Prajurit

Saka Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawa / Saking Wikipédia, Bauwarna Mardika abasa Jawi
Langsung menyang: pandhu arah, pados
Indonesia Army soldiers.jpg
Prajurit Indonesia

Prajurit utawa kerep diarani serdadu utawa tentara (Basa Inggris: Soldier, Basa Walanda: Soldaat) ngarujuk marang anggota angkatan perang sawijining bangsa; déné, prajurit sing dibayar kanggo ngabdi marang angkatan perang liya diarani prajurit bayaran ( mercenary).[1] Jroning basa-basa liya prajurit nyakup perwira, bintara lan tamtama ing Angkatan Dharat sawijining negara.

Tembung asal saka Romawi iki dirujuk déning akèh basa ing donya kayata Basa Prancis: soldat lan solde, Basa Jerman: Soldat lan Sold, Basa Swedia Soldat lan Sold sing maknané bayaran marang prajurit, Basa Romania Soldat, Basa Spanyol: soldado lan soldada utawa sueldo, Basa Portugis : soldado lan soldo, Basa Walanda: soldaat lan soldij, Basa Italia: soldato lan soldo, Basa Arab "جندي" (Jondi), utawa "مجنّد" (mojannad), utawa "عسكري" (askari) jroning dialèk Basa Libanon lan uga Basa Sudan lan Basa Turki asker.

Prajurit Indonesia[sunting | sunting sumber]

Ing Indonesia, prajurit iku sawijining warga negara Indonesia kang nyukupi syarat kasebut jroning undhang-undhang lan diangkat déning pejabat kang nduwèni wewenang, kanggo ngabdi jroning dinas kaprajuritan. Prajurit dumadi saka Prajurit Sukarela lan Prajurit Wajib. Prajurit Sukarela lan Prajurit Wajib, loro-loroné ngayahi dinas kaprajuritan kanthi ikatan dinas.

Sifat prajurit[sunting | sunting sumber]

Prajurit kudu nduwèni sifat-sifat ing ngisor iki:

Pamérangan[sunting | sunting sumber]

Prajurit diklompokaké jroning golongan kapangkatan perwira, bintara, lan tamtama. Saben prajurit diwènèhi pangkat minangka keabsahan wewenang lan tanggung jawab hirarki kaprajuritan. Pangkat prajurit mau miturut sifaté bisa dibedakaké ana telu, yakuwi:

  1. pangkat efektif, diwènèhké marang prajurit sajroning ngayahi dinas kaprajuritan lan ngandhut akibat administrasi kang jangkep;
  2. pangkat lokal, diwènèhké kanggo sauntara wektu marang prajurit kang ngayahi tugas lan jabatan khusus kang sifaté sauntara wektu, sarta merlokaké pangkat kang luwih dhuwur saka pangkat kang didarbèni, kanggo keabsahan pelaksanaan tugas jabatan kasebut nanging ora ngandhut akibat administrasi; lan
  3. pangkat tituler, diwènèhaké kangggo sauntara wektu marang warga negara kang diperlokaké lan sanggup ngayahi tugas jabatan kaprajuritan tinamtu jroning TNI. Pangkat iki mung dianggo samangsa isih mengku jabatan kaprajuritan kasebut, sarta ngandhut akibat administrasi sawetara (terbatas).

Pengangkatan[sunting | sunting sumber]

Persyaratan umum[sunting | sunting sumber]

Persyaratan umum kanggo dadi prajurit yakuwi: a. warga negara Indonesia; b. iman lan bertakwa marang Pangéran kang Maha Tunggal; c. setia marang Negara Kesatuan Republik Indonesia kang adhedhasar Pancasila lan Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia Taun 1945; d. wektu dilantik dadi prajurit umur paling sithik 18 taun; e. ora nduwèni cathetan kriminalitas kang dinyatakaké sacara tinulis déning Kepolisian Republik Indonesia; f. sehat jasmani lan rohani; g. ora pinuju kèlangan hak dadi prajurit adhedhasar putusan pengadilan kang wis duwé kekuwatan hukum tetep; h. lulus pendidikan pisanan kanggo gawé prajurit siswa dadi anggota TNI; lan

Pendidikan[sunting | sunting sumber]

Pendidikan kanggo kanggo pangangkatan prajurit awujud pendidikan perwira, bintara, lan tamtama. Kanggo golongan Perwira disiapaké rong jalur, yakuwi pendidikan pisanan kanggo perwira kang asalé langsung saka masyarakat lan kanggo kang asalé saka prajurit golongan bintara. Tumrap kang asal saka masyarakat dibentuk liwat pendidikan ing Akademi TNI, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas; lan liwat jalur Sekolah Perwira, kanthi sumber saka lulusan Sekolah Lanjutan Tingkat Atas utawa Pawiyatan Luhur. Déné Pendidikan pembentukan perwira kang asalé saka prajurit golongan bintara, disiapaké liwat jalur Sekolah Calon Perwira. Kanggo golongan bintara dibentuk liwat pendidikan pisanan bintara kang asal langsung saka masyarakat; lan pendidikan pembentukan bintara kang asal saka prajurit golongan tamtama. Golongan Tamtama dibentuk liwat pendidikan pisanan tamtama kang langsung saka masyarakat.

