Ramadan
|
Ramadhan (ejaan KBBI: Ramadan, jroning basa Arab:رمضان) iku sasi kasanga ing penanggalan Hijriyah (sistem penanggalan agama Islam). Sadawaning sasi iki pemeluk agama Islam ngayahi aktivitas kaagamaan klebu pasa, shalat tarawih, pèngetan tumuruning Al-Quran, ngupadi wengi Laylatul Qadar, akèh maca Al-Quran, mungkasi kanthi mbayar zakat fitrah lan prayaan Idul Fitri utawa adat silaturahmi.
Bab lan Paragraf |
Etimologi [sunting]
Ramadhan asal saka tembung ر م ﺿ , sing maknané panas banget, utawa garing, mligi tumrap lemah. Bangsa BabyloniaBabylonia sing budayané naté dominan ing tlatah lor Jazirah Arab migunakaké luni-solar calendar (pétungan taun adhedhasar rembulan lan srengéngé sekaligus). Wulan ka sanga tansah tiba ing mangsa panas sing nylekit. Wiwit ésuk nganti soré watu-watu gunung lan pasir segara wedhi kapanggang déning panasing srengéngé sing wayah awané luwih dawa tinimbang bengi. Saka tembung kasebut Ramadhan banjur dipigunakaké kanggo nandhani anané sènsasi panas nalika wong ngrasa ngelak. Panemu liya mratélakaké yèn tembung Ramadhan dipigunakaké amarga ing sasi kasebut dosa-dosa dibusak déning tumindak apik kayadéné srengéngé ngobong lemah. Ramadan jroning basa arab tegesé wong lara mata arep wuta. Luwih jero manèh bab iku dikiasaké nganggo mumpangaté momèn Ramadhan déning para ummat IslamIslam kanggo nyuwèraké, nata manèh lan nganyari kakuwatan fisik, spiritual lan tinak tanduk, kayadéné panas sing bisa nyuwèraké materi.[1]
Pasa Ramadhan [sunting]
Sajroning sasi Ramadhan, ummat Islam ngayahi ibadah pasa saben dina nganti tekané dina riyaya Idul FitriIdul Fitri. Ibadah pasa Ramadhan iki ukumé wajib tumrap ummat IslamIslam. Miturut sabda Rasulullah Muhammad s.a.w : Yèn pinuju pasa aja micara ngenani perkara sing ala lan reged. Yèn diina utawa diajak padu déning wong liya, ngomonga yèn dina iki pinuju pasa. [Bukhari-Muslim]
Hikmah Pasa [sunting]
Ibadah pasa utawa shaum Ramadhan kang diwajibaké Gusti Allah marang kabèh mukmin yakuwi ibadah kang ditujokaké kanggo ngawula marang Gusti Allah kaya kang kababar ing QS. Al-Baqarah/2: 183. Hikmah ibadah shaum iku dhéwé yakuwi nglatih manungsa kanggo sabar jroning nglakoni urip. Maksudé sabar kang kapacak ing Al-Qur'an yakuwi ‘gigih lan ulet’ kaya kang dimaksudaké jroning QS. Ali ‘Imran/3: 146.
Syarat sah pasa [sunting]
- Islam (ora murtad)
- Mummayiz (bisa mbédakaké kang ala lan becik)
- Suci saka haid lan nifas
- Ngerti wektu ditampané pasa
Rukun pasa [sunting]
- Niat
- Ninggalaké kabèh kang mbatalaké paasa wiwit fajar nganti srengéngé angslup.
Bab sing mbatalaké pasa [sunting]
- Sengaja mangan lan ngombé ing wayah awan. Yèn lali mangan lan ngombé ing wayah rina, ora mbatalaké pasané.
- Sengaja supaya muntah-muntah, yèn ora sengaja ora mbatalaké pasané.
- Ora niat pasa (tanpa niat).
- Kanthi sengaja ngayahi hubungan saresmi ing wayah rina.
- Mènstruasi ing wayah rina ( sadurungé Maghrib ).
Shalat tarawih [sunting]
Ing wayah wengi, yaiku sawisé shalat Isya, ummat Islam nerusaké ibadah kanthi ngayahi shalat Tarawih. Shalat iki mligi mung diayahi ing sasi Ramadhan. Shalat tarawih, senadyan bisa diayahi sacara indhividhu, nanging umumé diayahi sacara jama'ah ing masjid-masjid. Kadhangkala sadurungé miwiti shalat tarawih dianakaké ceramah cekak kanggo ngisi lan nguwataké ruhani para jama'ah jroning ngayahi ibadah kasebut.
Tumuruning Al-Quran [sunting]
Ing sasi Ramadhan iki, yaiku ing tanggal 17 Ramadhan, (ana prabédan panemu para ulama ngenani tanggal sing mesthi tumuruning Al-Quran sing sapisanan[2]) dipèngeti minangka dina tumuruning ayat Al-Quran (Nuzulul Qur'an) kanggo sing sapisanan déning sebagéyan muslim. Ing prastawa kasebut surat Al Alaq ayat 1 nganti 5 diudhunaké nalika Nabi Muhammad SAW pinuju ana ing sajeroning Gua Hira. Pèngetan prastawa iki biasané diayahi kanthi acara ceramah ing masjid-masjid. Ananging pèngetan iki di anggep [bid'ah], amarga Rasulullah ora ngajaraké. Wiwitan nganakaké pèngetan iki ing Indonesia nalika Presidhèn Soekarno antuk pamrayoga saka [Hamka] kanggo mèngeti saben [Nuzulul Qur'an], amarga magepokan karo tanggal Kamardikan Indonésia, minangka rasa Syukur marang kamardikan [Indonésia].
Lailatul Qadar [sunting]
Lailatul Qadar (wengi katetepan), iku sawijining wengi sing kedadéyan ing sasi Ramadhan. Wengi iki dipratélakaké jrning Al-Quran yaiku ing surat Al-Qadar, luwih becik tinimbang su wulan. Wektu sing mesthi dumadiné wengi iki ora diweruhi nanging miturut sawetara riwayat, wengi iki tiba ing 1010 wengi pungkasan sasi Ramadhan, persisé ing salah siji wengi ganjil yakuwi wengi ka-21, 2323, 2525, 2727 utawa ka-2929. Sebagéyan muslim biasané ngupaya ora ngliwataké wengi iki kanthi njaga dhiri tetep melèk ing wengi-wengi pungkasan Ramadhan sinambi ngibadah sadawaning wengi.[3]
Rujukan [sunting]
Pranala jaba [sunting]
- (id) Diet Selama Bulan Ramadhan
- (id) Kajian-kajian Khusus Seputar Ramadhan
- (en) Fairy Mahdzan, the Spirit of Ramadan at the Pasar Malam
- (en) Visibility of Ramadan Crescent (1428 H)
- (en) Visibility of Ramadan Crescent (1429 H)
Rungokna [sunting]
| Sasi jroning kalèndher hijriyah | |
|---|---|
|
Muharram – Safar – Rabiul awal – Rabiul akhir – Jumadil awal – Jumadil akhir – Rajab – Sya'ban – Ramadhan – Syawal – Dzulkaidah – Dzulhijjah |
|