasi Sura cacahing dina ana ing taun 1 /kapisan (Alip), 2 /kapindho (Éhé), 3 /katelu (Jimawal), 4 /kapapat (Jé), 5 /kalima (Dal), 6 /kaenem (Bê), 7 /kapitu (Wawu) utawa 8 /kawolu (Jimakir) tetep padha, ya iku 30 dina. Kanggo luwih cethané, umur utawa cacahing dina ing sasi kalèndher Jawa bisa mirsani tabel ing ngisor iki:

Uga delengen[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]

  1. "Joglosemar:Javanese Calendar and its Significance to Mystical Life". Diarsip saka sing asli ing 2017-09-24. Dibukak ing 2008-03-30.
  2. "Ritual pèngetan Siji Sura ing sawetara panggonan". Diarsip saka sing asli ing 2010-03-28. Dibukak ing 2008-03-30.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Sasi jroning kalèndher hijriyah

MuharramSafarRabiul awalRabiul akhirJumadil awalJumadil akhirRajabSya'banRamadhanSyawalDzulkaidahDzulhijjah