Pangangkatan[sunting | sunting sumber]

Prajurit Perwira diangkat déning Presidhèn saka usul Panglima, Bintara lan tamtama diangkat déning Panglima. Para prajurit kang diangkat mau kudu ngucapaké Sumpah Prajurit. Kanggo golongan Perwira, saliyané ngucapaké Sumpah Prajurit, uga kudu ngucapaké Sumpah Perwira. Saliyané ngucapaké sumpah, para prajurit kudu ngugemi Kodhe Etik Prajurit lan kanggo golongan Perwira kudu ngugemi Kodhe Etik Prajurit lan Kodhe Etik Perwira. Miturut Undhang-undhang TNI, prajurit ora kena mèlu-mèlu:

  • kagiatan dadi anggota partai politik;
  • kagiatan politik praktis;
  • kagiatan bisnis; lan
  • dipilih dadi anggota legislatif jroning pemilihan umum lan jabatan politis liyané.

Hak Prajurit[sunting | sunting sumber]

  1. Saben prajurit migunakaké klambi seragam, atribut, perlengkapan, lan peralatan militer miturut tuntutan tugasé.
  2. Saben prajurit olèh kasempatan kanggo ngembangaké kamampuan liwat pendidikan lan penugasan, kanthi migatèkaké kapentingan TNI sarta syarat yang wis ditentokaké.
  3. Saben prajurit olèh kasempatan nampa munggah pangkat lan jabatan adhedhasar prestasiné.
  4. Prajurit kang nampa tugas kanthi ngurbanaké jiwa lan raga sacara langsung lan nduwèni jasa ngluwihi tuntutan tugasé, bisa nampa munggah pangkat luar biasa.
  5. Saben prajurit TNI nduwé hak nampa pengasilan kang layak lan dibiayai kabèh saka anggaran pertahanan negara kang sumberé saka anggaran pendapatan lan blanja negara.
  1. Prajurit lan prajurit siswa nampa kabutuhan dhasar prajurit antara liya:

a. perlengkapan perseorangan lan b. klambi seragam dinas.

  1. Prajurit lan prajurit siswa nampa rawatan lan layanan kedinasan, antara liya:

a. pengasilan kang layak; b. tunjangan keluarga; c. perumahan/asrama/mess; d. rawatan kasehatan; e. pembinaan mental lan pelayanan keagamaan; f. bantuan hukum; g. asuransi kasehatan lan jiwa; h. tunjangan hari tua; lan i. asuransi penugasan operasi militer.

  1. Keluarga prajurit nampa rawatan kedinasan, antara liya:

a. rawatan kasehatan; b. pembinaan mental lan pelayanan keagamaan; c. bantuan hukum.

  1. Pengasilan layak kanggo para prajurit aktif ditampa saben sasi awujud:

a. gaji pokok prajurit; b. tunjangan keluarga; c. tunjangan operasi; d. tunjangan jabatan; e. tunjangan khusus; lan f. lauk pauk utawa natura.

  1. Prajurit kang dipungkasi tugasé kanthi pakurmatan nampa rawatan lan layanan purnadinas, arupa pensiun, tunjangan bersifat pensiun, tunjangan utawa pesangon lan rawatan kasehatan.
  2. Prajurit lan prajurit siswa nduwé hak nampa tandha jasa kanegaraan adhedhasar prestasi lan jasa-jasané marang negara.

Mungkasi tugas[sunting | sunting sumber]

Prajurit ngayahi dinas keprajuritan nganti umur paling dhuwur 58 taun kanggoné perwira, lan 53 taun kanggo bintara lan tamtama. Prajurit dipungkasi dinasé kanthi pakurmatan amarga salah siji saka sebab-sebab: adhedhasar panjaluké dhéwé; wis entèk mangsa ikatan dinas; wis mangsa pensiun; ora nyukupi syarat jasmani utawa rohani; gugur, tewas, utawa tilar donya; alih status dadi pegawai negeri sipil; mengku jabatan kang miturut peraturan perundang-undangan, ora bisa diwengku déning sawijining prajurit aktif; lan adhedhasar pertimbangan khusus kanggo kapentingan dinas. Prajurit dipungkasi dinasé tanpa pakurmatan amarga nduwé tabiat utawa tindak tanduk kang ngrugèkaké disiplin kaprajuritan utawa TNI.

Rujukan[sunting | sunting sumber]

  1. ^ "mercenary." The American Heritage® Dictionary of the English Language, Fourth Edition. Houghton Mifflin Company, 2004. 16 May. 2009. <Dictionary.com http://dictionary1.classic.reference.com/browse/mercenary>.

Sumber[sunting | sunting sumber]

  • Undhang undhang TNI
Sumber artikel punika saking kaca situs web: "http://jv.wikipedia.org/w/index.php?title=Prajurit&oldid=813635"